Wibawa Kelas X.pdf

  • Uploaded by: Diah Lusita
  • 0
  • 0
  • January 2021
  • PDF

This document was uploaded by user and they confirmed that they have the permission to share it. If you are author or own the copyright of this book, please report to us by using this DMCA report form. Report DMCA


Overview

Download & View Wibawa Kelas X.pdf as PDF for free.

More details

  • Words: 21,419
  • Pages: 102
Loading documents preview...
WIBAWA WIYATA BASA JAWA

KELAS X

PEMERINTAH DAERAH D. I. YOGYAKARTA DINAS PENDIDIKAN, PEMUDA DAN OLAHRAGA 2015

Wiyata Basa Jawa Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK D.I.

Pangripta

Triwik Damarjati, S.S, M.Pd. Sinar Indra, S.Pd. Editor

Setya Amrih Prasaja, S.S. Umi Kuntari, S.S. Layout

Slamet Nugroho, S.Pd. Abdul Afif Rosyidi, S.Pd.

Dinas Pendidikan, Pemuda, dan Olah Raga Daerah Istimewa Yogyakarta 2015

PRAWACANA

Puji syukur kaaturaken dhumateng Gusti Allah SWT ingkang sampun

paring pepajar, satemah saged kalampahan katerbitaken buku Wibawa

(Wiyata Basa Jawa) jilid I SMA, MA, saha SMK kelas X ingkang kaserat

dening Tim Penyusun Buku Ajar Basa Jawa saking MGMP Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta.

Isining buku punika

kaselarasaken dening Kurikulum 2006 saha Kurikulum 2013, ing pangajab sedaya sekolah saged ngginakaken.

Jumbuh kaliyan kabetahan, bilih wulangan basa Jawa sampun

katetepaken minangka Muatan Lokal Wajib tumrap sadaya pawiyatan ing

Daerah Istimewa Yogyakarta, pramila buku punika kaajab saged njangkepi kabatehaning guru saha siswa ing laladan Daerah Istimewa Yogyakarta.

Dinas Pendidikan, Pemuda, dan Olah Raga Daerah Istimewa

Yogyakarta ngaturaken agenging panuwun dhumateng Tim Pangripta, mugi-mugi buku punika mupangati.

Ngayogyakarta, Desember 2015 Kepala Dinas Pendidikan, Pemuda, dan Olah Raga Daerah Istimewa Yogyakarta Drs. R. Kadarmanta Baskara Aji NIP. 19630225 199003 1 010

PURWAKA Awit saking kajurunging manah, MGMP Bahasa Jawa Daerah Istimewa Yogyakarta

cumanthaka ndhèrèk cawé – cawé urun rembag babagan pamarsudining basa, sastra, tuwin aksara Jawa, kanthi ngedalaken bahan ajar bahasa Jawa.

Bahan ajar bahasa Jawa punika namung kanggé mbiyantu para siswa anggènipun sami

sinau basa Jawa, lan sapérangan bahan ajar bahasa Jawa punika kaserat mawi aksara Jawa gagrag Sriwedarèn 1926, wondéné tata gelar panulising latin basa Jawa kajumbuhaken kaliyan Ejaan basa Jawa aksara Latin wedalan Balai Pustaka Yogyakarta edisi revisi taun 2006.

Bok bilih ing mangké pinanggih samukawis bab taksih rinaos kirang jangkep menggahing

materi gegayutan kaliyan kurikulum ingkang lumampah, awit saking punika panyaruwé para winasis lan para pamaos tansah kula antu – antu.

Ing wasana mugi – mugi modul punika wonten ginanipun tumrap para kadang dwija

langkung – langkung tumrap para siswa.

Tim Penyusun Bahan Ajar Bahasa Jawa MGMP Bahasa Jawa SMA/SMK/MA D.I. Yogyakarta

PURWAKA

Awit saking kajurunging manah, MGMP Bahasa Jawa Daerah Istimewa Yogyakarta

cumanthaka ndhèrèk cawé – cawé urun rembag babagan pamarsudining basa, sastra, tuwin aksara Jawa, kanthi ngedalaken bahan ajar bahasa Jawa.

Bahan ajar bahasa Jawa punika namung kanggé mbiyantu para siswa anggènipun sami

sinau basa Jawa, lan sapérangan bahan ajar bahasa Jawa punika kaserat mawi aksara Jawa gagrag Sriwedarèn 1926, wondéné tata gelar panulising latin basa Jawa kajumbuhaken kaliyan Ejaan basa Jawa aksara Latin wedalan Balai Pustaka Yogyakarta edisi revisi taun 2006.

Bok bilih ing mangké pinanggih samukawis bab taksih rinaos kirang jangkep

menggahing materi gegayutan kaliyan kurikulum ingkang lumampah, awit saking punika panyaruwé para winasis lan para pamaos tansah kula antu – antu.

Ing wasana mugi – mugi modul punika wonten ginanipun tumrap para kadang dwija

langkung – langkung tumrap para siswa.

Tim Penyusun Bahan Ajar Bahasa Jawa MGMP Bahasa Jawa SMA/SMK/MA D.I. Yogyakarta

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta

1

DAFTAR ISI WULANGAN

1

Purwaka Atur

1

Daftar Isi A B

2

Aksara Jawa

5

Gladhen

10

Kawruh Tembung WULANGAN

A B C

D

13

2

Unggah-ungguh Basa Jawa

Cak - cakaning Unggah-ungguh Ing Pawiyatan/sekolahan

Cak-cakaning Unggah-ungguh Ing Masarakat Gladhen

A

B C D

E

F

G

H

Tembang Macapat

19 21 24

Kawruh Ukara WULANGAN

16

25

3

Praktik Nembang Macapat

GLADHEN

Ngripta Sekar Macapat

Watak Sekar Macapat

Sasmita ing Sekar Macapat

Mangsuli Pitakon

Nyekar Macapat

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta

27 29 30 31 32 32 33 34

2

I.

J.

Gladhen

34

Gladhen

34

Kawruh Tembung

WULANGA A

B

D

Maos Teks Pawarta Tuladha Teks Berita GLADHEN

G

Gladhen

B C

D

E

F

G

H

I

35 36 38 40

Gladhen

41 41

Kawruh Ukara

WULANGA A

4

Pawartos

E F

34

42

5

Geguritan

44

Unsur-unsur geguritan

45

Ingkang kedah dipungatosaken rikalanipun maos geguritan

Nyerat Geguritan

Wosipun geguritan!

Purwakanthi ing geguritan

Leléwaning Basaing geguritan

Tataranipun apresiasi geguritan

GLADHEN

Kawruh Tembung

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta

45 46 47 47 47 50 50 52

3

WULANGAN

6

A

Carios Pengalaman

C

Tuladha cariyos pengalaman

E

53

B

Nyariosaken pengalaman

D

Tuladha cariyos pengalaman Tuladha cariyos pengalaman

55

F

Tuladha cariyos pengalaman

56

Gladhen

56

G

Kawruh Ukara

WULANGAN

A

B

C

D E

Sesorah

A

B

C

D

55

7

Tuladha Wursitawara Bab Kabudayan

WIDYA TEMBUNG

58 62 63 66

Gladhen

67

Kawruh Tembung

Carios Wayang

54

57

Tuladha sesorah “Wursitawara”

WULANGAN

54

68

8

Mangsuli Pitakèn Gladhen

Gladhen

Kawruh Ukara

UJI KOMPETENSI

DAFTAR PUSTAKA

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta

69 70 74 74 74 77 95

4

WULANGAN 1

Kompetensi Dasar Menulis wacana beraksara Jawa

A.

Materi Pokok: Aksara Jawa

Kawaosa kanthi permati!

A. Aksara lan Pasanganipun

MAOS AKSARA JAWA

ha

na

ca

ra

ka

da

ta

sa

wa

la

pa

dha

ja

ya

nya

ma

ga

ba

tha

nga

re

le

B. Sandhangan Sandhangan, inggih punika tandha ingkang kaginakaken kanggéngéwahi swantenipun aksara ingkang dipunsandhangi. Sandhangan wonten ing paugerantata tulis aksara Jawa kapérang dados 3 warni, yaiku: 1. Sandhanganswara, kanggéngéwahi swanten aksara miturut ungelipun vokal [i],[u],[é,è],[e], lan[o] WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta

5



wulu







ungelipun[i]



→ siswa



suku







ungelipun[u]



→sukun



taling





ungelipun [é/è]



→sélak



pepet





ungelipun [e]



→ sepi



taling tarung



…. →

ungelipun [o]



→ sopan



pangkon



kanggépanyigeg

→sepen



wignyan



ungelipun [h]→

→tansah



layar



ungelipun [r]→

→sarwa



cecak



ungelipun [ng]→

→sang

… ...

2. Sandhangan Sesigeg, minangka gantosipun aksara sigeg ha, ra, lan nga nalikaangsal pasanganutawi pangkon ;

3. Sandhangan Wyanjana, minangka gantosipun aksara ra, re sahaya nalika madeg dados pasangan ingaksarapunikagadhah sipat wyanjana utawi lebur kaliyan tembung ingkang dipunpasangi; 

cakra



ungelipun [-ra-]→

→srawung



ceret



ungelipun [-re-]→

→srengéngé



péngkal



ungelipun [-ya-]→

→kyai

C. Pada inggihpunikatandha kadosdéné:  adeg-adeg

 pada lingsa





wacaningkangkaginakakenwontening

seratanaksara

Jawa,

→ kanggé miwiti nyerat ukara/alinéa/paragraf. → kanggé nyerat koma ing tengahing ukara menga

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta

6

 pada lungsi



→ kanggé nyerat titik ing pungkasaning ukara

 pada pangkat



→ kanggé nyerat angka Jawa.

menga

 purwapada

kanggé miwiti pada, pupuh tembang (mangajapa becik)

 madyapada

kaserat ing sangajenging gantosipun pupuh-pupuh

 wasanapada

kaserat minangka panutup ing pungkasaning seratan

ingkangwonteningtengah (mandrawa) tembang (inti/purna)

C. Aksara Murda Ginanipun aksara murda inggih punika kaginakaken kanggé tata prunggu utawi pakurmatan, tuladhanipun kanggé nyerat namaning Gusti, Nabi, Ratu, Wali, Pusaka, Nagari, lan Kitha. Aksara murda boten dipunginakaken minangka panutuping wanda (suku kata). Aksara murda gunggungipun namung pitung warni inggih punika: Nama Aksara Aksara Pasangan aksara Pemakaian dalam kata murda murda Murda Gusti Natanagara …… Na Ka Ta Sa Pa Ga Ba

……

Kraton Ngayogyakarta

……

Tawangmangu

……

Sinuhun Sultan Agung

……

Panembahan Sénapati

……

Gunung Merbabu

……

Balé Pustaka

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta

7

D. Aksara Swara

Ginanipun aksara aksara:

1. Kanggé nyerat aksara vokal ingkang dados wanda (suku kata) saking basa manca supados cetha lafalipun. 2. Aksara swara boten saged dados pasangan.

3. Aksara swara saged dipunsukani sandhangan wigyan( ..

), layar (… …) lancecak(… ….)

4. Aksara swara gungungipun wonten gangsal warni, inggih punika:

nama aksara swara

aksara swara

panganggéingtembung Kitab Alquran

A

Éropa

E

Ibnu Umar

I

Organisasi

O

Urbanisasi

U E. Aksara Rèkan.

Ginanipun Aksara Rékan: 1. Kanggé nyerat aksara konsonan saking basa manca ingkang taksih kaginakaken kados aslinipun. 2. Aksara rékan saged dados pasangan lan saged dipunsukani pasangan, aksara rékan ugi saged dados sandhangan. 3. Aksara rékan gunggungipun namung gangsal warni, inggih punika:

nama aksara rékan aksara rékan Kha

pasangan aksara rékan

panganggéingtembung Khatib arep khutbah

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta

8

Wong dzalim kesèd dzikir

Dza

Paédahé Bètèng Vrédebreg

fa / va

Zakat iku wajib lan ziarah iku sunat

Za

Ghazali lan Ghulam Ahmad

Gha F. Angka Jawa

a. Angka dipunginakaken kanggé nerangaken lambang mawi nomor. Wujudipun angka mawi aksara Jawa kadosta:

=1

=2

=3

=4

=5

=6

=7

=8

=9

=0

b. Angka mawi aksara Jawaanggènipun nyerat angka kaapit mawi pada pangkat ( .... ) Tuladha:

dawané kertas 36 sèntimèter=======

G. Tuladhapanyeratipun tembungdwipurwa tembungipun

panyeratipun mawi aksara Jawa

lelaku lelayu tetuku kekarepan

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta

9

Gladhèn 1. Kasebataken namanipun sandhangan saking tembung-tembung ing ngandhap punika! No.

AksaraJawa

Namanipun Sandhangan

Aksara Latin

No.

1

8

2

9

3

10

4

11

5

12

6

13

7

14

Kawaosa seratan Jawa ing ngandhap punika! KapendhetsakingSerat Dharma pupuhdhandhanggulapada 7 saha 12.

Wasitaanggitapun

Namanipun Sandhangan

AksaraJawa

KGPAA

Mangkunagara

Aksara Latin

IV

2. Ukaralatiningandhappunika kaserata nganggé aksara Jawa: a. Bobotku 62 kilogram. WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta

10

b. c. d. e. f. g. h. i. j. k. l. m. n. 1.

Keboné jembaré 250 mèter persegi. Jalan Pangéran Diponegoro II, No. 37 Jakarta. UUD 1945, Bab VII, Pasal 21. Senèn, 9 Nopémber 1992, pukul 8.45. Dwi naga rasa tunggal. Trisula kembang lata. Lajering kembang sinesep peksi. Nirbaya madyaning puri Ramé ing gawé, sepi ing pamrih. Yén kepeksa nacad, nggunakna tembung manis. Nyabaraké atiné dhéwé waé ora bisa, méndah nyabaraké atiné wong liya. Sira kudu bisa mbédakakénistha, madya, utama. Pinuju bungah élinga susah, pinuju susah élinga bungah. Begja-begjané kang lali, maksih begja kang éling lan waspada.

3. Kasalinana nganggé aksara Jawa! a. anak yuyu b. panén pari c. nutup lawang d. bapak kyai e. mangan thiwul f. jembar segarané g. krungu warta h. golèk nanas i. dodol dhuku j. manuk mabur

4. Waosan ing andhap punika kaserata ngginakaken aksara Jawa! Abu Bakar Ali ketemu Kanjeng PangéranBuwana Nagara ing Kraton Bagdad. Kekaroné banjur padha dzikir lan padha rembugan prekara zakat. Ratu loro mau pancén takwa marang Gusti Allah, yaiku dzat ghaib kang maha kuwasa. Waosan aksara Jawa ing andhap punika kaserata aksara latinipun salajengipun kacariyosna waosan punika mawi basa Jawa krama!

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta

11

5. Waosan aksara Jawa ing andhap punika kaserat aksara latinipun, salajengipun kacariyosna waosan punika mawi basa Jawa krama!

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta

12

KAWRUH TEMBUNG WUJUD (DHAPURING) TEMBUNG

Tembung-tembung punika miturut wujudipun utawi dhapuripun saged kapérang dados kalih golongan, inggih punika: A. Tembung Lingga B. Tembung ingkang sampun éwah saking lingganipun. A. Tembung lingga inggih punika sadaya tembung ingkang dèrèng éwah saking asalipun. Kadosta: jaranan, lingganipun: jaran kepatèn, lingganipun: pati karoban, lingganipun: rob Déné tembung lingga ingkang dipunwastani asal utawi tembung ingkang dèrèng ngalami éwah-éwahan punika kathah-kathahipun saking tembung wod. Tembung wod: suk, lajeng dados wonten tembung lingga pasuk, rasuk, rangsuk, susuk, isuk lan sanès-sanèsipun. Tembung wod: pis, dados tembung lingga: tipis, tapis, kempis, dhepis, lan sapiturutipun. Tembung wod: lur, dados tembung lingga: uwur, siwur, kawur, mawur, sawur, lan sapiturutipun. Nanging boten sedaya tembung lingga wonten wodipun.

B. Tembung ingkang sampun éwah saking lingganipun. Tembung ingkang sampun éwah saking linganipun, kapantha dados tigang golongan, inggih punika: 1. Tembung andhahan 2. Tembung ingkang dipunrangkep 3. Tembung camboran 4. Tembung wancahan

1. Tembung andhahan Tembung tekuk saged dipunwangun dados tembung warni-warni, kadosta: ditekuk, panekuk, tinekuk, tekukan, tekuk-tekukan, lan sanès-sanèsipun. Tembung-tembug punika wau sadaya kasebat tembung andhahan. Déné tembung lingga saged éwah dados tembung andhahan punika awit saking dayaning wuwuhan. Wujuding wuwuhan wonten warni tiga, inggih punika: a. ater-ater, inggih punika wuwuhan ingkang mapanipun wonten ngajeng. Wujuding ater-ater wonten warni-warni, ing antawisipun: hanuswara ( = m,

= n,

= ny,

= ng); tripurusa (tak/dak, ko, di), ku, ké, sa, pa, pi, pra, tar, kuma,

kapi, a, ma, pan, pang, lsp. b. seselan, inggih punika wuwuhan ingkang mapanipun ing satengahing tembung, inggih punika: um, in, el, er. WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta

13

c. panambang, inggih punika wuwuhan ingkang mapanipun ing pérangan wingking tembung, kadosta: a, i, e, an, en, ana, aké, na, né, ku, mu.

Pandhapukipun tembung andhahan saking tembung lingga, saha éwah-éwahanipun dipunwastani ngrimbag. Déné rimbag ing tembung punika wonten warni-warni namanipun, ing antawisipun: lingga andhahan, tanduk, tanggap lan bawa ka, pakon utawi hagnya, tandang lan sananta, sambawa, bawa, guna/adiguna, wisésa -na, bawa wacaka jawa wacaka, kriya wacaka karana wacaka. a. Lingga andhahan Wonten sawetawis tembung ingkang sejatosipun sampun dados tembung andhahan, ananging dipunanggep kados tasih tembung lingga. Sebabipun amargi tembung wau tasih saged dipunwuwuhi ater-ater, panambang, lan seselan kados déné tembung lingga. Kados upaminipun: omah, dados lingga andhahan somah, tembung somah saged kadamel andhahan malih upaminipun sesomahan. ubeng,

weruh,

dados lingga andhahan kubeng, tembung kubeng saged kadamel andhahan malih upaminipun kinubeng. dadoslingga andhahan kawruh, tembung kawruh saged kadamel andhahan malih upaminipun dikawruhi.

Wondéné ingkang kagolong lingga andhahan inggih punika: 1) Tembung lingga ingkang pikantuk ater-ater sa, pa, pi, pra, tar, tra, ka. Tuladha: sa : sa + iji = siji sa + olah = solah pa : pa + omah = pomah pa + mong = pamong pi : pi + wulang = piwulang pi + andel = piandel pi + tutur = pitutur pra : pra + kara = prakara pra + lambang = pralambang pra + jurit = prajurit ka : ka + ubeng = kubeng ka + wruh = kawruh ka + arsa = karsa sadaya tembung ingkang pikantuk ater-ater sa, pa, pi, pra, ka, kalebet jinising tembung aran. tar : tar + tamtu = tartamtu tar + buka = tarbuka tar + waca = tarwaca tar + kadhang = tarkadhang 2) Tembung lingga ingkang oleh ater-ater pan (ny), pam, pang. Kayata: pan: pan + tiyung = pantiyung pan + telung = pentelung

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta

14

pan + colot = pencolot pan + thèlès = penthèlès pan + jete = penjété pan + dhelis = pendhelis. Sadaya tembung ingkang pikantuk ater-ater pan (ny), pam, pang, kalebet jinising tembung kahanan.

3) Tembung lingga ingkang pikantuk seselan: er, el. Sejatosipun seselan er, el punika seselan ingkang namung sawarni, pramila kala mongsa lajeng saged lira-liru. Kadosta krelip utawi klelip. Wondene pangetrapipun ing tembung wonten ing sawingkingipun aksara purwanipun lingga, tuladha: k (er) + elip g (er) + andhul b (el) + èbèr g (el) + ereng Tembung ingkang apurwa swara menawi pikantuk seselan el, er, purwanipun dipukantheni k. Tuladha: abang + er : krabang (krabing) engkat-engkit : krengkat-krengkit enggas-enggos : krenggas-krenggos enggèh : krenggèh ogèl : krogèl uget : kruget èwèr : klèwèr éwa : kléwa uwer : kluwer Sadaya tembung ingkang pikantuk seselan el, er, kalebet jinising tembung kahanan, pramila asring dipunkanthèni tembung pating ing ngajengipun.

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta

15

WULANGAN

2

Kompetensi Dasar Simulasi berbahasa Jawa dalam keluarga, masyarakat dengan unggah – ungguh yang tepat

A.

Materi Pokok: Unggah-ungguh

Kawaosa kanthipermati!

UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA Unggah-ungguh inggih punika tata-pranataning basa miturut lenggahing tata krama.Unggahungguh ugi saged dipunwastani undha usuking basa(tingkataning basa adhedhasar anggènipun ngginakaken).Tiyang ingkang badhé ngetrapaken unggah-ungguh boten badhé uwal saking tata krama. Tata krama awujud solah bawa, tindak-tanduk lan patrap nalika sesambetan (komunikasi) dhateng sinten kémawon. Supados satunggaling tiyang anggènipun micara/gineman selaras kaliyan unggah-ungguhipun kedah nggatosaken: 1. Sinten ingkang gineman (ngrumaosi pribadinipun ingkang gineman) 2. Sinten ingkang dipunajak gineman. 3. Sinten utawi punapa ingkang dipunginemaken. 4. Wekdalipun rikala gineman 5. Papanipun rikala gineman 6. Swasana rikala gineman.

 Manut unggah – ungguh jaman rumiyin, undha usuk basa kapantha kados ing ngandhap punika:

I

II

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta

16

III

IV

V VI

 Ing jaman sapunika sampun kathah para sarjananing basa kagungan penggalihan ngringkes unggah-ungguh basa namung dados kalih pérangan, inggih punika: I

II

 Basa Ngoko Lugu

Wujudipun sedaya ngginakaken tembung ngoko, boten wonten tembung kramanipun.Ginanipun kanggé gineman: 1. Tiyang sepuh dhateng ingkang kaprenah enèm (putranipun, wayahipun, muridipun punapa déné dhateng laré anèm sanèsipun). 2. Dhateng sesaminipun, kanca sepantaran ingkang sampun kulina sanget, tuladhanipun laré kaliyan kancanipun. 3. Pangageng dhateng tiyang sangandhapipun, tuladhanipun juragan dhateng baturipun. 4. Panguda rasa (gineman kaliyan pribadinipun piyambak).

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta

17

Tuladhanipun Ngoko Lugu ; Ginemanipun laré kaliyan kancanipun :

 Basa Ngoko Alus

Titikanipun basa ngoko alus 1. Tembungipun ngoko kacampur tembung krama. Ingkang dipunkramakaken inggih punika peranganipun badan/salira ingkang dipunajak gineman utawi tiyang ingkang dipungunem; lan agemanipun/sandhanganipun tiyang ingkang dipunajak gineman utawi tiyang ingkang dipungunem. 2. Tembung kriyanipun (kata kerjanya) tiyang ingkang dipunajak gineman utawi tiyang ingkang dipungunem. 3. Tembung aku tetep boten èwah. 4. Tembung kowéèwah dados panjenengan utawi sliramu (panjenenganmanawi ingkang dipunajak gineman wau tiyang sepuh; sliramumanawi ingkang dipunajak gineman wau langkung enèm. 5. Ater-ater lan panambangipun tetep ngoko. 6. Basa punika kaginakaken déning tiyang ingkang sampun supeket (akrab) nanging tasih gadhah raos ngurmati dhateng ingkang dipunajak gineman, umpaminipun antawis sesaminipun kanca nyambut damel ing kantor, sesaminipun kanca sekolah, lsp.

Tuladhanipun Ngoko Alus. Ginemanipun satunggaling tiyang kaliyan kanca sakantor.

 Basa Krama Lugu Ginanipun kanggé gineman: 1. Dhateng sesamining kanca ingkang dèrèng raket supeket (akrab). 2. Tiyang sepuh dhateng tiyang ingkang langkung enèm, ananging ingkang dipunajak gineman wau sinaosa enèm nanging wajib kinurmatan. 3. Tiyang ingkang gadhah kalenggahan(drajatpangkat) Inggil dhateng andhahanipun, ananging andhahanipun wau yuswanipun langkung sepuh utawi wajib kinurmatan. 4. Tiyang ingkang gineman priyayi luhur lan ingkang dipunajak gineman tiyang limrah ingkang sampun sepuh yuswanipun utawi wajib kinurmatan. Tuladhanipun Krama Lugu. Ginemanipun Pak Ketua RT dhateng para wiranèm ing parepatan (pepanggihan wiranèm)

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta

18

 Basa Krama Alus: Ginanipun kanggé gineman: 1. Tiyang ingkang gineman dèrèng tepang kaliyan ingkang dipunajak gineman, lan ingkang dipunajak gineman wau ketingal langkung sepuh utawi tiyang ingkang kagungan pangkat Alus. 2. Tiyang ingkang gineman langkung enèm yuswanipun tinimbang ingkang dipunajak gineman, lan ingkang dipunajak gineman wajib kinurmatan. 3. Tiyang ingkang gineman langkung cendhèk drajat pangkatipun tinimbang ingkang dipunajak gineman, utawi ingkang dipunajak gineman wajib kinurmatan. Tuladhanipun Krama Alus. Ginemanipun wayah(putu) dhateng éyangipun:

 Cak-cakanipun Unggah-ungguh basa Jawa ing Sekolah 1. Ngginakaken basa krama alus, ingkang kedah kinurmatan kanthi basa krama alus inggih punika manawi matur dhateng ; a. Bapak ibu guru, b. Karyawan, satpam, bapak ibu kantin, c. Dhayoh saking njawi, 2. Ngginakaken basa ngoko alus, basa ngoko alus saged kaginakaken dhateng kakang utawi mbakyu kelas ; 3. Ngginakaken basa ngoko, basa ngoko saged kaginakaken dhateng kanca sekelas utawi adhi kelasipun. B.

Tuladha I. Cak - cakaning Unggah-ungguh Ing Pawiyatan/sekolahan

Mira, salah satunggaling mahasiswa asli saking Lampung, piyambakipun mahasiswa ingkang saweg ngawontenaken panalitèn ing Ngayogyakarta, tindak dhateng salah satunggalipun SMA ing Ngayogyakarta, caos palapuran dhumateng kepala sekolah, isining rembag badhé nyuwun idi ngawontenaken panalitèn. Sasampunipun pirsa ancas lan punapa ingkang dados kersanipun Mira, Pak Kepala Sekolah lajeng nepangaken Mira dhateng Pak Slamet ingkang kasuwun dados pambimbing salebeting ngawontenaken panalitèn. Tuladha 1 ;

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta

19

Tuladha 2 Sasampunipun Mira Tania pamit mlebet pak satpam 1, lajeng gèdhèg – gèdhèg piyambak, kancanipun sesami satpam lajeng pitakèn.

Tuladha3 Mira banjur tumuju kantor Kepala Sekolah, sasampunipun kepareng lenggah ing ruang tengga :

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta

20

 Undha – usuk basa Jawa ing bebrayan ageng (masarakat) Kados ingkang sampun kasebating inggil punika, ing bebrayan ageng kedahipun dipunkulinakaken ngginakaken basa krama alus, awit bab punika saged damel resep tiyang ingkang kaajak guneman. Basa krama alus sipatipun luwes, dados ingkang baken samadyaning bebrayan ageng manawi pinanggih kaliyan tiyang ingkang dèrèng tepang, punapadéné tiyang langkung sepuh basa krama alus punika saged dipuncakaken. C.

Tuladha II Cak-cakaning Unggah-ungguh Ing Masarakat

MARADHAYOH.

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta

21

PAMITAN

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta

22

LAYAT

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta

23

NGATURAKEN SERAT SEDHAHAN

 -



WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta

24

KAWRUH UKARA UKARA

Ukara inggih punika rerocéning tembung sawatawis, ingkang dados wedharing gagasan manungsa, awujud katrangan, pitakén, panyuwun, utawa bab sanésipun malih. Umpaminipun mekaten:  Rama lan ibu siweg tindak-tindak  Menapa ingkang putra sampun dhangan gerahipun?  Poma, diapunngatos-atos lampahmu.  Laré-Laré boten kepareng adus teng lépén. Ukara punika kadadosan saking kalih pérangan ageng, inggih punika ingkang dipunwastani: jejer saha wasésa. Ananging bab punika bakal karembag ing bab sanes. Wonten salah satunggaling ukara namung kadaosan saking kalih tembung utawi tigang tembung, saha boten awujud jejer utawi wasésa. Wondéné sampun saged dados wedharipun gagasaning manungsa. Tuladha:  Sardi!  Mangan? Tembung Sardi utawi Mangan punika inggih dipunwastani ukara, namung kemawon boten genep. Wondéné ganepipun inggih punika nggadahi jejer utawa wasésa umpanipun kados mekaten: Tulada :  Sardi mriki!  Apa Mimi arep mangan saiki? Ing ngandap punika badhe kababar kadospundi andharanipun ukara, dipuntingali saking pinten-pinten bab. Menawi ukara dipuntingali saking wasésa mawon, dipunbedaaken dados kalih bab, inggih punika: 1. Ukara wasesa Kriya 2. Ukara wasesa sanés kriya Bilih dipuntingali saking tumanduking jejer marang wasésa saha jejer marang lésan utawa katrangan sanesipun, ukara punika kaperang dados : WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta

25

1. Ukara tanduk 2. Ukara tanggap Kosok wangsulipun bilih dipuntingali saking pandhapuking ukara, ukara punika kaperang daos tiga, inggih punika: 1. Ukara ganep utawa ukara lamba 2. Ukara boten ganep 3. Ukara camboran Nanging bilih namung mindeng saking wedharing gagasan utawi suraos kémawon, ukara kapérang dados wolu, inggih punika: 1. Ukara Cariyos 2. Ukara Pitakén 3. Ukara Pakon 4. Ukara Pangajak 5. Ukara Panyuwun 6. Ukara Pangajeng-Ajeng 7. Ukara Prajanjén 8. Ukara Upami

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta

26

WULANGAN

3

Kompetensi Dasar Melagukan dan Memahami ajaran moral tembang macapat Asmaradana dan Megatuh A.

Materi Pokok: Tembang Macapat

Kawaosa kanthi permati!

MACAPAT Tembang/sekar inggih punika reriptan utawi dhapukaning basa mawi paugeran tartamtu(gumathok) ingkang pamaosipun kedah dipunlagokaken nganggé kagunan swanten (Padmosoekotjo,1960: 25). Macapat punika sekar tradhisional ing tlatah Jawa. Macapat ugi wonten ing kabudayan Bali, Madura, saha Sunda. Menawi dipuntingali saking kérata basa, macapat punika tegesipun maca papat-papat. Maosipun sekar macapat pancèn wonten ingkang rinakit saben sekawan wanda (suku kata). Nanging boten sedaya gatra sekar macapat saged kawaos papat-papat. Sekar punika kinten-kinten tembé kémawon wonten ing pungkasaning jaman Majapait saha wiwitan wali sanga nyepeng kuwasa. Nanging punika ugi dèrèng mesthi, amargi boten wonten ingkang gathuk saged mesthèkakén. Macapat kathah dipunanggé ing sapérangan Sastra Jawa Tengahan lan Sastra Jawa Énggal. Menawi dipunsandhingaken kaliyan Kakawin, paugeran-paugeran utawi metrum ing sekar macapat langkung gampil. Kitab-kitab jaman Mataram ènggal, kados déné Wédhatama, Wulangrèh, Serat Wirid Hidayat Jati, Kalatidha, saha sanès-sanèsipun dipunrakit nganggé sekar macapat. Paugeranpaugeran punika wonten ing: • Guru gatra : cacahipun wilangan larik/gatra saben sapada (basa Indonesia: bait). • Guru wilangan : cacahipun wilangan wanda (Indonesia: suku kata) saben sagatra. • Guru lagu : dhawahipun swantenwonten ing pungkasaning gatra. Panyekaring tembang macapat punika tamtunipun kedah kaselarasaken kaliyan titilaras (notasi), laras, saha pathetipun gamelan. Déné urut-urutanipun sekar macapat punika sami kaliyan lampahing manungsa saking jabang bayi abang dumugi tumekaning pejah.  Maskumambang. Gambaranipun jabang bayi ingkang taksih wonten ing kandhuta nibunipun, dèrèng kawru hanjaler utawi èstri. Mas tegesipun dèrèng ningali kakung utawi èstri, kumambang tegesipun gesang ngambang wonten ing kandhutan ibunipun.  Mijil. tegesipun sampun miyos saha cetha kakung utawi èstri.  Sinom. Tegesipun kanoman, minangka kalodhangan ingkang paling wigatos kanggénipun tiyanga nom supados saged ngangsu kawruh sakathah-kathahipun. WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta

27



Kinanthi. Saking tembung kanthi utawi tuntun ingkang tegesipun dipuntuntun supados saged mlampah ngambah panguripan ing alam donya.  Asmaradana. Ateges rasa tresna, tresna marang liyan (jalèr saha èstri saha kosok wangsulipun) ingkang sedaya wau sampun dados kodrat Illahi.  Gambuh. Saking tembung jumbuh/ sarujuk ingkang ateges bilih sampun jumbuh/ sarujuk lajeng dipungathukaken antawisipun kakung saha èstri ingkang sami-sami gadah raos tresna kala wau, ing pangangkah supados sageda gesang bebrayan.  Dhandhanggula. Nggambaraken gesangipun tiyang ingkang saweg remen, punapa ingkang dipungayuh saged kasembadan. Kelakon gadhah sisihan/kulawarga, gadhahputra, gesang cekap kanggé sakulawarga. Pramila punika tiyang ingkang saweg bungah/ bombing pénggalihipun, saged dipunwastani sekar dhandhanggula.  Durma. Saking tembung darma/wèwèh. Tiyang bilih sampun rumaos kacukupan gesangipun, banjur tuwuh raos welas asih marang kadang mitra sanèsipun ingkang saweg nandhang katresnan, pramila banjur tuwuh raos kekarepan darma/wèwèh marang sapadha-padha. Sedaya wau dipunsengkuyung ugi saking piwulangipun agami saha watak sosialipun manungsa.  Pangkur. Saking tembung mungkuring kang tegesipun nyingkiri hawa nepsu angkara murka, ingkang dipunpénggalih kekarepan tansah wèwèh marang sapadha-padha.  Megatruh. Saking tembung megat ruh utawi pegat ruhipun/nyawanipun, awit sampun titi wancinipun katimbalan marak sowan mring Sang Maha Kawasa.  Pocung. Bilih sampun dados layon/ mayit banjur dipunwungkus mori putih utawi dipocong sadèrèngipun kasarèkaken. (Kapethik saking warni-warni sumber). Saged ugi kababar kados makaten: Manungsa lair ing ngalam donya medal saking guwa garba (Mijil), nalika taksih alit kedah dipuntuntun utawi dipunkanthi (Kinanthi), bilih sampun mudha taruna (Sinom), gadhah raos tresna utawi paring katresnan marang tiyang sanès (Asmaradana). Ingkang saweg nandhang asmara swasananipun katingal éndah saha manis (Dhandhanggula). Sasampunipun mengku kulawarga kedah mangertos (Gambuh) marang prakaraning gesang. Menawi sampun sepuh gesang bakal ngambang (Maskumambang) menggalih donya saha akhérat. Tambah yuswa sansaya mundur (Durma) mungkur ing kadonyan (Pangkur) ngadhepi akhérat mula gentur ngibadah. Sasampunipun pejah ateges pegat ruhipun (Megatruh). Banjur dipunbuntel utawi dipunpocong (Pocung). A. Paugeran Tembang Macapat No

1

Tembang

Maskumambang

2

Pucung

4

3 5 6

Guru gatra 4

Guru wilangan

12, 6, 8, 8

Guru lagu

i, a, i, a

4

12, 6, 8, 12

Asmaradana

7

8, 8, 8, 8, 7, 8, 8

i, a, e, a, a, u, a

Durma

7

12, 7, 6, 7, 8, 5, 7

a, i, a, a, i, a, i,

Kinanthi

Pangkur

6

7

8, 8, 8, 8, 8, 8

8, 11, 8, 7, 12, 8, 8

u, a, i, a

u, i, a, i, a, i

a, i, u, a, u, a, i

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta

28

7

Mijil

6

10, 6, 10,10,6,6

i, o, e, i, i, u

9

Sinom

9

8, 8, 8, 8, 7, 8, 7, 8, 12

a, i, a, i, i, u, a, i, a

Dhandhanggula

10

10, 10, 8, 7, 9, 7, 6, 8, 12, 7

i, a, e, u, i, a, u, a, i, a

8 10 11

B.

Gambuh Megatruh

5 5

7, 10, 12, 8, 8

12, 8, 8, 8, 8

u, u, i, u, o u, i, u, i, o

(Sakingpinten-pintensumberkanthiéwah-éwahansawetawis)

Praktik Nembang Macapat

Gamelan Jawa punikagadhah gatra-gatra pentatonis lan gadhahkalih laras, inggihpunikalaras sléndro lan laras pélog. Laras sléndrogadhah urutan gatra-gatra 1 2 3 5 6 (ji ro lu ma nem). Urutan laras pélogngemotgatra-gatra 1 2 3 4 5 6 7 (ji ro lu pat ma nem pi). Laras Sléndro gadhah pathet cacahipuntiga, inggihpunikapathet nem, pethet sanga, lan manyura. Laras pélog ugi gadhah pathet cacahipuntigainggihpunika pathet bem, pathet nem, lan pathet barang.Cakepaninggihpunika syair, tetembungan ingkang dipunanggé ing tembang. 1. Ingkang prelu dipungatosaken kanggé nyinau praktik nyekar inggih punika: a. jangga dipuntarik ingkang jejeg, boten ndhungkluk, b. vokal kedah ingkang los (las-lasan, cetha, prasaja anggènipun nyekar), boten dipundamel-damel c. menawi pinuju nyekar, napas dhadha saha padharan prelu dipuntata d. langkung prayogi lenggah sila tumpang, boten ngadeg.(Kaundhuhsakingblog.uny.ac.id/.../PERANGAN-VII.-SEKAR-SAHALAGU) e. Laraspunika rasa thinthinganipun swantenandhap ngantos swanteninggil. f. Titi laraspunika angka minangka gentosipun laras ( swantenandhapdumugi swanteninggil). g. Pathetpunika ukuran andhap lan inggilipunswanten kanggé nglagokaken tembang h. Céngkokinggihpunikalak – luking swanten kanggé nglagokaken tembang. i. Wilet punika variasi titi laras ing pangolahing céngkok 2. Ingkangwinastan“Lagu Winengku Sastra” a. Lagulan céngkokprasaja. b. Wiletan paling kathahmigunaakentigang nada c. Artikulasi (kedal) kedahwijang (cetha) d. Tekniknapastrepcakepanipun e. Botenparengmunggeltembung f. Laraskedahtrep g. Mendhet nada kanthitrep(Darsono, 2002)

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta

29

GLADHEN I.

Kasekarakensekarmacapatmegatruhsaha asmaradana punika!

Megatruh “Ngaras Pada” Laras Pélog Pathet Barang

7

@

@

@

@

@

tu- hu tres-na nying-kir- i

sa-gung pe- pa-

@

@

@

#

z6x.c5

2

z3c5

2

2

3

5

@

#

7

5

z6c7

tan-sah tu- min- dak kang be5

5

6

7

tu- mrap-ing be- bra- yan 2

2

5

5

6

7

se-

z 7c 6

z7x.c@ cuh

z3c2

a-

z5x.c6

7

cik

z5x.x6c5

3

tu-man-duk- é mring

6

gung

z2cu

sa-

z2x.x3x2cu mi

z5x.x6c5

z3c2

Megatruh “Bekti Asih” Laras Pelog Pathet Bem 3

5

5

z6x.c! !

3

5

5

3

2

3

1

2

5

6

6

6

z6c5

y

1

2

2

3

@

@

@

5

z6c5

3

kang ka-ping tri tres-na mring na- ga-

z@c! z6x.x!x@c# ! [email protected]!c6

5

5

ri-

ni- pun

bek- ti mring I- bu Per- ti- wi 3

z6x.x5c3

z2c1

In- do- ne- si- a ka- lang- kung

jem- bar su- bur a-

z3x.x5c6 ngu-

1

z2c3

z1x.x2x1cy

rip-

zyx.x1c2

ya ing ko- no pa- pan nga- yom

i

2

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta

30

II. Pitakènan-pitakènan punika kawangsulana kanthi leres! 1. Punapategesipun tembung-tembung ingkang kaginakaken ing sekar megatruh ing inggil! Tuladha: pertiwi : lemah tumanduk : tanduk+√um = kagem 2. Kadamela gancaranipun sekar megatruh saha asmaradana ing inggil! 3. Piwulang punapa kemawon ingkang saged kapanggihaken wonten ing sekar megatruh saha asmaradana ing inggil!

III. Kawangsulanapitakènan punikakanthiwangsulaningkangringkes! 1. Tiyang nembé lair tembangipun, inggihpunika… 2. Menawi sampun lair, dipuntétah, dipungandhèng, dipungéndhong tembangipun, inggihpunika… 3. Laré saya ageng dados rumaja utawi anèm tembangipun, inggihpunika…. 4. Para rumaja (mudha-mudhi) sami tuwuh raos tresna tembangipun,inggihpunika… 5. Rumaja ingkang nandhang asmara punika seneng, èndah, manis, tembangipun, inggihpunika… 6. Menawi sampun palakrama gesang ingkang manunggil kaliyan garwa tegesipun ayem tentrem sagarwa putra tembangipuninggihpunika … tegesipun manunggal utawi cocog. 7. Saya dangu saya sepuh, raos kumambang antawisipun gesang ing donya lan akhérat. Tiyang lajeng mangertos manawi donya punika dados lantaraning gesang ing akhérat tembangipun,inggihpunika…. 8. Sasampunipun mangertos lajeng ngrumaosi wigatosipun pados sanguning séda, mundur saking kawigatianing kadonyan tembangipun, inggihpunika…. 9. Saya sepuh lajeng ngungkuraken ing kadonyan kanggé nyamektakaken (siap-siap) menawi sawanci-wanci kapundhut ingkang Maha Kuwasa tembangipun, inggihpunika…. 10. Nyawa utawi ruhipun medal saking raga tembangipun, inggihpunika…. 11. Menawi sampun séda lajeng dipunbuntel, namanipun dipunpocongtembangipun, inggihpunika….

NRIPTA SEKAR MACAPAT A.

Ngripta Sekar Macapat

1. Nemtokaken jejer (téma) 2. Milih jinisipun tembang macapat (asmaradana) 3. Pangripta kedah nguwaosi guru gatra, guru wilangan, guru lagu saben sapada ing sekar. 4. Milih tembung-tembung ing kang éndah (dédé tembung padintenan) kadosta dasa nama, éntar, sandi asma, lan sapanunggilipun 5. Kanggén jumbuhaken kaliyan guru wilangan saged ngginakaken tembung garba, daya sastra, plutan, wancahan, uluran. 6. Kangge njumbuhaken guru lagu saged ngginakaken bali swara inggih punika pamaliking tembung ing tembang, kadosta Anoman malumpat sampun (kedahipun Anoman sampun malumpat) lan sapanunggilanipun. WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta

31

(Kapendhet saking warni-warni sumber)

B. No.

Watak Sekar Macapat NamaTembang

Guru Guru Wilangan lan Gatra guru Lagu 6 10i,6o,10e,10i,6i,6u

Watak lan Panganggènipun

Wetuning rasa, mituturi, kanggémedharaken bukaning cariyos utawi mangayu bagya

1.

Mijil

2.

Kinanthi

6

8u,8i,8a,8i,8a,8a (8i)

Awatak seneng tresna lan asih

4.

Asmaradana

7

8i,8a,8e,8a,7a,8u,8a

Awatak sedhih, sengsem, prihatin

5.

Dhandhanggula

10

6.

Gambuh

Maskumambang

5

10i,10a,8e,7u,9i,7a,6u,8a,12e Kèwes, luwes lan resep (12i),7a

4

12i,6a,8i,8a

8.

Durma

7

12a,7i,6a,7a,8i,5a,7i

9.

10.

Pangkur

Megatruh

7

8a,11i,8u,7a,12u,8a,8i

Awatak sereng, kejem lan nantang

11.

Pocung

4

12u,6a,8i,12a

Awatak kendho tanpa greget, kanggémedharaken, lan sembranan

3.

Sinom

7.

C.

9

5

8a,8i,8a,8i,7i,8u,7a,8i,12a

7u,10u,12i,8i,8a (8u,8o)

12u,8i,8u,8i,8o

Awatak grapyak, renyah lan sumanak

Awatak wani wanuh, kulina lan raket

Awatak nalangsa, kanggémedharaken raos prihatin Awatak muntab

galak,

nantang,

nesu lan

Awatak sedhih, kanggémedharake raos memelas, getun, prihatin

Sasmita ing Sekar Macapat 1. 2. 3. 4. 5. 6.

Mijil Sinom Kinanthi Asmaradana Dhandhanggula Pangkur

: Wijil, mijil metu, miyos. : Srinata, roning kamal, kanoman, ngenomi, anom, taruna : Kinanthi, kekanthen, gandheng, ginandheng, kanthi. : Kasmaran, asmara, brangti, brangta, kingkin, wuyung. : Sarkara, manis, memanisé, artati, dhandhang. : Wuri, mungkur, wuntat, yuda kenaka.

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta

32

7. 8. 9. 10. 11.

D.

Durma Pocung Gambuh Megatruh Maskumambang

: Mundur, ngunduri,durmaka, durcala. : Kaluwak, pocung, wohing pocung : Nggambuh, tambuh, tumambuh. : Pegat, duduk, anduduk. : Kumambang, kéntir, timbul.

(Kapethiksakingwarni-warnisumber)

MangsuliPitakon

Kawangsulanapitakèn ingandhappunikakanthibasaingkangbecik! 1. Punapaingkangdipunwastanisekarmacapatpunika? 2. Kadospundipaugeraningsekarmacapatpunika? 3. Punapaingkangdipunwastani guru gatra, guru wilangan, saha guru lagu? 4. Jinisingsekarmacapatpunikapunapakemawon? 5. Punapaingkangdipunwastanilarassahapathet? Nyekar Macapat Asmaradana “Padha Tresna” Laras Pelog Pathet Barang

Asmaradana “Andon Tresna” Laras Slendro Pathet Sanga @

@

@

@

z!c6

5

wus da- dya kar- sa Hyang Wi- dhi

@

@

6

6

z!x6c5

1

5

6

!

@

!

u

2

2

2

1

1

y

2

la- mun te- ka ti- ti mang- sa

6

we- wa- rah- e

y

1

2

1

y

z1cy

t

t

y

1

2

3

5

z2x.x3c2

5

5

z 3c 2

tu- man- duk

6

6

2

1

2

zyc1

z6c!

5

5

z5x.x6c5

z 3c 2

ne

1

pa- dha an- don as- ma- ra tu- mu- ju be- bra- yan z3c5

1

1

@

7

6

7

6

6

7

5

z6c5

3

2

2

3

z5x.c6

7

@

[email protected]#

u

2

2

2

5

6

7

z5x.c6

3

2

z3c2

2

3

z5x.c6

2

z2x.x3c2

tu- mrap- ing ja- lu wa- ni- ta

z3c2

pa- wes- tri-

#

la- mun ar- sa pa- la- kra- mi

pa- ra ka- wu- la

tu- mrap ja- lu

@

a- ywa ning- gal u-

ger-

6

7

z2cu

z2x.x3x2cu

an-

5

e

z6x.x5c3

pa- ra leb- da

2

z 3c 2

zucy

jang- ka o- lah be- bra- yan

a-

z1cy

gung

no- ra be- cik

gru- sa – gru- su

z2c1

zyct

u

3

mu- rih ge- sang ba- gya mul- ya

pa- ko- leh- e

bi- sa

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta

pre-

u

z uc y

nah

33

Gladhen 1. Kaandharaken paugeraning/mètrum tembang macapat asmarandana ing inggil! 2. Kaandharaken isining sekar macapat asmarandana ing inggil! Gladhen 1. Kadamelsekarmacapatasmarandanakanthimigunakakenpaugeraningtembangmacapatkados ta guru gatra, guru wilangansaha guru lagu! 2. Sekarmacapatingkangsampundipundamelsalajengipunkasekarakeningsangajengipunkelas!

KAWRUH TEMBUNG b.

Tembung Tanduk Wonten sawetawis tembung menawi dados wasésa boten prelu dipunparingi wuwuhan, awit sampun mratélakaken padamelan, kadosta: linggih, adus, tangi, gawe, jegang, udud, lsp. Tembung-tembung ingkang kados makaten punika namanipun tembung kriya lingga. Tuladhanipun: Bubar adus, banjur dandan. Wis jam sanga adhiku durung tangi. Sasanesipun tembung kriya lingga, sawenèhipun tembung dados saged mratélakaken kriya, kedah dipunwuwuhi ater-ater hanuswara. Ater-ater hanuswara wujudipun wonten 4 werni inggih punika: ny, m, ng, n. Tuladhanipun: ny + cukur = nyukur m + pacul = macul ng + gambar = nggambar n + tulis = nulis Tembung tanduk wonten werni 3, inggih punika: - ingkang tanpa panambang punika kasebat tanduk wantah utawi tembung tanduk kriya wantah. Tuladhanipun: nggawa, nyangking, mépé, nulis. - ingkang kanthi panambang -i kasebat tanduk -i utawi tanduk -i kriya. Tuladhanipun: nulisi, nggawani, mèpèni, nyaponi. - ingkang kanthi panambang -aké kasebat tanduk ké utawi tanduk -ké kriya. Tuladhanipun: nulisaké, nggawakaké, mèpèkaké

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta

34

WULANGAN

4

Kompetensi Dasar Memahami dan menanggapi berita yang dibacakan atau melalui berbagai media

A.

Materi Pokok: Pawartos Basa Jawi

Kawaosa kanthi permati! PAWARTOS BASA JAWA

Tegesipun Pawartos (Pawartos)  Pawartos inggih punika kabar ngèngingi kadadosan ingkang sampun kelampahan, saged awujud cetak, elektronik , utawi lisan  Tegesipun pawartos radio inggih punika minangka palaporan arupi fakta lan opini, ingkang ngemot suraos pawartos, wigati, lan ndudut kawigatosan tiyang kathah, lan kabiwaraaken kanthi ajeg ing media radio. Pawartos radio ngrembag prakawis ingkang nembé kalampahan, lan kadospundi kadadosan punika saged kalampahan.  Titikanipun pawartos radio, inggih punika énggal, wigati, jumbuh, pangaribawaning raos, sektrelapan, rinci, lan luwes. (Masduki, 2001:10)  Nilai (ajining) pawartos ngemot wolung unsur, inggih punika:  dredah/konflik,  kemajengan,  wigati,  caket rasa pangsara  jarak géografis,  wigati,  rasa kamanungsan,  merbawani. (www.infojawa.org,2005:2-3)  Sifat pawartos kapantha pawartos ingkang saged dipunbatang/dipunmangertosi lan pawartos boten kanyana-nyana.  Adhedhasar wosipun pawartos, pawartos dipunpantha inggih punika:

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta

35

 

   



B.

a. b. c. d.

pawartos medhar gagasan, idé utawi gagasan pawartos ékonomi pawartos politik pawartos panglipur ,lan sapanunggilanipun

Tegesipun ngéngingi klasifikasi pawartos saèstu wigatostumrap sadaya réporter, èditor, para pangrancang, lan konsultan mèdia amargi saged dados pijakan dasar ing prosès pangrancang, pangliput, panyeratan, palaporan, kacetak, pambiwaranipu pawartos. (Masduki,2001:12-14). Wujudipun pawartos radio inggih punika: pawartos ingkang kaserat, pawartos cekak saking sumber mèdia sanès lajeng kaserat malih. Liputan rèporter ingkang tèksipun dipunolah ing studio. Pawartos seselan, pawartos ingkang dipunseseli pamanggih saking narasumber. Pawartos enggal, pawartos utawi palaporan jurnalistik ingkang gadhah sipat wigati, pawartos kababar saking palapuran langsung lumantar telepon, buletin pawartos, gabungan pawartos-pawartos cekak ingkang kagiyaraken ing situs tertamtu. Jurnalisme interaktif, pawartos ingkang dipunsengkuyung dèning masyarakat, tuladhanipun wawancara masyarakat nganggè telepon utawi pawartos ingkang andhapuk masyarakat minangka subjèk palapor utawi saksi dadakan (reporter dadakan). Hard news, inggih punika pawartos enggal saha wigati ingkang nembè mawon kalampahan. Pawartos enggal mratélaaken bab konflik ingkang damel pangaribawaning raos kadosta pawartos paprangan, gara-gara/ ontran-ontran. Soft news, inggih punika pawartos ingkang sipatipun palapuran kadadosan tanpa kaiket wekdal, langkung nengenaken aspèk kamanungsan, tindak-tanduk, saha papan panggènan ingkang narik kawigatosan. Soft news saged ngemot kedadosan/lelampahan ajeg, kadosta pawartos seminar, ritual budaya, wisudhan/pelantikan pejabat. Indepht news, inggih punika pawartos ingkang suraosipun sakalangkung lebet, saged wujudaken kanthi wujud feature, nanging saged ugi pawartos seselan kanthi sarat, suraosipun ngemu lampahing panaliten dateng satunggalipun kadadosan/lelampahan. Sumber pawartos kapantha dados kalih: a. primèr/langsung, kanthi ngutus reporter kanggè pados pawartos lelampahan ing madyaning masyarakat, kanthi wawancara. b. sekunder/boten langsung, saged kaundhuh ing: (a) mèdia cetak (kalawarti lan ariwarti), (b) media elèktronik (televisi, internet), (c) giyaran pawartos saking pamarintah/swasta, (d) network/jaringan mawi kantor pawartos, (e) masyarakat. (Masduki,2001:14-15) Ciri-ciri pawartos. a. Aktual : tansah wonten pawartos énggal b. Faktual : pawartos ingkang trep kaliyan kedadosan saéstunipun. c. Objektif : pawartos ingkang kaaturaken kanthi adil. d. Publisitas : katujokaken kagem masyarakat umum Maos Teks Pawartos

1. Ingkang kedah dipungatosaken rikala maos pawartos inggih punika: a) intonasi kedah pas (nggatosaken koma saha titik, ugi tandha sanèsipun); b) pakecapan trep kaliyan artikulasipun; WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta

36

c) d) e) f)

volume utawi lirih soraning swanten kajumbuhaken kaliyan kahanan; sasaged-sagedipun nyingkiri dhialek, kajawi kanggé pawartos ing TV lokal. paningalipun sasaged-sagedipun katujokaken dhateng pamirsa Wicaranipun utawi pangucapipun:  Andhap inggil pocapan: tembung, ukara (intonasi/ketepatan nada)  Nganggé sela (durasi/pemenggalan)  Cepet-alonipun anggenipun micara (tempo/cepat-alon)  Nggatosaken tembung-tembung ingkang wigati tumrap surasaning pawartos (aksentuasi/tepat penekanan)  Bener lan pener anggenipun ngucapaken konsonan, pakecapan, tembung andhahan, ukara pakon/pitakonan, lan sapanunggilanipun kasebat artikulasi. g) Wirasanipun (capability)  Nedahaken minangka paraga ingkang pinter, mumpuni ing kawruh  Mangertosi swasana  Pamaosipun cetha, boten grusa-grusu  Mangertosi surasaning pawartos  Mangertosi paramasastra h) Wiraganipun utawi polatanipun  Sumèh  Asring mèsem  Sumanak, nyumadulur  Resep

2. Sawetawis bab ingkang nyengkuyung pamaosipun pawartos: a) Tulus ikhlas b) Sumanak c) Sumringah d) Anteb lan manteb e) Pitados dhateng dhiri pribadi f) gadhah wawasan wiyar g) anggenipun wicanten prasaja h) Samekta ing samubarang i) Maragakaken kanthi bungah, sumringah, trep (boten amargi kepeksa) j) Mangertos wancinipun miwiti maos k) Mungkasi kanthi alon lan antebing tetembungan

3. Sawetawis bab ingkang boten perlu dipuntindakaken nalika maos pawartos: a) Gugup b) Gumunggung, kemaki c) Ajrih lepat d) Katungkul maos 4. Panyeratan tanda waosan ing naskah pawartos. tanda waosan naskah pawartos radio, inggih punika tanda koma ( , ) dipungantos ( / ). Tanda titik ( . ) kagantos tanda (//). Menawi pungkasaning naskah berita migunaaken tanda (///) angka lan cekakan. (Kapethik saking warni-warni sumber)

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta

37

C

Tuladha Teks Pawartos

Judul (Irah-irahan) : Dhaharan Tradisional wiwit Langka Dinten/Tgl/Jdl/Gambar : Rebo/9 September 2015/ Dhaharan Tradisional ing Kantin Sekolah

Opening (Pambuka) Sugeng siyang pamirsa / Pepanggihan malih kaliyan kula Salma Latifa/saha kanca kula Utami Dwi Suryaningputri/Ing Pawartos Wibawa// Edisi Rebo/ sanga Sèptèmber/ kalih èwu gangsal welas// Kagem ngaturaken pawartos/ ingkang paling aktual/ tajem/ lan pinitados// ingkang dipunrangkum dening tim redaksi/ Pawartos Wibawa // Content(Isi) Pawartos 1: Orator Dhaharan tradisional ing Sekolah-sekolah Yogyakarta/ sakedhik mbaka sakedhik wiwit kagusur dening dhaharan modhèren//Para bakul dhaharan tradisional ing peken wiwit langka/Ibu Suparti minangka juragan dhaharan tradisional ing Kitha Yogyakarta/ wiwit nyuda produksi dhaharan tradisionalipun amargi sudaning pamundhutan saking para bakul dhaharan tradisional ing wanci sapunika//Para bakul dhaharan tradisional sapunika /kanggénuruti panyuwunan pasar/ wiwit ewah dados bakulan dhaharan modhèren kadosta sawernaning roti basah///

Tayangan ing Kantin SMA Merdeka NARASI PAWARTOS 1 Ibu Suparti minangka juragan dhaharan tradisional/ wiwit tahun 1980 sampun damel manéka dhaharan tradisional// Dhaharan tradisional produksi Ibu Suparti/ugi dipuntitip-titipaken wonten ing kantin sekolah-sekolah// Ananging produksi dhaharan tradisional Ibu Suparti sangsaya dangu sangsaya kirang pandhemenipun/mliginipun laré sekolah/amargi laré sekolah langkung remen dhaharanmodhèren// Ngayogyakarta minangka kitha pendidikan lan pariwisata gadhah kathah sanget dhaharan tradhisional/tuladhanipungathot/thiwul/kipo/kembangwaru/cenil/geblèk/gathot/mentho/ growol/srabi kocor/lapis/sagon/kicak lansapanunggilanipun// Estunipun dhaharan tradhisional saking Ngayogyakarta punika kathah makna lan filosofi/ dhaharan tradhisional ugi séhat amargi boten migunakaken pengawèt//Kathah dhaharan tradhisional Ngayogyakarta ingkang migunakaken ketos/ filosofinipun ketos punika kelèt /dados pangajeng-ajengipun saged ngraketaken pasedhèrèkan// Tuladhanipun lemper/ wajik/ jadah/ kembang waru/legamara/kipo, yangko/semar mendem/ klepon/ kicak lan sapanunggilpun// Lajeng Kembang waru/wonten warni wolu ing kembang waru/ ingkang gadhah makna wolung margi utama/inggih punika baskara/ lintang /candra / mega/kisma/ tirta /samudra/saha maruta// Tiyang ingkang dhahar kembang waru pralampitanipun saged ndherek ngamalaken wolung margi utama//Tuladhanipun lambang lintang saged kanggé panuntun/méga saged pangiyup nutupi saking benter/tirta kanggé panggesangan/kisma kanggé palenggahan/baskara kangge pepajar/candra kanggé pangayoman/samodra kanggé pangupajiwa lan maruta kanggé reresik reregedan/// Para pamirsa, makaten pawartos basa Jawa ingkang saged kaaturaken ing sonten punika/ mugi wilujeng ingkang sami pinanggih// Nuwun/// WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta

38

Tayangan Pemanggih (Pernyataan) Narasumber 1 Ananging sapunika dhaharan tradhisional punika sampun awis kapanggihaken ing peken/ amargi kathah tiyang mliginipun kawula mudha punika langkung remen fast food/junk food (dhaharan saking mancanagari)///

Tayangan Pemanggih (Pernyataan) Narasumber 2 sanèsipun samenika sampun boten kathah tiyang ingkang saged damel dhaharan tradhisional/// Pawartos 2: Gudheg, dhaharan khas Ngayogyakarta punika kathah pandhemenipun/ inggih punika masyarakat umum kalebet ugi para priyagung amargi raosipun ingkang khas// Gudheg dipundamel saking gori (nangka ingkang tasih anem)/dipunungkep kaliyan ronjati/lajeng dipungodhog/mbetahaken wekdal radi dangu /kanggé masak gudheg//Lajeng warni soklat gudheg /limrahipun dipunasilaken saking ron jati ingkang dipunmasak sesarengan gori/// Tayangan ing Warung Gudheg Lestari

Gudheg jinisipun wonten tiga, ing antawisipun: 1. Gudheg garing/inggih punika gudheg ingkang dipuncawisaken nganggé arèh kenthel// 2. Gudheg teles/inggih punika gudheg ingkang dipuncawisaken nganggé areh èncèr// 3. Gudheg Sala/inggih punika gudheg ingkang arèhipun werni pethak//

Gudheg limrahipun dipuncawisaken kanthi nganggé tigan pindhang/tempé bacem/ tahu bacem/sambel gorèng krècèk/utawi ugi wonten ingkang dipunsukani opor ayam// Wadhah kanggé madhahi gudheg ugi maneka warni/ antawisipun tampah alit saking deling/ ron pisang ingkang dipunéntho (pincuk)/ wadhah kendhil utawi lancaran/// Tayangan Pemanggih (Pernyataan) Narasumber 1 Sapunika gudheg kathah dipunpanggihaken wonten ing peken utawi warung/ langkunglangkung ing tlatah Wijilan Yogyakarta///

Tayangan Pemanggih (Pernyataan) Narasumber 2 Amargi punika prayogi kalestariaken dhaharan gudheg punika// Mliginipun saged kagem oleh-oleh/ utawi pènget tumrapipun dhaharan khas ing tlatah Kasultanan Ngayogyakarta///

Closing (Panutup) Tayangan pawartos bab gudheg kalawau/ ugi minangka pepisahan pepanggihan kula saha panjenengan sadaya ing siyang punika/ Kula Salma Latifa/ lan kanca kula Utami Dwi Suryaningputri/ sesarengan kaliyan kanca-kanca tim/ ingkang kapiji/kepareng nyuwun pamit/ saking méja redaksi/ Edisi Rebo/ sanga September/ kalih ewu gangsal welas//Sugeng siyang/Rahayu ingkang samya pinanggih///

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta

39

GLADHEN I.

Tuladha teks pawartos-teks pawartos punika kadamel kadosdene tuladha teks pawartos “Dhaharan Tradisional wiwit Langka” ing inggil punika! A. Soal Setunggal      

Pawartos Ngayogyakarta Hadiningrat Adicara : Pawartos Wibawa Judul : Tugu Jogja Primadona Kangge Selfi Stasiun Tv : Wibawa TV Dinten : Rabu, 09 September 2015 Wekdal : 19.00 – 19.30 WIB Pranata Adicara : Karina Savitri TV-Wibawa

Tugu Yogya wonten ing tengahipun pra sekawan margi. Inggih punika margi AM Sangaji wonten ler, margi Jénderal Sudirman wonten wétan, margi Pangeran Mangkubumi wonten kidul lan margi Pangeran Diponegoro wonten kilen. Tugu Yogya punika umuripun sampun tigang abad. Tugu kadamel nalika jumenengipun Sri Sultan Hamengku Buwana I ngasta pusaraning praja. Tugu kanggé mèngeti semangatipun rakyat Yogyakarta. Nalika Sultan lenggah wonten ing Siti Hinggil, Sultan saged mirsani Tugu golong gilig. Tugu golong gilig pralambang “Manunggaling Kawula Gusti.” Tugu punika salah satunggaling garis imajiner utawi garis lurus Merapi- Tugu- Keraton Ngayogyakarta Hadiningrat-Panggung KrapyakSeganten Kidul. Warsa 1756, tugu golong gilig inggilipun 25 meter. Golong tegesipun badan kadosta silinder lan gilig tegesipun bunder kadosta bal wonten ing puncak Tugu. Wonten warsa 1867, wonten lindhu ageng ingkang njalari Tugu golong gilig ambruk. Lajeng warsa 1889, Walanda kaliyan Sri Sultan Hamengku Buwana VII yasa Tugu Putih(De Witt Pal) ingkang inggilipun 15 meter.

Warsa 2012, Sri Sultan Hamengku Buwana X dipuncaosi paku emas deningPangarsa Dinas Kebudayaan Daerah Istiméwa Yogyakarta. Paku emas katancep ing uliran kajeng jati ingkang umuripun sampun atusan warsa punika kagem nggantos uliran kajeng ingkang sampun gapuk. (Karina Savitri TV-Wibawa,caos palapuran) B. Soal Kalih

Jogja TV

Tempat Pembuangan Sampah Akhir, Ngablak, Sitimulyo, Piyungan, Bantul dipunbikak wiwit taun 1996. Papan ingkang reged lan ngganda kasebat tumraping tetiyang ing sakiwatengenipun TPA pranyata boten ndadosaken perkawis punapa-punapa, kepara mujudaken papan ingkang ngrejekèni. Ing wekdal sakawit, sadèrèngipun TPA punika dipunbikak, kawontenan WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta

40

masyarakat ing sakiwatengenipun papan kasebat mrihatosaken. Nanging sasampunipun TPA dipunbikak, gesangipun warga mbaka sekedhik saya mindhak saé awit ndayakaken uwuh ing papan punika. Salah satunggaling warga masyarakat Ngablak, Ahyar, ugi nélakaken bilih sasampunipun TPA Ngablak dipunbikak, kios ban lan tambal banipun ugi saya ramé. Kejawi punika, warga ing sakiwatengen ugi saged nyambut damel pados rongsokan uwuh menapa déné ngingah lembu, satemah gesangipun saya mindhak. Para warga ing sakiwatengening TPA sewaunipun boten mangertos menawi uwuh punika wonten pangaosipun. Sasampunipun kathah tetiyang saking sajawining rangkah pados rongsok ing papan kasebat, para warga nembé gumrégah tumut pados rongsok lan pranyata gesangipun ugi saya saé. (kapundhut saking http://mydiery45.blogspot.com/2012/09/pawartos.html) Gladhen A. Negesi Tembung Tembung ing andhap punikadipunpadosi tegesipun! 1. ngrembaka 2. panyengkuyung 3. jangkep 4. pekiwan 5. sapèrangan 6. mratélakaken 7. bebendu 8. bera 9. cengkar 10. perdondi. Gladhen B. Kadamel teks pawartos basa Jawakanthi miji salah setunggaling tema ing andhap punika,salajengipunkawaosaken ing ngajeng kelas! 1. Muséum Sanabudaya 2. Jathilan 3. Parangtritis 4. Beksan Angguk 5. Jemparingan Mataraman 6. Batik khas Ngayogyakarta 7. Bedhaya Semang 8. Langen Mandrawanara 9. Bekakak 10. Merapi

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta

41

KAWRUH UKARA 1. UKARA TANDUK SAHA UKARA TANGGAP Ukara tanduk inggih punika ukara wedharipun gagasan, wondéné ingkang dados wigatining ukara inggih punika wasésanipun utawi jejeripun. Wasésa, amargi prelu ngandharaken tandang-tandukipun jejer, solah bawanipun, utawi patrapipun Jejer, amargi prelu ngandharaken sinten, kang nandukaken pedamelan, ingkang kasebut ing kriyanipun tembung wasésa. Pitakon ingkang wangsulanipun mesthi ukara tanduk, migunakaken pitakon: ....................., kénging menapa (siweg menapa)? Sinten ..................................? Tuladha: Sudarman Kénging menapa, kok boten medal-medal punika? Wangsulanipun:  Sudarman (siweg) dhahar  Sudarman (siweg) imbah-imabah  Sudarman (siweg) nyapu Ukara punika ingkang dipunpreloaken wasésanipun  Sapa sing mangané klonthéngan kaé?  Sapa sing nyapu rag-reg neng latar ngarepan kaé? Wangsulanipun:  Dik mimi ingkang nedhanipu klonthéngan.  Miyem ingkang nyapu rag-reg teng latar ngajeng punika. Ukara punika ingkang dados wigatosipun jejer: Ukara tanggap ugi dados wedharing gagasan, wondéné ingkang dipundamel wigatos wasésanipun inggin punika ingkang nandhang kriyanipun wasésa. Sarehning dados undering pirembagan pramila lungguhipun lésan ing ukara kadamel jejer. Ukara tanggap punika dados wangsulanipun pitakénan: Sinten utawi menapa, dipu- (dak, kok)............................................? Tuladha:  Sinten Ingkang dipundukani simbah?  Menapa ingkang dipunsuwun-suwun kanthi adreg? Wangsulan:  Adhik Angga Ingkang dipundukani Simbah.  Tumuruning sih dipunsuwun-suwun kanthi adreg. Mesthinipun bilih lésanipun sampun katingal sadéréngpun, namung wasésanipun mawon ingkang déréng, ukara tanggap bakal dados wangsulanipun pitakon: ...................................dipunkapakaken? Tuladha: Sidin dipunkapakaken kaliyan Siman? Wangsulanipun:  Sidin dipuntendhang Siman. WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta

42

 Sidin dipunwirangaken Siman.  Sidin Dipunsenéni Siman. Ukara tanggap mesthi mawon wasésanipun inggih adhapur rimbag tanggap: Tuladha:  laré dipuntuthuk  Gedhang kok dhahar  Buku dak waos  Narapraja Tinanggenah lsp. Cobi kadospundi Pakonipun ukara Tanggap? dhapukan Lumrah saha dhapukan walikan. Gatosaken ukara-ukara ing andhap punika:  Bapak/ lenggah wonten ngajengan.  Tiyang punika/ sampun ngendhap-endhap bebektanipun.  Saudagar kalawau/ nawakaken daganganipun.  Rayimu/ dipuntaboki Simin.  Laré punika/ sampun dipundukani. Ukara ing inggil punika ingkang ngajeng dados Jejer wondéné ingkang ingkang wonten wingking tandha pamedhot punika dados Wasésanipun. Ukara jeneng Dhapukan lumrah, bilih Jejer wonten ngajeng wondéné wasésanipun wonten wingking. Kosok wangsulipun Jeneng dhapukan walikan. Tuladha:  Dipuntaboki Simin/ Rayimu mau.  Lenggah ing ngajengan/ bapak  Diwirangaken Sidin, adhiku.  Nawakaken dangangan/ Bah Gumuk wau énjing.

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta

43

WULANGAN 5

Kompetensi Dasar Memahami geguritan yang dibacakan atau melalui berbagai media

A.

Materi Pokok: Geguritan

Kawaosa kanthipermati! GURITAN

Menawi miturut Subalidinata (1994:45), geguritan inggih punika ranatamaning basa ingkang mèmper syair (syair Jawa gagrag énggal). Jinisipun Geguritan/Titikanipun geguritan saged kaperang dados kalih, inggih punika:

1. Geguritan gagrak lawas Geguritan punika ngginakaken basa Jawa kina lan kapérang wonten ing pupuh–pupuh tembang, kawengku guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan. Geguritan punika ugi kalebet golonganipun tembang utawi lelagon kang nganggé Purwakanti guru-swara. Paugeranipun geguritan gagrag lawas inggih punika: a. Cacahipun gatra boten ajeg, nanging lumrahipun, sakedhikipun wonten sekawan gatra. b. Cacah wandanipun gatra satunggal lan satunggalipun tetep sami c. Dhong-dhing utawi guru lagunipun sadaya manggèn wonten wekasanipun gatra runtut inggih punika nganggé purwakanti guru swara. d. Sangajengipun ukara (gatra) ingkang kawiwitan nganggé bebuka“sun gegurit” nanging boten ateges saben pada/bait wonten tembungipun “sun gegurit”. Tembungipun “sun gegurit” namung wonten inggil piyambak. tuladha: Sun gegurit, Wateké wong kampung jati Bekti marang yayah wibi Setya marang sakèh janji

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta

44

2. Geguritan gagrag énggal Geguritan gagrag énggal ngginakaken basa Jawa jaman sapunika lan dipunserat nganggé aksara latin, lan sampun ngginakaken kertas/dluwang. Geguritan gagrag énggal boten kapérang wonten ing pupuh–pupuh tembang lan boten nganggé tembung “sun gegurit”, sampun boten kawengku guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan, pramila jinising geguritan gagrag énggal punika saged dipunwastani puisi Jawa bebas.

B.

Geguritan ingkang saé prayoginipun ngemot unsur-unsur, inggih punika:

1. Kaéndahan Kaéndahaninpun geguritan kadhapuk lumantar: a. pamilihing tembung-tembung ingkang mentes, nges, lan pantes. b. migunakaken leléwaning basa ingkang saged nuwuhaken greget lan raos ingkang kiyat c. migunakaken purwakanthi ingkang saged mimbuhi kaéndahanipun. 2. Piwulang/Pendidikan Geguritan kajawi ngemot kaéndahan, ugi ngemot piwulang. Kanthi geguritan, saged suka patuladhan lan pitutur ingkang saé, sarta migunani kanggé sanguning gesang ing alam donya. 3. Nuwuhaken raos tresna Geguritan prayoginipun saged nuwuhaken raos tresna ingkang migunani tumrap masyarakat, awit lumantar geguritan saged nyuntak gagasan-gagasan tumrap majengipun nusa lan bangsa. Raos tresna ingkang tuwuh inggih punika raos tresna dhateng sasaminipun manungsa, dhumateng Gusti Ingkang Kawasa lan dhateng lingkungan. 4. Wetah Isining geguritan kedah wetah lan nyawiji ing antawisipun pèrangan-pèrangan unsur ing geguritan, boten saged madeg piyambak-piyambak.

C.

Ingkang kedah dipungatosaken rikalanipun maos geguritan:

a. Wicara (basa, pakecapan) Nalika maos geguritan pocapan kedah cetha, boten groyok, bléro utawi mangu-mangu. Kedah saged ngucapaken aksara kanthi leres, upaminipun mbédakaken aksara a / o; t / th; d / dh; lan sapanunggilanipun b. Wirama Iramaning tiyang maos geguritan saged minangka pandudutipun tiyang ingkang mirengaken. Sora utawi boten iramanipun kaselarasaken kaliyan isining geguritan. c. Wirasa Wirasa katrepaken kaliyan isining geguritan, upaminipun: nesu, gumbira, susah, kejem, wibawa, getun lan sapanunggilanipun d. Wiraga (solah bawa, pasemon) Ébahing badan lan pasuryan kedah dipungatosaken, kedah luwes (boten kaku) lan sampun ngantos katingal kadamel-damel.

Supados wicara, wirama, wirasa lan wiraganipun saged saé, ingkang badhé maos kedah pados upaya amrih mangertosi tegesipun tembung-tembung ingkang kaginakaken ing geguritan wau lan mangertosi maknanipun.(kapethik saking warni-warni sumber) WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta

45

.

D.

Nyerat Geguritan

Geguritan saged kawastanan puisi bebas, amargi anggènipun damel langkung mardika, boten wonten paugeran ingkang gumathok kados déné damel sekar Macapat. Sanajan ukaranipun kathah, sasaged-saged maknanipun kempel, manunggil lan runtut. Sadaya wau kanthi pangangkah amrih ingkang maos saged damel dudutan/simpulan kados déné ingkang dipunkersakaken panganggit. 1. Caranipun damel geguritan: a. Nemtokaken undering perkawis b. Milih irah-irahan/judul ingkang saé, saged narik kawigatosan ingkang maos c. Milih tembung ingkang saé lan mentes d. Antawisipun judhul lan téma wonten sambetipun. e. Saged migunakaken purwakanthi f. Saged migunakaken leléwaning basa/gaya bahasa 2. Amrih saged nyerat geguritan kanthi saé, saged nindakaken lampah kados ing andhap punika: a. Nggladhi tanggap sasmita, inggih punika nggladhi “kepekaan dhiri” ingkang saged katindakaken kanthi remen nggatosaken kawontenan ing kanan keringipun, remen nandhingaken kawontenan, lan sapiturutipun. b. Nyepeng ilham, ilham ing ngriki saged dipuntegesi cahya ingkang saged nuntun angenipun ngudar gagasan. Kanthi ngeningaken cipta, remen olah rasa, titèn, opèn, tundhonipun saged panèn utawi ngundhuh ilham wau. c. Ngedalaken tembung ingkang sapisanan minangka tembung ingkang saged nuntun tembung-tembung salajengipun. Satembung kalawau saged kapanjangaken kanthi maringi pitakènan punapa, sinten, kados pundi, wonten pundi, wanci punapa, lan wonten pundi papanipun. Kanthi makaten satembung kalawau saged dados embrioembrio ingkang saged kaserat sauger tasih komprehensif, koheren lan kohesif. d. Ngolah tembung, saged katindakaken kanthi ngroncé tembung-tembung ingkang kawedal saking ilham wau. e. Maringi vitamin ing tembung-tembung wau. Menawi tembung-tembung kalawau karaos dèrèng saé lan pas, saged kawimbuhan kagunan basa ingkang endah, saged awujud purwakanthi, wangsalan, èntar, pepindhan, paribasan, lan sapanunggilanipun f. Milihi tembung saged katindakaken kanthi menggalihaken sinten ingkang badhé maos, kados punapa ingkang dipunangen-angen, salajengipun saged nggantos tembung-tembung ingkang kirang mathis wau sadèrèngipun kabundheli utawi rampung. Kanthi makaten, kaajabsaged tuwuh geguritan ingkang prasaja nanging mentes isinipun lan narik kawigatosanipun pawongan ingkang maos. (kapethik saking warni-warni sumber)

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta

46

E.

F.

Wosipun geguritan wonten tigang aspek inggih punika :

ingkang kedah dipungatosaken

1. Edahing geguritan; puisi minangka karya sastra ingkang estetikipun inggil. 2. Wosing geguritan, wosing minangka mentes, satemah pangripta geguritan kedhah milih tembung kanthi premati. 3. Lelewaning basa Jawa ingkang sinebat purwakanthi. Kapendhet saking tembung purwa ingkang tegesipun wiwitan lan gandhèng ngambali (mbaleni) swanten, huruf utawi tembung ingkang sampun kasebat ing seratan sadèrèngipun (S.Padmosukotjo, 1961: 99). Leléwaning basa Jawa ingkang kaserat wonten ing geguritan, sinebat purwakanthi. Purwakanthi inggih punika tetembungan ingkang sami swantenipun utawi aksaranipun.

Purwakanthi ing geguritan kapérang dados tiga, inggih punika:

1. Purwakanthi guru swara, tetembungan ingkang sami swantenipun (menawi aksara Jawa) utawi aksara vokalipun (menawi aksara latin). tuladhanipun:

  

Gemi setiti, ngati-ati Cabar kesasar mangsa sing sugar

(Djaka Lodang no.05 tanggal 5 Juli 2014)

Prenjak sepasang pèncokan pang

(Djaka Lodang no.17 tanggal 27 Septembér 2014) 2. Purwakanthi guru sastra, tetembungan ingkang sami aksaranipun (menawi aksara Jawa) utawi aksara konsonanipun (menawi aksara latin) tuladhanipun:

  

sedya suka semu sengsem sekar seroja sapa salah sèlèh ........... lungkrah lesu lèlèt lemot léndhé-léndhé lincak liyer-liyer

3. Purwakanthi lumaksita/guru basa, wontenipun tetembungan ingkang dipunambali malih wonten ing pérangan salajengipun (wingking). tuladhanipun:

   

G.

wujuding katresnan suci sucining ati nglilakaké jiwa jiwa kang wus nglembara ....... Suwung ijèn tanpa rowang,rowange iblis bekasakan. (Djaka Lodang no.16 tanggal 20 Septembér 2014)

Leléwaning Basaing geguritan, antawisipun:

1. Anadiplosis Anadiplosis inggih punika ngambali tembung ing pungkasaning gatra/larik utawi saben pungkasaning ukara lajeng tembung kalawau kaserat ing wiwitaning gatra/larik. WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta

47

Tuladha:

Wengi kang Sepi Sawangen ing wanci wengi iki Wengi lan sepi rumeksa dadi siji Langit sumilak padhang rembulan rinubungan maèwu-èwu lintang kakencar Rembulan ayu ngumbar soroté (Déning Sinar Indrakrisnawan)

2. Anafora Anafora inggih punika ngambali tembung ing saben wiwitaning larik utawi saben wiwitaning ukara ingkang sampun kasebat ing seratan sadèrèngipun. Tuladha: AKU

Aku iki aku Aku iki udu kowé Aku iki udu kaé Aku iki nduwé akèh kekurangan Nanging, aku uga nduwé sithik kaluwihan Aku bisa mèsem ana ing kahanan ati sing ora mungkin bisa mèsem (Déning : Rizkyajeng Pradnya Devi)

3. Antanaklasis Antanaklasis inggih punika ngambali tembung ingkang sampun kasebat ing seratan sadèrèngipun nanging kanthi teges ingkang béda. Tuladha: Pari uwi sing mular Cabar kesasar mangsa sing sigar Ya sigar sing sigar (Djaka Lodang no.05 tanggal 05 Juli 2014)

4. Asonansi Asonansiinggih punika ngambali swanten utawi vokal ingkang sampun kasebat ing seratan sadèrèngipun. Tuladha: Yèn lagi nampa coba Sapa waé bakal krasa lara Ora kaya nalika lagi cekel panguwasa Sruwa-sruwi katon bisa Nggayuh bandha lan rajabrana Mongkog nampa pangalembana Mula aja gampang deksiya Marang sapadha-padha (Djaka Lodang no.21 tanggal 19 Oktober 2013)

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta

48

5. Epistrofa Epistrofa inggih punika ngambali tembung ing saben pungkasaning gatra/larik utawi saben pungkasaning ukara ingkang sampun kasebat ing seratan sadèrèngipun. Tuladha: Prabéda iku Nugraha Sruwa-sruwi sarwa prabéda Priya wanita iku prabéda Rina wengi uga prabéda Tangan kiwa-tengen prabéda (Djaka Lodang no.17 tanggal 27 Septembér 2014) 6. Kiasmus Kiasmus inggihpunika ngambali tembungi ngkang sampun kasebat ing seratan sadèrèngipun minangka inversi sesambetan antawisipun kalih tembung ing satunggaling ukara. Tuladha: Sejatinésliramu lan sliraku iki sapadha titah Titah kang remen manembah marang kang Acecipta Généya kaya ora ana tepa slira Aku mangerti yèn uripmu ora cukup mung krana nyenyawang Mesthi waé sliramu butuh mangan, anyukupi butuhé anak putu Iku tan béda klawan sliraku (Djaka Lodang no.37 tanggal 14 Pebruari 2015)

7. Epizeukis Epizeukis inggih punika ngambali tembung ingkang sampun kasebat ing seratan sadèrèngipun sipatipun langsung, inggih punika tembung-tembung ingkang kaanggep wigati kasebat langkung kaping setuggal. Tuladha: Atiku rinujit Rinujit déningtangan Tangan pengkuh kang tega Tega milara (Djaka Lodang no.03 tanggal 21 Juni 2014)

8. Epanalepsis Epanalepsis inggih punika ngambali tembung sepisanan saking setunggal gatra/larik lajeng tembung kalawau dhawah ing pungkasaning ukara. Tuladha: Apa aku bisa damel gurit kagem Ibu? Menawa drijiku wis kithing amarga paling gething ngasah lading ngisahi cething. Apa aku bisa damel gurit kagem Ibu? Menawa kupingku wis budheg amarga ora peduli yèn Wong Tuwa lagi bunek Apa aku bisa damel gurit kagem Ibu? Menawa mripatku wis wuta ora nggrahita susahé Wong Tuwa Apa aku bisa damel gurit kagem Ibu? Menawa tanganku wis céko ora naté nyuntak wédang njero téko Apa aku bisa damel gurit kagem Ibu? WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta

49

Menawa sikilku wis sèmpèr ora tau njèrèng gabah ana ngèmpèr Apa aku bisa damel gurit kagem Ibu? Menawa guluku wis tèngèng merga aleman lumrahé bocah cèngèng. Apa aku bisa damel gurit kagem Ibu? Menawa awakku wis lumpuh amarga ora mbiyantu Ibu kang lagi ngregiyek nyunggi Ki Ageng Butuh Apa aku bisa damel gurit kagem Ibu? (Déning Triwik Damarjati)

H.

1. 2. 3. 4.

Tataranipun apresiasi geguritan: Saderma maos Seneng (remen maos) Analitif (caos kritik) Produktif (ajeg ndamel seratan)

Gladhen

a. Kagatosna geguritan ing andhap punika!

Kapan Budaya Jawa Bali Kombul Dénin:Suwardanijaya

Tumlawunging rasa Kang sumimpen primpen jroning ati Ngerti èndahing budaya jawa nadyan ana ing jaman globalisasi nandi janji kangen kidung Jawa jebul kang ndakrungu lagu manca kang gawé nggronjaling rasa aku tansaya bingung marang budayaku kaya yèn kapang macapatan Ati kang wus tuwa iki tansaya nlangsa Apa manèh sliramu wis kakikis nganti gripis Tumusi banjur padha ra nggubris Kapikut…gandrung mring tembung manis Marang gebyaré budaya manca kang ora ètis Budayaku siji mbaka siji wiwit disingkur Pira baé nom-noman kèlangan tata krama Kang tumusé ngembrah anané korupsi Kang semana diwiwiti cidra janji Pancèn kandhané mono arep nguri-uri Gawé lestariné budaya Jawa Murih bisa bali kumbul Sarta bisa sempulur WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta

50

Nanging nyatané saiki bisa padha dipriksani Endi ana nom-noman padha basa Jawa Mangka akèh kang ngaku-aku dadi wong Jawa Nanging karo wong tuwané dhéwé waé ora basa Banjur kapan budaya Jawa bisa kajèn Bisa bali kombul dadi budayaning bangsa (Djaka Lodang No.21.Tanggal 19 Oktober 2013)

b. Saking geguritan “Kapan Budaya Jawa Bali Kombul”dipunpadosi 1. Punapa bab-bab ingkang ndadosaken éndah geguritan kasebat? 2. Punapa piwulang ingkang kakandhut ing geguritan kasebat? 3. Punapa perangan ingkang saged nuwuhken raos tresna saking geguritan kasebat? 4. Punapa saged nyawiji punapa botenipun geguritan kasebat?

c. Dipunsemak geguritan “Pepalang ing Kaliurang”punika! Pepalang ing Kaliurang Déning:Sinar Indrakrisnawan

Crita asmara isih dawa Rinoncé nalika pepacangan Ana ing èrènging Kaliurang Saiki ilang kabuncang tanpa rowang Sowang-sowang. Bumi katon asri nalika ngancik wiwaraning ratri Nalika srengéngé nggégé tekané Sandyakala, pindha ketemu èseming kenya ngancik remaja. Swara manuk ocèh-ocèhan Keplantrang ninggal pèncokan Pupus sempal sakabèhing sesanggeman Suwé ngrantu klédhangmu ing delanggung suwung Senajan kudu kesandhung Tumiba ing jurang Kaliurang. Mung swaramu Kang bisa nyisihké rasa kangenku Ngebatké nesu lan keselku Lan ngrenggani kabèh panyawangku Ngeket anget sepining wengiku. Mendhung hangendhanu mayungi Kaliurang Nutupi sakabèhing karep lan pengarep-arep Kèndhang kasempyok kumriciking Kali Boyong.

d. Saking geguritan “Pepalang ing Kaliurang”dipunpadosi 1) Punapa bab-bab ingkang ndadosaken éndah geguritan kasebat? 2) Punapa piwulang ingkang kakandhut ing geguritan kasebat? 3) Punapa perangan ingkang saged nuwuhken raos tresna saking geguritan kasebat? 4) Punapa saged nyawiji (koherensi) geguritan kasebat?

e. Kadamelgeguritan kanthi téma Kabudayan Jawa, lajeng kawaosaken ing ngajeng kelas! WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta

51

KAWRUH TEMBUNG c.

Tembung Tanggap 1) Tanggap dak kok di Tembung tanggap punika ater-ateripun wonten werni tiga, inggih punika: - dak/tak, namanipun tanggap dak utawi tanggap utama purusa. - kok / ko, namanipun tanggap ko utawi tanggap madyama purusa - di, namanipun tanggap di utawi tanggap pratama purusa. Tembung tanggap wonten werni 3, inggih punika: a) - tanggap dak wantah utawi ugi kasebat tanggap utama purusa kriya wantah. Tuladhanipun: dakbalang. - tangap dak-i utawi ugi kasebat tanggap utama purusa -i kriya Tuladhanipun: dakbalangi. - tanggap dak -ké utawi ugi kasebat tanggap utama purusa -ké kriya. Tuladhanipun: dakbalangake b) - tanggap ko wantah utawi ugi kasebat tanggap madyama purusa kriya wantah. Tuladhanipun: kokbalang. - tangap ko-i utawi ugi kasebat tanggap madyama purusa -i kriya Tuladhanipun: kokbalangi. - tanggap ko -ké utawi ugi kasebat tanggap madyama purusa -ké kriya. Tuladhanipun: kokbalangake c) - tanggap di wantah utawi ugi kasebat tanggap pratama purusa kriya wantah. Tuladhanipun: dibalang. - tangap di-i utawi ugi kasebat tanggap pratama purusa -i kriya Tuladhanipun: dibalangi. - tanggap di -ké utawi ugi kasebat tanggap pratama purusa -ké kriya. Tuladhanipun: dibalangaké. 2) Tanggap ka lan tanggap na Tanggap ka lan tanggap na punika limrahipun namung kaginakaken ing basa sinerat kemawon, boten naté kaginakaken ing pacelathon. Tanggap ka lan tanggap na punika saged kaanggep minangka sesulihipun tanggap di. Déné tanggap na punika wujudipun tembung lingga kaseselan -in. Tuladhanipun: - kagawa sami kaliyan digawa - ginawa sami kaliyan digawa. 3) Tanggap tarung Tanggap tarung inggih punika tembung ingkang dipunwuwuhi tanggap na, ingkang gadhah teges rebut utawi genti-genti nandukaken kriya. Kadosta tabok tinabok, sanja sinanjan. Tembung ingkang purwanipun aksara swara menawi kadamel tanggap na, seselan in dunungipun dados wonten ngajeng lan ewah daos ing. Tuladhanipun: undur+ in = ing-undur andhap + in = ing-andhap.

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta

52

WULANGAN

6

Kompetensi Dasar

Menceritakan berbagai pengalaman dengan menggunakan bahasa Jawa sesuai dengan konteksnya. A.

Materi Pokok: Carios Pengalaman

Salah satunggaling siswa maos andharan ing andhap punika, déné siswasanèsipun mirengaken!

CARIYOS PENGALAMAN

Nyariosaken pengalaman pribadi utawi pengalaman tiyang sanès kanthi ngginakaken basa krama alus utawi basa ngoko lugu.Nyariosaken pengalaman pribadi utawi pengalaman tiyang sanès ngengingi kedadosan-kedadosan ing wekdal tartamtu. Cariyos pengalaman punika kalebet cariyos pengalaman warni-warni, kadosta pengalaman lucu, pengalaman nggegirisi, pengalaman sedhih saha sadaya pengalaman ingkang boten saged dipunsupèkaken.Cariyos pengalaman lucu, pengalaman medèni utawi pengalaman sedhih saged kapendhet piwulangipunkanggékacabénggala minangka pandoming tumindak lan ing tembé wingkingipun tansaha kebak pangatos-atos. Supados anggènipun cariyos pengalaman punika saé, prayogi migatosaken ing andhap punika: 1. Cariyos bab pengalaman punika tegesipun nyariyosaken pengalaman ingkang boten saged dipunsupèkaken. 2. Ukaranipun prasaja lan cetha 3. Tembung-tembungipun gampil dipun mangertosi. 4. lagunipun ingkang cetha lan saged milah-milahaken frasa-frasa (kelompok kata). Dados pangucapipun boten satembung mbaka satembung, pilihaning tembung ingkang nengsemaken. 5. Anggènipun cariyos dipunkanthèni solah bawa lan polatan (mimik) ingkang trep kaliyan ingkang dipuncariyosaken. 6. Gampil dipunmangertosi topikipun cariyos. 7. Nalika guneman pocapan kedah cetha, boten groyok, bléro utawi mangu-mangu (raguragu). Kedah saged ngucapaken aksara kanthi leres, upaminipun mbédakaken aksara a/o; t/th;d/dh; è/e/é, lan sapanunggilipun. WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta

53

8. Iramanipun tiyang cariyos saged minangka pandudut (daya tarik) tiyang ingkang mirengaken. Sora utawa lirihing swanten dipunlarasaken kaliyan isinipun cariyos. Cariyos kanthi tèma perjuwangan anggenipun matur kedah sora, semangat. Beda kaliyan ngaturaken cariyos ingkang isinipun nembé nandhang kasusahan, kacilakan mesthi kedah alon, lirih, sarèh. 9. Obahing salira lan pasuryan (rai) kedah luwes (boten kaku) 10. Wirasa dipunjumbuhaken kaliyan isinipun cariyos upamanipun: muntab, gumbira, susah, kuciwa, wibawa, getun,lan sapanunggilipun. 11. Pasemon kanthi langsung, cariyos pengalaman ngaturaken bab-bab kanthi langsung inggih punika ngaturaken satunggaling bab ingkang ngemot teges trep kaliyan kadadosanipun. B.

Nyariosaken pengalaman kedah gadhah unsur-unsur kados ing andhap punika:

C.

Tuladha sepisan cariyos pengalaman

1.Punapa pengalaman ingkang badhé kacariyosaken? 2. Wekdalipun rikala punapa kadadosan pengalaman kala wau? 3. Pundi papan panggènan kadadosan pengalaman kala wau? 4. Sintentiyang-tiyang utawi paraga-paraga sanès ingkang ndhèrèk mlebet ing cariyos kalawau? 5. Punapa sebab-sebabipun pengalaman wau kadadosan? 6. Kados pundi pengalaman punika kadadosan? Kecemplung Blumbang Déning: Fajar Ahmad S.

Nalika kula taksih kelas 3 SD, kula saha kanca-kanca kula nama Luki saha Yogi, dolan wonten griyanipun kanca kula Arif. Kula sakanca lajeng dolanan benthik saha dhelikan. Sasampunipun bosen dolanan. Lajeng kula sakanca pados cacing kanggé mancing ulam wonten ing lèpèn. Kanca kula Arif gadhah tangga ngingah segawon cacahipun tiga. Nalika Luki lan Yogi badhé ngampiri kanca kula sanèsipun saprelu dipunajak mancing, dumadakan Luki jail, nirokaken jegogipun segawon. Tanpa kanyana kalih segawon ingkang galakipun boten ilok njranthal badhé nyathèk kanca-kanca kula. Kados gabah dipuninteri kula sakanca nunjang palang pados panggènan kanggé ndhelik. Kula saha Luki lajeng mènèk wit jambu pinggir blumbang. Kanca sanèsipun ndhelik wonten ing grumbulan wit caket kebon. Segawon ingkang ngoyak kula saha Luki nengga wonten ngandhap wit jambu sinambi jegog mencolot-mencolot. Dumadakan mak grobyak kula saha Luki kecemplung blumbang amargi pang jambu ingkang kula anciki sempal. Amargi segawonipun tumut kagèt lajeng njranthal mlajar mlebet kampung. Salajengipun kanca kula Arif saha Yogi medal saking grumbul, lajeng nduding-nduding dhateng kula.Priyambara énggal nulungi kula mentas, nanging malah ngguyu ngantos gulunggulung.

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta

54

D.

Tuladha kaping kalih cariyos pengalaman

Dipuncokot Momok Déning: Muh.Zaki Afif.Z Kadadosanipun rikala kula taksih alit. Dinten punika, kula kaliyan adhi kula dolanan sareng-sareng. Kula saha adhi kula dolanan dhelikan. Rikala punika, adhi kula ingkang kagilir jagi. Kula lajeng ndhelik rikala adhi kula sampun ngétang saking satunggal dumugi sadasa. Kulan dhelik wonten ing wingkingipun lemantun wonten ing pojok kamar kula. Adhi kula madosi kula ngantos ngubengi griya. Wekdal adhi kula mlebet kamar, sanalika kula gadhah niat badhé mejahi lampu supados adhi kula kagèt saha ajrih. Namung, amargi kula dèrèng gadug gedugèn, kula boten saged. Kula lajeng mendhet sapu kanggé nuthuk saklar wau supados lampunipun pejah. boten kanyana, tangan kula malah kados déné kagèrèt saha sakit sanget. Saking kagètipun kula lajeng nyangka menawi kula kagèrèt momok.Kula mbengok sora sanget, lajeng muwun saha mlajar. Mangertosi kahanan ingkang peteng punika adhi kula ugi kagèt saha ajrih, adhi kula mlajar ugi. Kula kagèt sanget, sadèrèngipun kula dèrèng naté ngraosaken raosipun kados makaten. Kula kapanggih bapak saha ibu ingkang kagèt ugi mireng panjerit kula saha adhi kula. Kula nyikep ibu, adhi kula nyikep bapak. Bapak saha ibu ndangu kenging punapa kok kula muwun saha kénging punapa kok listrikipun pejah. Kula ajrih dipundukani bapak saha ibu, kula lajeng matur menawi tangan kula sakit amargi kula nembé kémawon dipuncokot ‘momok’. Bapak saha ibu nyuwun supados kula njlèntrèhaken kedadosan wau. Sasampunipun kula rampung cariyos, É…..jebul ibu saha bapak kula lajeng ngendika sareng. “Wo….tholé ki kesetrum lé…., jenengé, “ lajeng sami gumujeng sinambi ngendika ora papa lé, mengko rak terus mari, sing wigati aja dibalèni ya! E.

Tuladha kaping tigacariyos pengalaman

Watu Jadi-jadian Déning: Nurvina Luthfiani Kadadosan punika dumados rikala kula kelas satunggal Sekolah Dasar. Wonten ing sawijining dinten Minggu ènjing, kula saha kulawarga badhé sowan wonten dalemipun Simbah. Saksampunipun padamelan griya rampungan inggih punika gotong-royong reresik latar saha sarapan. Kula saha kulawarga bidhal tumuju dalemipun Simbah nganggé Sepédha motor. Sepédha motor satunggal dipuntumpaki tiyang sekawan, inggih punika Bapak, Ibu, adhi saha kula. Nalika Bapak nembé ngedalaken sepédha motor saking garasi, bapak mirsani uler nggramang wonten ing lawang garasi. Lajeng bapak kula ngendika “lho ana uler!”. “Pundi Pak?” Adhi kula ingkang dèrèng sekolah nyuwun priksa. “iki nèng lawang garasi.” Bapak kula ngendika. Tanpa pikir-pikir, adhi kula langsung mendhet séla wonten latar kanggé mejahi uler punika. Sasampunipun mendhet watu wau, sadèrèngipun mejahi uler wau adhi kula lajeng muwun. Kula, bapak, saha ibu kagèt. Jebul watu ingkang dipunpendhet adhi kula kalawau sanès watu. Ananging telèk léncung ingkang mèmperwatu. Mangertos kadadosan punika adhi kula ngraosaken jijik lajeng muwun. Kula, bapak, saha ibu sami gumujeng boten mandhegmandheg. Jebul watu wau watu jadi-jadian.

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta

55

F. Tuladha kaping sekawancariyos pengalaman

Bulé Lokal (Dening Ade Prima Latifa) Nalika kula taksih kelas 8 SMP, kula dipunparingi tugas Pak Guru supados nglempakaken tugas inggih punika wawancara kaliyan turis. Kula bidhal kaliyan kanca-kanca kula dhateng Malioboro. Ing Malioboro kula mlampah-mlampah setunggal jam boten kepanggih turis. Kula lan kanca-kanca lajeng nitih bécak dumugi Tamansari. Ing Tamansari ugi sepi saking wisatawan, kathahipun ingkang ngéndhangi Tamansari wisatawan domestik. Kula kaliyan kanca-kanca lajeng nitih bécak malih wangsul dhateng Malioboro. Ing Malioboro kula tingali tetep boten wonten turis lajeng kula sakanca mlampah-mlampah tumuju Bètèng Vredenberg. Jebulipun ing Bèntèng Vredenberg kanca-kanca sampun saged wawancara kaliyan para turis, naming kula kémawon ingkang dèrèng cekap betahipun kanggé njangkepi tugas saking Pak Guru. Kanca-kanca sampun sayah badhé wangsul, ananging kula penggak amargi kula piyambak ingkang dèrèng kepanggih turis.Sampun setengah jam kula nengga ing Bètèng Vredenberg, jebulipun jèjèr anggèn kula lenggah wonten turis ingkang kawit wau maos buku. Kula boten nggrahita menawi pawongan jaler ing sisih kula kalawau turis, awit turis wau ngagem masker saha topi bunder ageng.Kados rindhik segawon digitik kula gagé-gagé wicantenan kaliyan turis wau nganggé basa Inggris. Kanthi apalan ukara-ukara pitepangan ingkang sampun setunggal minggu kula apalaken ndremimil, cas-cis-cus laaaancir tenan.Turis ingkang kula ajak wicantenan lajeng mèsem sinambi paring wangsulan”Ngomong apa ta Dhik,Basa Inggrismu isih kuwalik-walik. Manah kula lajeng jegedheg ndhongkol mireng wangsulan turis kala wau, lajeng kula sakanca késah ngacir wangsul nggriya. Jebulipun turis wau tiyang Jawa ingkang kulitipun kados kulitipun bulé jalaran ciri gawan bayi.

1.

2. 3.

4.

Gladhèn

Kagatosna cariyos pengalaman ing inggil lajeng dipunpadosi unsur-unsur cariyosipun! a. Punapa judul/irah-irahan? b. Rikala punapa wekdal kadadosanipun? c. Wonten pundi papanipun? d. Sinten Tiyang/paraga sanès ingkang ndhèrèk ing cariyos punika? e. Punapa sebab kadadosanipun? f. Kados pundi kadadosan kalawau? g. Punapa piwucal ingkang saged kapendhet saking cariyos punika? Kaserata pengalaman pribadi panjenengan ingkang lucu! lajeng kacariyosna ing ngajeng kelas! Kagatosna cariyos saking kanca panjenengan lajeng dipunpadosi unsur-unsur cariyosipun! a. Punapa Judul/irah-irahanipun? b. Rikala punapa wekdal kadadosanipun? c.Wonten pundi papanipun? d. Sinten Tiyang/paraga sanès ingkang ndhèrèk ing cariyos punika? e. Punapa sebab kadadosanipun? f. Kados pundi kadadosan kalawau? g. Punapa piwucal ingkang saged kapendhet saking cariyos punika?

Kaserat cariyos pengalaman pribadi migunaaken basa Krama, lajeng dipunpadosi pèrangan-pèrangan cariyosipun! WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta

56

KAWRUH UKARA 2. UKARA GENAP UTAWA UKARA LAMBA Supados ukara punika sampurna pandhapukipun utawi wujudipun sekirangkirangipun nggadahi Jejer saha Wasésa. Bilih Wasésa kadadosan saking tembung kriya menawi Lésan mesthi mawon Lésanipun inggih kedah dipunkanthi. Dados wujudipun Jejer, Wasésa, Lésan. Pérangan Jejer, Wasésa, Lésan punika dados bakuning peranganing ukara. Déné bilih badhé nyethakaken malih saged katambah katrangan. Urut-urutaning pandhapukipun limrahipun mekaten: Jejer, Katrangan Jejer, wasésa, lésan, katrangan lésan, katrangan wasésa. Kejawi ingkang sampun gadhah paugeran mligi, Katrangan Wasésa papanipun wonten ing wingking piyambak, boten naté tinemu ing tengah bilih boten perlu sanget. Kosok wangsulipun bilih wonten ngajeng piyambak malah saged. Tuladha:  Bocah, klambi ireng kaé, mangan sega goréng restoran Solo kok cimat-mimit.  Rilaka taun kepengker, tiyang-tiyang ing kampung Gayam sami kasdu nglempakaken arta kathah sanget, minangka dana kasangsaran bena.

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta

57

WULANGAN 7

Kompetensi Dasar Memahami dan menanggapi berbagai kegiatan di masyarakat

A.

sesorah

dalam

Materi Pokok: Sesorah

Kawaosa kanthipermati!

SANGU LAN CAK - CAKANIPUN SESORAH Sesorah utawa tanggap wacana inggih punika ngandharaken gagasan utawi penggalihan kanthi tetembungan ingkang dipunucapaken dhateng tiyang kathah. Bab-bab ingkang saged nuwuhaken saélan remenipun tiyang ingkang midhangetaken punapa ingkang nembé kaandharaken nalika sesorah kedah kagatosaken kanthi saèstu. Wonten ing ngriki kawastanan sekawan wa setunggal ba. Gamblangipun sekawan wa satunggal ba inggih punika: 1. Wicara/basa Basa kedah dipunpilihingkang cocog kaliyan tiyang ingkang dipunadhepi, jinising acara, sarta suwasana.Basa ingkang dipunpilih ingkang saged utawi gampil dipuntampi tiyang sanès. Prayogi ngginakaken tembung-tembung lan ukara ingkang prasaja. Basa ingkang boten dakik-dakik, nanging tetep nuhoni paugeran, satemah mujudaken basa ingkang laras sarta leres. Wicaranipun utawi pangucapipun kedah cetha. Umpaminipun anggènipun ngucap a, i, u, è, ê, é, o lan saged mbédakaken pangucap antawisipun ta lan tha, da lan dha. 2. Wirasa Wirasa tegesipun kedah saged nyurasa sarta mangertosi kanthi saèstu punapa ingkang dipunngendikakaken utawi dipunandharaken nalika sesorah. Boten ngemungaken apalan tanpa mangertosi tegesipun. Kanthi mangertosi saèstu punapa ingkang dipunandharaken badhé mahanani wedaling wicara saged lancar lan kapireng prasaja. 3. Wirama Wirama tegesipun kedah saged ngatur wiramaning swanten, inggih punika lirih soranipun, alon cepetipun, andhap inggilipun utawi intonasi-nipun swanten. Nalika sesorah kedah mbudidaya sampun ngantos kados tiyang maos utawi apalan. 4. Wiraga Wiraga tegesipun kedah saged nyocogaken ébahipun sarira kaliyan punapa ingkang nembé dipunwedharaken. Nalika sesorah prayoginipun manteb, teteg, mirsani dhateng sedaya tamu, asta ngapurancang, nanging tetep luwes lan boten kaku. WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta

58

5. Busana Busana tegesipun ageman ingkang dipunagem kedah jumbuh kaliyan swasana sarta acara ingkang nembé lumampah. Wonten pamanggih sanès ingkang mratèlakaken babagan sangunipun tiyang ingkang badhé sesorah. Tumrapipun tiyang ingkang badhé sesorah prayogi manawi nindakaken ingkang kawastanan SAPTAMA, inggih punika: 1. Magatra. Nggladhi dhateng bleger; wewujudan, anggènipun ngadi busana lan ngadi sarira trep, pantes lan jangkep. 2. Malaksana Nggladhi cara-caranipun anggènipun tindak. Tindakipun saben sapecak sajangkah kedaha tinata runtut, luwes, mrabawa, boten ingah-ingih. 3. Mawastha Nggladhi anggènipun jumeneng. Anggènipun jumeneng kedah jejeg, boten pareng dhoyong mangiwa punapa déné manengen. Antawisipun suku kanan lan kéring boten pareng keciyuten utawi kewiyaren. 4. Maraga Anteng, boten gumeter. Ébah éwahing pasemon lan sarira kedah jumbuh kaliyan isining sesorah. 5. Malagawa Trampil lan trengginas. Boten ngleler ugi boten kesesa-sesa. 6. Matanggap Tanggap dhateng sadaya swasana. 7. Mawwat Tatag tangguh tanggon tanggung jawab praptèng ngendhon. Tanggel jawab dhateng sadaya ingkang sampun kangendikakaken. Tiyang ingkang badhé sesorah prayogi sanget manawi ngginakaken cecepengan ingkang kacekak TOP, inggih punika: T  Titèn ( saben wonten adicara/upacara, purun nggatosaken). Boten remen tampikan, lajeng purun mbiji punika saélan botenipun) O  Opènmanawi ningali sesorah lajeng dipuncathet, manawi manggihaken tembung-tembung ingkang karaosaken menjila. P  Panèn dipuntata dados ukara lan cecawis ingkang prasaja nanging tetep murakabi.  Ingkang kedah dipunsingkiri sampun ngantos gadhah raos: 1. Rikuh, isinan, manawi dipundhawuhi lajeng plenthot-plenthot, pawadanboten gadhah klambi, dedegipun kirang pas, malah nawakaken tiyang sanès. 2. Kéguh, gampil kénging godha, lajeng grogi, amargi wonten sedhèrèkipun, wonten pangingggilipun, ajrih manawi dipungegujeng, lsp. 3. Jiguh, tiyang ingkang gampil gugupan, usag-useg, kados tiyang ingkang boten siyaga ing gati, mlampah mrika-mriki ngantos umpetan.  Tiyang sesorah, temtu gadhah ancas ingkang gumathok. Miturut ancasipun sesorah saged kagolongaken: 1. Wursitawara,ular – ular, , wasita wara, tetembungan kanggé mastani sesorah ingkang ancas lan isinipun ngandharaken bab kautaman, pitutur, lan sapiturutipun. 2. Sesorah lan medhar sabda, tetembungan punika kanggé mastani ingkang sipatipun umum tumraping olah pangandikan sangarsaning tiyang kathah. WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta

59

3. Atur pambagyaharja, tetembungan kanggé mastani sesorah ingkang ancas lan isinipun nampi rawuhipun para tamu. 4. Tanggap Wacana, tetembungan kanggé mastani sesorah ingkang ancas lan isinipun nanggapi aturing pambagyaharja. 5. Atur pawartos, umpaminipun sesorah ing rapat-rapat, promosi barang, lsp. 6. Atur panglipur, umpamanipun ing adicara sripah, atur saking pambéla sungkawa, sesorah ing ngajengipun tiyang ingkang nembé nampi musibah bebendu alam, lsp. 7. Pangajak, umpaminipun: sesorah ing panyuluhan-panyuluhan. Sesorah punika kanggé nuwuhaken kapitadosan pamiarsa dhumateng punapa ingkang dipunandharaken lan kanthi iklas nindakaken punapa ingkang sampun dipunmangertosi. 8. Saged ugi pinten-pinten ancas ing inggil punika karantam rinoncé wonten ing satunggaling sesorah.  Tata caraning (metode) sesorah saged katindakaken kanthi manéka warna, ingantawisipun: 1. Kanthi maos naskah, Sesorah ingkang kanthi maos naskah punika gadhah kekirangan utawi cacad, inggih punika badhé ketingal kaku, boten luwes. Awit ingkang sesorah namung tansah ningali dhateng naskahingkang kawaos. 2. Kanthi cara apalan Cara punika asring katindakaken déning tiyang ingkang nembé sinau/ gladhèn sesorah, inggih punika kanthi nyawisaken naskah (teks)rumiyin lajeng dipunapalaken. 3. Kanthi cara Impromptu Cara punika asring katindakaken déning tiyang ingkang sampun kulina sesorah lan sampun baut anggènipun sesorah. Cara punika boten nyawisaken materi ingkang badhé kaandharaken, awit wekdalipun ingkang cumpen. Kanthi kawasisanipun, kawruh lan pengalamanipun sesorah saged lumampah kanthi saé. 4. Kanthi cara ekstemporan Cara punika tiyang ingkang badhé sesorah damel cengkorongan materi ingkang badhé dipunandharaken, utawi damel cathetan alit. Salajengipun cengkorongan wau lajeng dipunngrembakakaken kanthi ukaranipun piyambak. Samadyaning bebrayan agengwonten kalanipun kula lan panjenengan kasuwun paring pangandikan wonten ngarsanipun tiyang kathah, saged punika wonten adicara arisan RT, pèngetan dinten kamardhikan, upacara pawiwahan. Lsp. Yektosipun sintena kémawon saged dados minangka paraga ingkang ngandharaken sesorah. Ing adhap punika sapérangan sarat manawi badhé paring pangandikan lumantar sesorah Jawa ; 1. Pirsa babagan undha – usuk basa, tegesipun sintena ingkang badhé paring pangandikan wonten ngarsaning tiyang kathah wajib mangertos lan pirsa undha – usuk basa, satemah saged ngginakaken basa ingkang trep lan jumbuh kaliyan kawontenan ingkang lumampah. 2. Pirsa babagan ayahaning adicara, tegesipun sintena ingkang badhé paring pangandikan wonten ngarsaning tiyang kathah kedah mangertos lan pirsa ayahaning adicara, tegesipun mangertos adicara punapa ingkang nembé lumampah. 3. Pirsa babagan ulah kridhaning swara, tegesipun anggènipun ngendikan membat mentuling swanten dipunwigatosaken. 4. Pirsa babagan swasana, tegesipun rikala utawi nalika ngendikan sageda tansah tumuju wonten ngarsanipun para lenggah lan sageda tanggap ing sasmita lantip ing panggraita kanthi mirsani sasmita samadyaning para lenggah. WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta

60

5. Pirsa babagan ngadi salira, ngédi busana, tegesipun magertos lan saged njumbuhaken tumraping pangageming busana, satemah saged jumbuh kaliyan kawontenan ingkang lumampah. Maraga salebeting sesorah boten namung kedah nguwaosi bab – bab ingkang kaandharaken ing ing inggil kalawau, nanging ugi wonten sakpérangan bab ingkang dipunawisi tumraping sintena ingkang nedya nglampahi maraga sesorah kadosta : 1. Manawi anggènipun maraga sesorah mawi catetan utawi seratan, soroting nétra boten namung tumuju dhumateng catetan kémawon, nanging sageda warata dhumateng para ingkang sami lenggah. 2. Manawi anggènipun maraga sesorah boten mawi catetan utawi seratan, dipunsingkiri utawi dipunawisi tetembungan “eeee” salebeting ngendika. 3. Manawi microphone utawi mic wonten stand mic –ipun, prayoginipun asta kekalih ngapurancang. 4. Manawi mic dipunasta, asta tengen ingkang nyepeng mic, wondéné asta ingkang kiwa kaparingaken sangajengipun padharan, boten dipunlebetaken salebeting sak clana. Basa ingkang kaginakaken salebeting sesorah adat ingkang sampun – sampun ngginakaken basa Krama, punapadéné basa éndah basa ingkang rinengga, tetembungan – tetembungan Krama – Inggil binawur kaliyan tetembungan basa Kawi. Basa Kawi ingkang asring kaginakaken antawisipun :  Surya, tegesipun srengéngé. Nanging tembung surya ing ngriki kaginakaken kanggé nyuraos teges tanggalan salebeting taun Masèhi ;Surya kaping 12 Juli 2015  Candra, tegesipun rembulan, nanging tembung candra ing ngriki kaginakaken kanggé nyuraos teges tanggalan salebeting taun Jawi ;Candra kaping 4 Sapar 1948Hé windu Sangara.  Pracima, tegesipun kilèn ;Wanci Nuswantara imbang pracima.  Purwa, tegesipun kawitan utawi kéblat wétan.  Uttara, utawi utara tegesipun lèr.  Daksina, tegesipun kidul.  Madya, tegesipun tengah.  Wasana. Tegesipun pungkasan.  Lebda, tegesipun mumpuni ing sabarang kawruh.  Pana, tegesipun mangertos ing saliring perkawis.  Poyan, tegesipun maringi pitutur.  Mangastuti, tegesipun tansah maringi panjurung donga.  Ri, tegesipun ing.  Sapérangan panganggéning asung pakurmatan. Asung pakurmatan salebeting sesorah basa Jawa, mliginipun ing purwaning pangandikan punika, setunggal – lan setunggalipun kedah kajumbuhaken murwat kaliyan kalenggahaning para ingkang lenggah ; 1. Tumraping para kasepuhan, utawi sesepuh, asung pakurmatan ingkang kaginakaken ; Wonten ngarsanipun para sesepuh pinisepuh ingkang tuhu kinabekten, ingkang pana ing pamawas, lebda ing pitutur, ingkang tansah sinandhing kitab suci kalaming Ilahi ingkang tansah mangastuti dhumateng pepoyaning kautaman. 2. Tumraping para pangarsatama instansi, asung pakurmatan ingkang kaginakaken ; Wonten ngarsanipun para nayaka praja, satriyaning nagari, tuwin para pangemban pangembating praja kinarya sonsong agunging para kawula dasih ingkang tuhu pantes tinulad sinudarsana. WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta

61

B.

3. Tumraping para kadang ingkang sami kalenggahanipun, asung pakurmatan ingkang kaginakaken ; Wonten ngarsanipun para kadang tumaruna, kadang manggalaning karya ingkang tansah tinangsul talining kekadangan. 4. Tumraping sedaya para tamu, asung pakurmatan ingkang kaginakaken ; Sanggyaning para ingkang sami lenggah kakung sumawana putri ingkang tansah sinugata sagunging pakurmatan. Tuladha sesorah “Wursitawara

1. Wursitawara Temanten Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh Sugeng siang, salam karaharjan tumrap kula lan panjenengan sedaya. Mugi nugraha sarta berkahipun Gusti Allah ingkang Maha Welas Asih tansah kalubèrna dhumateng sedaya umatipun sumrambah dhumateng kula lan panjenengan sedaya ing salami-laminipun. Para pinisepuh, sesepuh ingkang dahat pinundhi, para kadang wredha mudha lan para rawuh kakung sumawana putri ingkang kinurmatan. Langkung rumiyin kula konjukaken puji sukur ing ngarsanipun Pangeran Ingkang Maha Mirah lan Maha Asih, awit saking paringipun kanikmatan, kasarasan, rahmat lan hidayahipun, kula lan panjenengan saged ngèstrèni pahargyan wiwahan dhauping pangantèn, putra putrinipun Bapak ………………………..ingkang asesilih ………………………………….dhaup kaliyan anak mas…………………………putra kakungipun Bapak………………………ing………………………….. Para lenggah ingkang satuhu kinurmatan, keparenga kula matur awit nuhoni pamundhutipun Bapak………………………………… sekaliyan, ingkang ngresaya dhumateng kula supados suka ular-ular dhumateng putra temanten kekalih. Kanggé nggemèni wekdal, keparenga kula nyuwun idi palilah saking para sepuh saperlu ngandharaken sawetawis seserepan dhumateng putra temanten kekalih. Nakmas pinangantèn sekaliyan, ngendikanipun tiyang sepuh : ”Wong tuwa kuwi kudu uwur lan sembur. Nèk ora bisa uwur ya sembur ”. Dados uwur lansembur punika kuwajibanipun tiyang sepuh. Sanadyan putra sampun sugih bandha, sampun pinter tur sarjana pisan, kuwajiban punika boten saged uwal. Anak kula sekaliyan, wiwit kalampahaning ijab kobul, panjenengan kekalih sampun sanès kenya lan jaka malih, kalih-kalihipun sampun luluh manunggal, madeg balé griya, mbangun brayat énggal. Gegadhanganipun tiyang sepuh panjenengan kekalih saged manunggal dados satunggal: ”Ati loro dadi siji lan ora ninggal duga prayoga ”. Manawi jaman rumiyin njumbuhaken ati loro dadi siji punika angèl lan dangu sanget ,awit kalih-kalihipun umumipun dèrèng sami karuh, dèrèng naté pinanggih utawi sumerep. Béda kaliyan jaman sapunika, ingkang sampun sami pitepangan sarta malah wonten ingkang pacaran dangu sadèrèngipun dhaup. Lajeng Kados pundi caranipun saged njumbuhaken ati loro dadi siji?Kula kinten anak kula sekaliyan sampun boten katalumpèn bab punika. Punapa malih punika mantènipun sampun sami-sami sarjana, mesthi sampun pinter. Wonten ngriki kula namung badhé ngèngetaken malih kémawon.

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta

62

C.

Balé griya badhé ayom ayem tentrem saged dipunwiwiti saking: jujur, blak-blakan, nengenaken rembag nebihaken panyakrabawa, samya mong-kinemong linambaran taqwa dhumateng Allah SWT, ngrumaosi minangka titah sawantah ingkang kebak kekirangan. Duga lan prayoga ugi perlu sanget kanggé njagi balé griya. Duga prayoga saged kagambaraken kados déné tiyang numpak kendharaan wonten ing margi ageng. Manawi tiyang tansah dugi lan prayogi, ngatos-atos, mulad tandha margi, lajeng nalika lampu ijem, ngatos-atos samangsa lampu jené, lan boten nerak lampu abrit, Insha Allah wilujeng ingkang pinanggih. Mekaten ugi ing madyaning bebrayan. Sauger kekalihipun tansah nuhoni angger-anggering agesang, duka punika angger-anggering agami punapa déné negari temtu balé griyanipun badhé tansah wilujeng. Putra pangantèn sekaliyan ingkang kula tresnani, ing rinten dalu sampun kesupèn tansah ndedonga dhumateng Allah SWT, supados tansah pinaringan ayom ayem tentrem, dadosa kulawarga ingkang sakinah mawadah wa rahmah. Kaparingan momongan ingkang saé sholèh sarta sholèhah.Donga punika ageng dayanipun awit Allah SWT sampun janji, badhé maringi dhumateng sedaya umatipun ingkang purun ndedonga.Sepisan malih kula ambali sampun ngantos kesupèn ndedonga supados boten kuciwa ing tembé wingkingipun. Anak kula temantèn kekalih ingkang kula tresnani, kula kinten namung punika ular-ular kula minangka wakilipun ingkang rama ibu, mugi-mugi saged nambahi sangu anggènipun anak kula kekalih nempuh bebrayan énggal. Boten langkung tiyang sepuh namung ndedonga mugi putra pangantèn sekaliyan manggih rahayu wilujeng kadumugèn sedaya gegayuhanipun. Para lenggah ingkangdahat kinurmatan, makaten seserepan ingkang saged kula andharaken dhumateng sri pinangantèn. Manawi Ing salebetipun kula medharaken ular-ular punika wau, pinanggih bab ingkang ndadosaken boten renaningpenggalih jalaran tindak-tanduk, solah-tingkah, subasita, tata-krama, punapa déné atur kula, kanthi andhap asoring manah saèstu kula nyènyadhongsih paringipun samodra pangaksami. Para rawuh ingkang kinurmatan, minangkani pamundhut sumangga ndedonga sesarengan kanggé sri pinangantèn kekalih mugi tansah pikantuk barokahipun Allah SWT ing samangké dadosa kulawarga ingkang sakinah mawadah warohmah, sarta énggal pinaringan momongan. Aamiin. Matur nuwun, wekdal kula konduraken dhumateng kadang pranatacara. Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.

Tuladha Wursitawara Bab Kabudayan

Assalamu ‘alaikum Wr. Wb. Nuwun Agunging pangalembana namung konjuk wonten ngarsa dalem Gusti ingkang Amurba Amisesa sadaya titah sajagad raya, inggih awit sih wilasanipun kula lan panjenengan sadaya pinaringan kawilujengan saha kasarasan, ingkang satemah kula lan panjenengan saged lenggah pepanggihan ing sasana punika. Para sesepuh, pinisepuh miwah aji sepuh ingkang tansah winantu ing pakurmatan,Para pamong ingkang datan kendhat tansah nggulawenthah dhateng para WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta

63

siswa ingkang pantes sinudarsana,Sumrambah para kadang, sae ingkang pinanggih wredha punapa dene mudha ingkang bagya mulya. Langkung rumiyin mugi keparenga panjenengan sadaya kersaa paring samodra pangaksama dhateng dhiri pribadi kula, dene sampun kumawani njejer wonten ngarsa panjenengan sadaya. Inggih awit kaderenging manah kula ingkang kepingin ngaturaken sekedhik Tegesipun kula kanthi irah-irahan:

“BUDAYA JAWA MINANGKA CAGAK JEJEG ADEGING NAGARI” Para kadang wredha mudha ingkang bagya mulya, Ing titi kalenggahan punika kula lan panjenengan sadaya gesang ing abad selikur, gesang ing jaman ingkang sadaya bangsa ing jagad raya punika saged ngungak lan sami mirsani gesanging bangsa sanes, budayaning bangsa sanes saha kemajenganing bangsa sanes. Wontenipun pirantos-pirantos komunikasi kadosta televisi, radio, telephone punapa malih internet ingkang saged kangge sarana mangertosi ing pundi papan lan panggenan. Bab kala wau saged nyengkuyung dhateng ngrembakaning kabudayan satunggaling bangsa, ananging saged ugi kosok wangsulipun. Budaya satunggaling bangsa saged sirna awit kalindhih dhateng budaya manca ingkang kaanggep langkung majeng lan damel rena. Kamangka satunggaling bangsa badhe ical jati dhirinipun lamun bangsa kala wau sampun ical kabudayanipun, awit kanthi kabudayan satunggaling bangsa badhe katingal jati dhirinipun, badhe katingal titikanipun, rikala sesrawungan ing panggesangan jagad raya. Kathah para pinter sami ngendika, bilih icaling kabudayan satunggaling bangsa awit dumuginipun kabudayan sanes ingkang lumebet ing panggesanganing bangsa kala wau. Ananging menawi kapenggalih kanthi lebet, penggalihan ingkang kados makaten kala wau mbok bilih dereng temtu leresipun. Kanthi wontenipun pirantos-pirantos komunikasi ingkang sampun kuwawi miyak warana kangge nguningani panggesaning sadaya titah sajagad raya punika, nedahaken bilih icaling kabudayan satunggaling bangsa awit kiranging raos tresna saha kiranging pamarsudi bangsa kala wau dhateng budayanipun piyambak. Bangsa Indonesia satunggaling bangsa ingkang nggadhahi atusan kabudayan nut dhateng kathahing suku-suku bangsa ingkang manunggal lan ngakeni minangka bangsa Indonesia. Namung elokipun saking kabudayan ingkang maneka warni kala wau bangsa Indonesia sami kersa manunggalaken cipta, rasa lan karsanipun kanthi tinangsulan ukara Bhineka Tunggal Ika tan hana dharma mangrwa. Ukara ingkang sampun kaserat dening pujangganing kraton Majapahit nun inggih Mpu Tantular ingkang salajengipun kapethik lan kapacak ing lambang negari Indonesia Garudha Pancasila. Kabudayan Jawa salah satunggaling kabudayan ingkang ngrenggani kluwung kabudayan Indonesia, ingkang ndherek mimbuhi endahing kabudayan Indonesia. Salajengipun kula tuwuh pitakenan, kados pundi kabudayan Jawa ing wekdal samangke punapa tasih saged kadherekaken kangge ngrenggani kluwung budaya Indonesia? Punapa budaya Jawa tasih saged kangge nyengkuyung dados cagak lan tuwak kangge jejeg adeging negari Indonesia? Pitakenan kula kala wau saged kaparingan wangsulan tasih, sauger tetiyangipun ugi tasih sami kersa ngupakara, ngleluri lan ngrembakaken budayanipun. Budaya Jawa selaras sanget kaliyan kabudayaning bangsa Indonesia ingkang kedadosan saking atusan kabudayan wau, awit punapa? Awit tetiyang ingkang sami nindakaken WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta

64

kabudayan Jawa temtu badhe dados tiyang ingkang tansah ngurmati dhateng sesamining gesang, ayom ingayoman, lan gesang kanthi gotong royong sinaosa wonten bab-bab ingkang rinaos beda. Tuladahanipun ing kagunan seni kemawon, tiyang Jawa tansah nengenaken dhateng manunggaling raos. Tuladha ingkang gampil, rikala kula panjenengan sami sinau ing olah karawitan. Wonten ing pagelaran karawitan punika kathah sanget pirantosipun ingkang winastan gangsa utawi gamelan, wonten kendhang, bonang, kenong, kempul, balungan, gender, rebab, gambang lan sapiturutipun. Gamelan ingkang kathah sanget jinisipun kala wau beda-beda wujudipun, beda-beda pirantos tabuhipun lan beda-beda cara nabuhipun. Ananging kanthi manunggalaken raos lan wirama, ndadosaken lelagon ingkang sekeca kapidhangetaken. Para kadang, gesanging manungsa ing alam donya punika ugi sami kaliyan gangsa kala wau, ingkang beda-beda wujudipun, beda-beda pangupajiwanipun, bedabeda agaminipun lan tasih kathah malih ingkang beda. Ananging kanthi manunggaling raos ingkang beda kala wau boten rianos beda malah kepara damel endah lan sugihing bangsa. Kanthi tuladha kala wau, cetha sanget bilih kabudayan Jawa saged ndherek nyengkuyung dhateng manunggaling bangsa Indonesia. Ananging emanipun, tetiyang Jawa ing wekdal samangke sampun kathah ingkang sami nilaraken kabudayanipun piyambak langkung-langkung para kadang kaneman. Kawontenan punika lepatipun sinten? Kalepatan boten mligi kasandhang dening para kadang mudha, nanging para sepuh ugi nyandhang kalepatan punika. Ing wekdal samangke kathah para sepuh ingkang ngendika bilih lare anem ing wekdal samangke sampun sami kecalan Jawanipun malah kapilut dhateng budayaning bangsa manca. Ukara punika kenging kemawon kangendikakaken, ananging kedahipun para sepuh ugi kedah mawas dhiri, sampun dumugi pundi anggenipun nepangaken kabudayan Jawa dhateng para putranipun? Ingkang sami kagungan putra boten kaajak gineman kanthi basa Jawa, kanthi pawadan mangke mindhak boten saged komunikasi. Putranipun boten nate katepangaken dhateng kagunan seni Jawa, malah kepara katumbasaken play station lan cd film manca nagari. Kados pundi generasi bangsa punika badhe tresna dhateng budayanipun, dipuntepangaken kemawon boten?! Para kadang, Keparenga kula nyuwun pangapunten dhateng para sepuh awit atur kula kala wau. Kula matur makaten inggih awit saking raos eman kula dhateng kawontenan ingkang lumampah ing wekdal samangke punika. Saderengipun kula mungkasi atur keparenga kula caos pemut dhateng dhiri pribadi kula saha panjenengan sadaya

Para kadang, sepisan malih kula matur bilih sirnaning budaya satunggaling bangsa boten awit saking lumebeting budaya manca, ananging awit kirang pamarsudi saha raos tresananipun bangsa kala wau dhateng kabudyanipun. Mugi tresna kula lan WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta

65

D.

panjenengan sadaya dhateng budaya Jawa tansah tuwuh lan ngrembaka, satemah budaya Jawa saged lestari lan saged dados cagak lan tuwak jejeg adeging nagari. Parakadang wredha mudha ingkang bagya mulya, makaten sekedhik Tegesipun kula ingkang saged kula aturaken, temtu kemawon kathah kekirangan saha kalepatanipun jer kula namung titah sawantah ingkang tebih saking kasampurnan, pramila awit saking punika, mugi keparenga panjenengan sadaya kersaa paring lumunturing sih samodra pangaksama. Nuwun Wasalamu’alikum wr. Wb

WIDYA TEMBUNG No

Tembung

Lingganipun

Widya Tembungipun

Tegesipun Indonesia

1

Pa(ng)- + arsa

Pemimpin / Ketua

2

-in- + kurmat + an

Yang terhormat

3

-in- + mulya

Yang mulia

4

-um- + taruna

Yang muda – muda

5

-in- + caket + ing

Yang terdekat

6

-in- + tangsul

Diikat

7

-in- + sugata

Dijamu /diberi

8

Ka- + purba

Dikuasai

9

Ka- + wisésa

Dikuasai

10

-in- + panggih

Bertemu

11

-um- + canthaka

Merasa berani

12

-um- + larab

Menyampaikan

13

m- + pundhi

Menerima

14

-um- + tedhak

Turun

15

-um- + tanduk

Mengenai

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta

66

A.

1.

2. 3.

B.

..................................................................................................................................................... .......................................................................................................................................................

....................................................................................................................................................... 1.

2.

3.

4.

..................................................................................................................................................

..................................................................................................................................................

.................................................................................................................................................. a.

:.........................................................................................................

c.

........................................................................................................

b. d. 5.

e.

.................................................................................................

........................................................................................................ ........................................................................................................

............................................................................................................................................... ...............................................................................................................................................

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta

67

KAWRUH TEMBUNG d.

e.

Pakon utawi hagnya 1) pakon tanduk Inggih punika tembung tanduk wantah kawimbuhan panambang -a, tembung tanduk -i kriya kawimbuhan panambang -ana, tembung tanduk -ké kriya kawimbuhan panambang -na. Tuladhanipun maca + a = macaa, namaning rimbag pakoné tanduk wantah milih + ana = milihana, namaning rimbag pakoné tanduk -i kriya wantah mbalèk + na = mbalèkna, namaning rimbag pakoné tanduk -ké kriya. 2) pakon tanggap Inggih punika pakon ingkang ngginakaken tembung tanggap, awit wujud pakon pramila menawi sampun mlebet ing ukara, ukara wau namung katujokaken dhateng tiyang ingkang dipunajak gineman. - kokwaca, pakonipun tanggap dados wacanen. Rimbagipun pakoné tanggap ko wantah - kokpilihi, pakonipun tanggap dados pilihana. Rimbagipun pakoné tanggap ko -i - kokbalèkaké, pakonipun tanggap dados balekna. Rimbagipun pakoné tanggap ko -ké Sananta lan Tandang Sananta, inggih punika tembung ingkang kedadosan saking tembung tanduk kaparingan wuwuhan ater-ater tak/dak. Tuladhanipun: - tak ngétung, saking tembung tanduk ngétung, tegesipun tumandang badhé ngetung. Rimbagipun kasebut sananta tak wantah. - tak nggarani, saking tembung tanduk nggarani, tegesipun tumandang badhé nggarani. Rimbagipun kasebat sananta tak -i kriya. - tak nakokake, saking tembung tanduk nakokaké, tegesipun tumandang badhé nakokaké. Rimbagipun kasebat sananta tak -ké kriya. Sananta di, inggih punika sananta ingkang kanthi ater-ater di, mujudaken pakon dhateng madyama purusa supados nglampahi kados ingkang kacetha ing lingganipun tembung. Tuladhanipun: - di waskitha, rimbagipun sananta di wantah. - di mriyayèni, rimbagipun sananta -i kriya. - di nggatèkaké, rimbagipun sananta -ké kriya. Ing salebeting tembang utawi kidung, di kalamangsa kagantos dèn kadosta dèn bisa, dèn waspada Tandang, kedadosan saking tembung tanggap kawimbuhan panambang -é, -ané, né. Tuladhanipun: - tak étungé, asalipun saking tanggap tak étung, rimbagipun kasebat tandang wantah. Wujudipun: tak + lingga + é - tak garanané, asalipun saking tanggap tak garani, rimbagipun kasebat tandang tak -i kriya. Wujudipun: tak + lingga + ané - tak tukokné, asalipun saking tanggap tak tukokaké, rimbagipun kasebat tandang -ké kriya. Wujudipun: tak + lingga + né WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta

68

WULANGAN 8

Kompetensi Dasar Memahami ajaran moral cerita wayang

A.

Materi Pokok: Carios Wayang

Kawaosa kanthi permati! WIWITANIPUNRINGGIT

Miturut para ahli budaya ugi panemunipun para ahliarkeologi ingkangwonten ing NegariIndonesia, kesenian ringgit punika estunipunsampun wonten wiwit rumiyin, rikala taksih jaman kina, inggih punika jaman sadèrèngipum wonten agama Hindu-Budha. Ing jaman punikaingkang dipunwastaniringgitsampun wonten ing NegariIndonesia. Dadosringgitpunika inggih kabudayan asliNegari Indonesia.Wekdal punika, seniringgit taksih wonten gegayutanipunkaliyan kapitadosan animisme ingkang taksih dipunanut para leluhuring bangsa Indonesia. Miturut kapitadosan animisme, ruh leluhur saged dipunagemkanggésarananyenyuwun kamulyan saha pangayomangesanging manungsa. Kosok wangsulipun ruh kalawauugisaged ndadosaken cilakanipun manungsa. Pramila, rikala semanten, menawiwontenpikajengan nyenyuwun pitululungan dhumateng ruh paraleluhur,lajengdipunwontenaken upacara ritual kadosdénéwilujengan, ingkang ngendikanipun saged nimbali ruh para leluhur ingkangsampun sami séda. Upacara ritual kalawaudipunwontenaken kanthi carangawontenakenpagelaran ringgit.Kinten-kinten wiwitanpin warsa Masehi, kados ingkang dipuncariyosaken déning para ahli sujarah, bilih bangsa Hindu saking India kathah ingkang dadosimigranwontenIndonesia. Sansaya dangu, purun boten purun ndadosakenéwahing kabudayan,salajengipun kabudayan saking agami Hindu-Budha saged dipuntampi déning bangsa Indonesia. Ing jaman punika, basa Sansekerta sampun dipunagemdéning kalangan bangsawan ingkang salajangipun mangaribawani basa asli Jawa saha basa Bali.Wonten jaman punika seniringgitdéning bangsa Hindu dipunagemminangka sarana mekaraken saha medharaken kabudayan Hindu kanthilantaran cariyos Mahabharata utawi Ramayana. Kahanan kados punika salajengipun ndadosaken budaya asli bangsa Indonesia nyawiji kaliyan budaya Hindu. Kesenian ringgitingkang sampun nyawiji kala wau njalari agama Hindu cepet anggènipun sumrambah, rumesep saha dipuntampidéning masyarakat Indonesia. WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta

69

Pramila ing salebitipun cariyos ringgit punika kathah pranatan kabudayan agama Hindu. Miturut kitab Centhini dipunsebataken, wiwitanipun kesenian ringgit purwa punika cinipta déning Raja Jayabaya saking Kediri. Kinten-kinten abad 10, Prabu Jayabaya nyipta gegambaranipun ruh leluhur ingkang lajeng dipunserat ing rontal. Gegambaran kados punika kalawau dipuntiru ing cariyos Ramayana, ingkang kaserat ing candi panataran Blitar. Prabu Jayabaya remen sangetdhateng isinipun Ramayana amargi Prabu Jayabaya manembah dewa Wisnu. Masyarakat ugi tasih pitados menawi Prabu Jayabaya panjalmaning utawi titisipun Bethara Wishnu. Nalikajaman KratonJénggala,kesenian wayangpurwadipunsampurnakaken wujudipun kanthi èndahdéning Raja JénggalaRadènPanji Rawisrengga utawi Sri Suryawisesa. Kocaping cariyosringgitkalawau lajeng dipunklempakaken saha dipunsimpen salebeting kothakingkangèndah. Sesarenganpunika ugi dipundamel pakemcariyosringgit purwa ingkang dipunpagelaraken rikala wonten upacara ingkang wigati ing kratonsaha kanthi dhalang Sri Suryawisesa. Rikala jaman Majapahit kesenian ringgitpunika langkung dipunsampurnakakensaha dados sansaya èndah, sasampunipunparipurna anggènipun nyampurnakaken, ringgit lajeng dipungulungdados setunggal. Ringgit ingkang wujudipun gulungan punika (menawi dipunginakaken sajroning pagelaran kanthi cara dipunbèbèr) salajengipun dipunparinginama wayang Bèbèr. Wiwit wonten wayang bèbèrpunika, kesenian wayang lajeng dipunwedhar, ngrambah medal saking lingkungan keraton.Wiwit saking punika masyarakat ing njawi keraton saged ningalikaèndahanipun pagelaran kesenian wayang bèbèr. Salajengipuning jaman pungkasaningMajapahit, pengaruh Agami Islam sampun wiwit sumrambah ing tlatah Jawa. Déning parawali saha sunan, kesenian ringgit punika ugi dipunagemkanggé sarana medharaken ajaran agami Islam.Kahanan kados punika njalari kesenian ringgit katah éwah-éwahanipun, mliginipun babwujudipun,kanggéngicali gegambaranipun manungsa ingkang wonten ing ringgit punika dipunicali, amargi wonten agami Islam punika boten dipunparengaken saha ugi kanggé ngicali gegambaran ingkang mujudakenagamaHindu.Ing jaman punika, wujudipunringgit dipunéwahi,dipundamel saking wacucal saha balungingkang dipunwujudakensimbolsupados gegambaranipun manungsa dados samar.Pungkasanipun, ngantosjaman punika wujudipunringgit namung arupi simbolsimbol gesangipun manungsa. (Karangkum saking seratanipun RA. Sutini BA, kanthi éwah-éwahan sawetawis)

B.Mangsuli Pitakèn Kawangsulana pitakèn ing andhap punika kanthi basa ingkang becik! 1. Punapa ingkang dipunwastani ringgit punika? 2. Kadospundi ringgit punika saged wonten ing tanah Jawa? 3. Sinten Ingkang wiwitan nyipta ringgit kados déné ringgit ing jaman punika? 4. Jaman rumiyin ringgit punika minangka sarana kagem punapa? 5. Kadospundi ringgit ing jaman punika?

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta

70

TuladhaCariyos Wayang

Wahyu Cakraningrat

Wahyu Cakraningrat minangka wahyu Ratu.Satriya ingkang saged kasinungan Wahyu Cakraningrat kedah luhur bebudinipun sarta kiyat ngadhepi sadaya godha rencana.Sinten kemawon tiyang ingkang saged nggayuh Wahyu Makutharama badhé dados raja gung binathara sajagad raya. Wahyu punika sinebatWahyu Cakraningrat utawi Wahyu Wijining Ratu. Gusti Ingkang Hakarya Jagad paring wahyu kanggé tiyang ingkang manahipun tulus. Wahyu Cakraningrat boten gampil kagayuh déning sadhéngah titah, namung titah pilihan ingkang saged kadunungan pulung wahyu punika. Wahyu Cakraningrat punika cariyos ingkang nyariosaken satriya gunggung tiga ingkang tasih wiranem ingkang nedya dados Raja Gung Binthara. Ananging kanggé dados raja, tiga satriya wau kedah pikantuk wahyu keraton, sinebut Wahyu Cakraningrat.Ing cariyos pewayangan punika, wahyu keraton namung wonten ing khayangan. Wahyu punika wujudipun tiyang jaler ingkang sesilih Bathara Cakraningrat. Wahyu punika tumurun ing ngarcapada kanggé madosi satriya wiranèm kasebat “Kurungan Kencana” ingkang pantes kajumenengaken raja. Kanthi madhep manteb, Bathara Cakraningrat ingkang dipunbiyantu Dèwi Maninten mandhap ing bumi. Tigang satriya kalawau sampun nengga rawuhipun Bathara Cakraningrat. Satriya gunggung tiga wau inggih punika: Radèn Lesmana Mandrakumara putranipun Prabu Duryudana saking Ngastina. Radèn Samba putranipun Raja Dwarawati Sri Kresna, sarta Radèn Abimanyu putranipun Radèn Arjuna.Watakipun satriya tiga punika wau warni-warni,inggih punika: Radèn Lesmana Mandrakumara nggadhahi watak gungan, boten mandhiri, boten kiyat ngadhepi sadaya godha rencana. Nalika Lesmana semèdi wonten ing wana Ganggawirayang, Wahyu Cakraningrat mlebet ing angganipun Lesmana. Tapanipun Lesmana jugar awit sampun milara (tumindak adigang-adigung-adiguna).Tiyang Sepuh jaler ingkang lumampah ing ngajengipun Lesmana, kanthi mbeta kathah barang. Tiyang jaler wau lumampah kanthi mardika tanpa purun ngaturaken sembah pangabekti dhateng Lesmana.Lajeng Tiyang Sepuh kalawau dipunpilara déning Lesmana.Lesmana ugi kapilut panggodhanipun widadari Pamulatsih ingkang sulistya ing warna. Widadari Pamilutsih punika malihanipun Dèwi Maninten. Amargi boten kuwawi ngendhalèni hardaning kanepson, wahyu punika oncat saking angganipun Radèn Lesmana. Radèn Sambasemèedi wonten ing wana Ganggawirayang, Wahyu Cakraningrat mlebet ing angganipun Radèn Samba. Tapanipun Radèn Samba jugar awit boten nggadhahi manah ingkang adil nalika wonten pawongan kalih nedya ndhèrèk ngabdi ing Dwarawati. Pawongan ingkang setunggal kakung sampun aki-aki (sepuh) lajeng pawongan ingkang satunggalipun wanodya taksih timur lan sulistya ing warni. Radèn Samba namung kersa nampi satunggal kinarya abdi inggih punika wanodya kalawau.Pramila Wahyu Cakraningrat lajeng oncat saking angganipun Radèn Samba ingkang nggadhahi watak pilih sih (boten adil). Miturut cariyos Radèn Abimanyu ingkang pikantuk pulung Wahyu Cakraningrat. Amargi Radèn Abimanyu gadhah watak luhur bebudenipun, ugi saé tindak-tandukipun, WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta

71

kuwawi ngendhalèni hardaning kanepson, boten gampil kabidhung déning godha rencana, adil paramarta lan andhap asor. Radèn Abimanyu kagungan turun ingkang tembé wingkingipun dados Raja pinunjul jejuluk Prabu Parikesit,inggih punika raja gung binathara ing Kraton Ngastina. Dados ingkang sinebat satriya utama, inggih punika: Satunggaling tiyang ingkang gentur tapanipun,manahipun tulus, boten gampil miyur manahipun menawi kabidhung déning godha rencana,sarta tansah sumadiya mbela bebener, adil paramarta,lan tansah andhap asor. (Kapundhut saking dokumen pribadi Triwik Damarjati) Ngundhuh Wohing Pakarti

Kacariyos rikala semanten ing pertapan Gunung Tunon, wonten satunggaling Brahmana ingkang gentur tapanipun, peparab Resi Gutama. Awit saking genturing tapa, déning jawata kaparingan kanugrahan garwa widadari ingkang kekasih Bathari Windrati.Anggènipun gesang bebrayan kekalihipun tansah atut runtut boten nate cecongkrahan. Kekalihipun kaparingan putra tiga, ingkang pambajeng mijil putri sesilih Dèwi Anjani, panenggakipun kakung aran Radèn Guwarsa, déné ingkang wuragil mijil kakung aran Radèn Guwarsi. Dèwi Anjani ketingal sulistya ing warni, dénéRadèn Guwarsa lan Guwarsi bagus rupinipun. Tetiganipun tansah kaweleg kawruh manéka warni supados ing tembé dados janma ingkang utami mangertos ing reh kaprajan, bekti dhateng Ingkang Akarya Jagad. Pinuju satunggaling dinten nalika Resi Gutama miyos ing pacrabakan, dumadakan putra kakung kekalih sami sowan munjuk atur. “Rama panembahan, kénging punapa Rama tansah emban cindhé emban siladan dhateng para putra. Panjenengan bédak-bédakaken anggèn panjenengan ngrengkuh para putra?” makaten aturipun Guwarsa lan Guwarsi. “Anakku nggèr, généya sira sakloron darbé atur kang mangkono marang rama?” “Rama, kangmbok Anjani panjenengan paringi dolanan ingkang wujudipun gumebyar.Dolanan wau saben kula sambut mesthi boten pikantuk.” “Anakku sakloron, babar pisan rama ora duwé pambeg emban cindhé emban siladan, coba mbakyumu timbalana, pun rama kepingin nyumurupi apa wujudé dolanan iku?” makaten dhawuhipun Resi Gutama dhateng Radèn Guwarsa. Dèwi Anjani tumuli katimbalan, sasampunipun dumugi ing sangajenging Sang Resi lajeng kadangu. “Anjani, apa bener sira darbé dolanan kang mawa sunar gumebyar?” pandangunipun Resi Gutama. Ing sakawit Dèwi Anjani boten purun ngaken, ananging awit ajrihipun dhateng ingkang rama wusana matur walaka menawi dolanan kala wau paringanipun ingkang ibu. Dolanan kala wau dipunwastani cupu manik astagina. Datan antawis dangu cupu kala wau énggal kacaosaken dhateng ingkang rama. Sepinten kagyat ing galih Sang Resi dupi mirsani wujuding cupu punika, amargi ingkang kagungan punika namung Bathara Surya. Tumuli Dèwi Windrati katimbalan saha kadangu. “Windrati, blakaa marang aku, saka ngendi pinangkané cupu iku?” pandangunipun Sang Resi. Dèwi Windrati namung mèndel kéemawon, awit kawiyak wadosipun menawi barang punika paringanipun Bathara Surya.Resi Gutama ngantos mawali-wali anggènipun ndangu, ananging WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta

72

Dèwi Windrati tetep mèndel boten caos wangsulan.Temahan Resi Gutama duka yayah sinipi, ngantos kawiyos pangandikanipun. “Teka anèh temen Windrati, daktakoni bola-bali kowé ora gelem wangsulan, prasasat kaya tugu wujudmu.”Datan kanyana-nyana Dèwi Windrati ical sipating janma manungsa salin wujud dados tugu ingkang dedegipun wolung dedeg pangawe. Anjani, Guwarsa, lan Guwarsi sami rerantan tangis, nyuwunaken pangapunten awit kalepatanipun ingkang ibu dhateng ingkang rama. Ananging sadaya wau tanpa guna, bebasan sabda pandhita ratu, punapa ingkang kawedhar datan saged kaambli malih. “Anakku kabeh wae, wus dadi kersaning kang Murbeng Dumadi, manawa ibumu kudu nglakoni kaya mangkene, besuk yen wus tibaning mangsa kala ibumu bakal bali marang mulamulane samangsane ana perang gedhe ing Ngalengka.Mula tugu iki bakal daklungakake, aja pisan-pisan tiba lamun durung tekan ing tlatah Ngalengka.”Makaten pangandikanipun Resi Gutama.Tugu dipungetak dumugi ing tlatah Ngalengka. Sasampunipun punika para putra tetiga taksih regejegan sami rebatan cupu. Resi Gutama mangertosi putra-putranipun sami regejegan lajeng ngendika. “Sejatine cupu iki dudu kowé kang wajib ndabéni, nanging manawa kepingin sira ndabéni cupu iki bakal daksawatake. Cupu ingkang sampun kaasta Resi Gutama lajeng dipunbucal kasawataken kanthi kasektenipun ngantos dumugi satengahing wana lan lumebet ing tlaga Madirda. Sang Resi ngendika menawi cupu kala wau boten dados hakipun putra-putranipun. Awit kadereng raos mélikipun putra tetiga sami mbujung cupu kala wau. Resi Gutama dhawuh dhateng rayinipun inggih punika Jembawan saha Danurwenda kinen ngawat-awati plajaripun ingkang putra. Sadumuginipun samadyaning wana Guwarsa lan Guwarsi mangertos cumloroting cupu dhumawah ing tlaga, mila kekalihipun lajeng sami ambyur ing tlaga kala wau. Semanten ugi Anjani awit ngraosaken sayah, sadumuginipun sacelaking tlaga lajeng masuh pasuryan saha astanipun. Jembawan saha Danurwenda ingkang sadèrèngipun sampun dipunweling supados boten nggadhahi raos mélik dhateng cupu sami kesupèn kekalihipun ugi ambyur ing tlaga. Wusana sadaya boten manggihaken cupu malah wujudipun sami dados wanara. Dèwi Anjani ingkang namung masuh pasuryan saha astanipun ingkang salin wujud dados wanara inggih namung pasuryan saha astanipun. Sadaya ngraosaken judheg boten manggihaken cupu malah kepara rupinipun salin wujud dados wanara.Salajengipun sadaya sowan dhateng Sang Resi Gutama. “Adhiku sakloron lan anakku katelune pisan, kaya tembungku ing ngarep, menawa cupu manik iku dudu wewenangmu.Kaluputanmu bakal oleh pangapura, ananging kanthi sarana. Guwarsa, sira tapaa ngalong lan nganggoa jeneng Subali. Aja wudhar anggonmu tapa lamun durung antuk peparing saka Dewa Kang Pinunjul. Guwarsi, sira tapaa ngidang ing alas Dhandhaka lan nganggoa jeneng Sugriwa, ya ing kana sira antuk pepadhang. Déné anakku Anjani kowé tapaa nyanthoka utawa kungkum, aja pisan-pisan mangan menawa ora olèh peparing Kang Murbèng Dumadi.”Makaten pangandikan Resi Gutama dhateng para putranipun. Putra tetiga lajeng sami bidhal ngestokaken dhawuhing Rama. Déné Danur Wénda lan Jembawan taksih kawejang déning Sang Resi bab kawruh sejatining gesang. (Kapundhut saking dokumen pribadi Slemet Nugroho)

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta

73

Gladhén Piwulang punapa kémawon ingkang saged kapundhut saking cariyos ringgit ing inggil punika, sasampunipun kapanggih piwulangipun lajeng kaandharaken ing ngajeng kelas! Gladhén Kadamela kelompok (4-5 siswa) lajeng dipunpadosi cariyos ringgit saged kapilih setunggal irah-irahan kadosta Sembadra Larung,Wahyu Makutharama,Arjuna Wiwaha,Kresna Duta,Bima Bungkus, Dewa Ruci, Balé Sigala-gala,Bambang Sumantri lan Pétruk Dadi Ratu.Kapendhet piluwang luhuripun.Salajengipun dipunandharaken ing sangajenipun kelas. Kelompuk sanès paring panyaruwélan pamanggih!

KAWRUH UKARA 3. UKARA BOTEN GANEP Sampun kababar menawi ukara ganep punika kadadosan saking Jejer, Wasésa, Lésan saha Katrangan utawi saboten-botenipun Jejer kaliyan Wasésa. Ananging ing basa Lésan inggih punika ing ukara pitakon utawi pakon. Péranganing ukara boten ganep, trekadhang wujud jejer mawon, déné wasésanipun boten wonten. Wonten wasésa, jejer boten wonten. Malah wonten sawenèh perangan ukara ingkang Jejer saha Wasésanipun boten wonten, ananging ingkang dipunajak gineman sampun mangertos punapa ingkang dipunkersakaken. Kagatosna ukara ing andhap punika:  Rénéa!  Sardi!  Nyang ngendi? Ing ngriku, katingal cetha menawi péranganing ukara cèwèt. Ukara ingkang kados makaten punika ingkang dipunwastani Ukara Boten Ganep. Tegesipun wonten péranganing ukara ingkang boten kaaturaken, amargi panci sampun boten prelu, awit ingkang dipunajak gineman sampun saged nampi. Werna-wernining ukara boten ganep, inggih punika: a. Ukara Cèwèt Jejeripun Ukara punika kapanggihaken ing ukara pakon, pangajap, pitakon, pangandikan lsp. Ukara Pakon Ingkang dipunprèntah boten kasebut, inggih punika jejer. Tuladha:  Mangana!  Damunen téplok kaé! Ukara Pangunandika WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta

74

Ingkang dipunginem inggih punika jejer, boten kaucap. Tuladha:  Wah, apiké!  Wah, abangé!  Iba senengé! Ukara Pitakon Ingkang dipunsuwuni pirsa utawi ingkang dipuntakèkaken boten kasebut, inggih punika Jejer Tuladha:  E, badhé tindak pundi?  Nyerat Punapa? b. Ukara Cèwèt Wasésanipun Tinemu ing ukara pakon utawi ukara pitakon Tuladha:  Sriyati! (Ganepipun umpaminipun kados mekaten: Sriyati kudu mangan!)  Ula! (Ganepipun umpaminipun kados mekaten: Gebugen ula kuwi!)  Pak gedhé! (Dados wangsulanipun pitakon ingkang upaminipun mekaten: Sinten ingkang ngendika ing ngajengan punika?) c. Ukara Cèwèt Jejer saha wasésanipun Ukara punika saged awujud lésan kémawon utawi katrangan mawon. Namung awujud lésan kémawon ingkang nandhang. Tuladha:  Germa mbedhil apa?  Kidang (ganepipun: Germa mbedhil kidang)  Murid-murid mahargya sapa?  Bapak Bupati (ganepipun: Murid-murid mahargya Bapak Bupati) Wujud lésan ingkang pinurih mawon. Tuladha:  Ibu numbasaken olèh-olèh sinten?  Laré-laré (ganepipun: Ibu numbasaken olèh-olèh laré-laré)  Njenengan nyuwunaken pamit sinten?  Pun Sidin (ganepipun: kula nyuwunaken pamit Pun Sidin) Wujud katrangan ingkang tumindak Tuladha:  Dipunpaculi sinten sabinipun?  Murid-murid sedaya (ganepipun: sabinipun dipunpaculi murid-murid sedaya)  Buku punika badhé dipunsuwun sinten?  Sardi! (ganepipun: buku punika dipunsuwun Sardi) Wujud katrangan wayah Tuladha:  Kapan lungané sardi?  Kala wingi (ganepipun: Sardi tindak kala wingi) WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta

75

 Kapan sédané simbahmu?  Nalika jawah awu redi kelud taun kepengker. Wujud katrangan panggonan Tuladha:  Banjur dipetak ngendi?  Ing pasaréan Kuncen.  Bukuné kèri ngendi?  Ing sekolahan (ganepipun: Bukunipun katilar ing sekolahan) Wujud katrangan sebab Tuladha:  Yagéné kowé ora mlebu?  Sebab sakit. (ganepipun: kula boten mlebet sebab sakit.)  Apa alesané, déné kowé wani nglirwakaké wajib?  Amargi anak kula monthah (ganepipun: kula boten mlebet, amargi anak kula monthah) Wujud katrangan akibat Tuladha:  Apa pamrihmu déné laku sandi?  Amrih boten ngetawisi (ganepipun: kula alampah sandi amrih boten angetawisi) Katrangan sanèsipun boten prelu dipunparingi tuladha. Déné ingkang kedah dipunémut, bilih guneman sacekak-cekaking ukara boten ngantos manggih suraos. Boten ngertos udanagara amargi boten sekéca dipunpirengaken. Cengkah kliyan unggah-ungguhing basa. Pramila langkung saé radi panjang tinimbang cekak-cekak sanget. Malah senadjan wangsulan namung satembung, anggénipun ngucapaken dipunulur, dipunpanjangaken.

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta

76

UJI KOMPETENSI Kawangsulana pitakénan ingandhap punika kanthi cara miji wangsulan A, B, C,D, utawi E ingkang leres! 1.

2.

3.

Seratan aksara Jawa ing inggil menawi kalatinaken inggih punika…. A. gambang suling gumandang swarané B. gambang sruling gumandhang swarané C. gambang suling kumandang swarané D. gambang suling kumandhang suarané E. gambang suling kumandhang swarané Seratan aksara Jawa ing inggil menawi dipunserat latin kanthi trep lan leres inggih punika…. A. reksané awakmu lan keluwargamu saka geni neraka B. rekane awakmu lan kluwargamu saka geni neraka C. reksanen awakmu lan kluwargamu saka geni neraka D. reksanè awakmu lan kluwargamu saka geni nraka E. rekasané awakmu lan keluwargamu saka geni neraka ….

A. B. C. D. 4.

E.

… A. B. C. D. E. WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta

77

5.

6.

7.

8.

Seratan aksara Jawa ing inggil menawi kalatinaken inggih punika… A. Bapa dhahar kolak. B. Bapak dahar kolak. C. Bapa dahar kolak. D. Bapak dhahar kolak. E. Bapak madhang kolak. Seratan aksara Jawa ing inggil menawi kalatinaken inggih punika… A. persami wis rampung B. persami sampun rampung C. persami wis rampungan D. persami rampungna E. persami rampungaken Seratan aksara Jawa ing inggil menawi kalatinaken inggih punika… A. kabèh kudu masak B. kabèh kudhu masak C. kabèh iku masak D. kabèh kudu masaka E. kabèh ki masak

Para kyai padha rapat. Menawi dipunserat mawi aksara Jawa ingkang leres inggih punika….

A. B.

C.

D. 9.

E.

A.

….

B.

C.

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta

78

D. 10.

E.

A.

… Tetembungan kasebatcobi dipunrampungaken!

B.

C.

D. E.

11. Ing andhap punika tuladhanipun kesenian tradisional, kajawi….

A. B.

C.

D. 12.

E.



A. B.

C. D. 13.

E. … A. B.

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta

79

C. D. E. 14.

Seratan aksara Jawa ing inggil menawi kalatinaken inggih punika… A. Kadang kaliyan kethèk. B. Kendhang kaliyan kulit. C. Kedhung kaliyan kutuk. D. Kandhang kaliyan kebon. E. Kidang kaliyan kethèk. 15. Seratan Jawa ing andhap ingkang ungelipun: Siti arep adus, inggih punika.… A. B. C. D.

E.

16. Seratan Jawa ing andhap punika ungelipun…. A. B. C. D. 17.

Gemah ripah kerta raharja. Gemah ripah tata tentrem. Gemah ripah panjang-punjung. Gemah ripah titi jinawi. E. Gemah ripah loh jinawi. Seratan aksara Jawa ing inggil punika menawi kalatinaken inggih punika… A. Darmana nggorèng témpé. B. Darmono nggorèng témpé. C. Darmana nggorèng tahu. D. Darmono nggorèng tahu. E. Darmana nggorèng tahu témpé.

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta

80

18. Seratan Jawa ing andhap ingkang ungelipun: Dudu sanak dudu kadang, yèn mati mèlu kélangan, inggih punika.… A. B. C. D. 19.

E. …. A. B. C. D.

20.

E.

A. B. C. D. E.

Sragèn 1 Oktober 1973. Sragèn 1 Oktober 1974. Sragèn 1 Oktober 1975. Sragèn 1 Oktober 1976. Sragèn 1 Oktober 1978.

dipunwaos ....

21. Imunisasi polio manawikaseratngangge aksara Jawa …. A. B. C. D. E.

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta

81

22.

23.

A. B. C. D. E.

A.

Kakarepan. Kakarapan. Kekarepan. Kakerepan. Kekerepan.

dipunwaos ...

……

B.

C.

D. E.

Wacan 1 (kanggé mangsuli pitakènan nomer 24- 26) Layanganku Temangsang ing Wit Nangka Pinggir Tlaga Angin cekikikan mbandul buntut layangan ngalor ngidul gentèyongan.Ugel-ugel pang nangka mlinder otot layangan njerit sambat pitulungan.Tlapukan mata busur layangan ndengèngèk nyawang égoling cethul njumbal-njumbul ngrajut tirta ing sepining tlaga.Kaper,kinjeng,walang,kupu iber-iberan njogèd kentrung kanthi ketipung irung garèngpung.Kriyak kriyek pring petung keprungu molèt.Nyurung barisan bledug kang cinèkèr piyik prenjak.Ngawé-awé wit gedhang katon kaya jubah wéwé.Cethul,cébong kungkum tlaga katon bathuk nonong rai ndomblong.Suket,pethètan,kembang tratè nyeblak banyu kaya ranté.Ndhok Iyik irit-iritan ngekum swiwi tanpanglangi.Kulitku kliwir-kliwir digrawuk angin barat tanpa kendhat.Rangkaku inguk-inguk lambé tlaga ngawé-awé.Tulungtulung iki tlaga ireng ngemplok ragaku kang wus buntung.Wit Nangka ra nyangka dadi saksi layanganku diemplok tlaga. (déning Triwik Damarjati)

24. Ing ukara ”Angin cekikikan mbandul buntut layangan ngalor ngidul gentèyongan”,tegesipun inggih punika.... A. Kasangsaran tiyang mlarat ingkang boten kwawi nyekapi kabetahan gesangipun. B. Panggesangan ing alam donya pancèn awrat satemah kathah tiyang ingkang cupet manahipun lajeng lampus dhiri. C. Panggesangan tiyang ing alam donya ingkang kebak kabagyan amargi sedaya kabetahan gesangipun sampun kacekapan. D. Kasangsaran tiyang mlarat ingkang nglampahi gesang ngrekaos sanget ngantos dumugining séda,kanthi kebak papa cintraka. E. Tiyang ingkang nembé nglampahi sakharatul maut. WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta

82

25. Ing ukara”Tulung-tulung iki tlaga ireng ngemplok ragaku kang wus buntung"tegesipun inggih punika.... A. Tiyang ingkang nandhang sesakit ingkang boten wonten tambanipun. B. Tiyang ingkang gesangipun sangsara ngantos dumugining séda,nanging boten wonten tiyang ingkang paring pitulungan. C. Panyuwunipun pungkasan tiyang ingkang badhé séda,supados jasadipun dipunpendhet saking lebet tlaga. D. Tiyang ingkang dhawah saking wit nangka lajeng kelem ing lebet tlaga. E. Panyuwunan tiyang ingkang kepingin mendhet uwoh nangka ing pinggiring tlaga. 26. Ing ukara”Tlapukan mata busur layangan ndengèngèk nyawang égoling cethul njumbal-njumbul ngrajut tirta ing sepining tlaga” tegesipun inggih punika... A. Kadhangkala tiyang gesang punika boten mangertos wonten tiyang sanès sakcelakipun nembé nglampahi kasangsaran,ingkang sanget mbetahaken pitulungan. B. Tiyang ingkang gesangipun kinembeng ing kamulyan sarta remen paring pitulungan dhateng sesami C. Tiyang sapunika kathah ingkang gesang kanthi menggalihaken kabetahanipun piyambak amargi kabetahan sapunika sangsaya awrat sangganipun. D. Tiyang ingkang nglampahi gesang sangsara amargi kekathahen utang. E. Panyuwunan tiyang ingkang sangsara nyuwun énggal-énggal tumekaning séda. 27. Sarat ngripta geguritan ingkang saé, inggih punika kajawi... A. B. C. D. E.

milih tembung ingkang mentes lan mantesi wonten tembung èndah(purwakanthi,dwilingga lan sapanunggilapun) wonten tembung Kawi isinipun trep kaliyan tema/jejer. saged dipunanalisis isinipun kanthi gampil.

28. Ingkang boten kalebet bédanipun geguritan kaliyan macapat, inggih punika... A. Wonten guru lagu B. Wonten pilihan tembung (diksi) C. Wonten guru gatra D. Wonten sasmita tembang. E. Wonten guru wilangan Wacan 2 (kanggé mangsuli pitakènan nomer 29- 31)

Aja Kuwatir Pahlawanku déning: R. Bambang Nursinggih

Tekan pucuk punthuké sasanalaya ora gawé kuciwa Aruming kukus ratus ngambar sumebar kumelun ngekuwung mendhuwur Kumlèbaté kembang setaman kacampur sadana minangka sawur Kairing swara kidung mbrengengeng lamat-lamat mangungkung Mimbuhi rasa sungkawa kang jero tumrap kang lagi suwung Sumitra lan sedulur samya manekung santi puja Muji lelabuhané pupus puspa kang kapagut ing rananggana Katrima minangka amal baktiné Ing ngarsa dalem Allah Ta’ala

(Arak-arakan Geguritan, 2007)

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta

83

29. Aruming kukus ratus ngambar sumebar kumelun ngekuwung mendhuwur Tembung sumebar mujudaken tembung andhahan, tembung lingganipun,inggih punika ... A. sumeb B. mebar C. ebar D. sebar E. umeb

30. Muji lelabuhané pupus puspa kang kapagut ing rananggana. Wonten ing ukara kapanggihaken purwakanthiinggih punika ... A. guru lagu B. guru sastra C. guru swara D. guru gatra E. guru wilangan

31. Ing andhap punika jumbuh kaliyan wosing pada kalih geguritan ingkang asesirah Aja Kuwatir Pahlawanku,inggih punika … A. Sedaya tiyang sami sedhih B. Wontenipun sekar/kembang ingkang mati. C. Sanak sedhèrèk sami ndedonga dhateng Gusti Ingkang Maha Kawasa mugi-mugi boten wonten ingkang suwung. D. Sanak sedhèrèk sami ndedonga dhateng Gusti Ingkang Maha Kawasa mugi-mugi para pahlawan katampi amal kasaénanipun. E. Maringi puji pangalembana dhateng para pahlawan. 32. Satunggalipun geguritan kedah saged caos patuladhan lan pitutur ingkang saé, sarta migunani kanggé sanguning gesang ing alam donya. Makaten punika satunggalipun unsur geguritan ingkang sinebut, inggih punika ... A. èstètis B. kohèren C. nuwuhaken raos tresna D. aspiratif E. édukatif 33. Geguritan saged rinaos èndah awit kadhapuk lumantar pamilihing tembung ingkang trep, lan ugi ngginakaken leléwaning basa (gaya bahasa/majas) ingkang saged nuwuhaken greget lan raos ingkang kiyat, ugi ngginakaken purwakanthi ingkang saged mimbuhi kaèndahan-ipun. Makaten punika satunggalipun unsur geguritan ingkang sinebut, inggih punika ... A. kohèren B. èstètis C. nuwuhaken raos tresna D. édukatif E. aspiratif

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta

84

Wacan 3 (kanggé mangsuli pitakènan nomer 34)

Dhandhanggula resep wataknéki Pangkur sereng Sinom renyah grapyak, Maskumambang panlangsané Sembrana watakipun, pun Pocung ingkang andarbéni, Megatruh nglangut rasa, Durma galakipun, déné Mijil prihatinnya, Gambuh genah Kinanthi ing seneng asih, Asmarandana tresna. (Kapethik saking Djaka Lodang)

34. Sekar macapat dhandhanggula ing inggil punika suraosipun ngènginginama-nama sekar macapat ingkang ngemot punapa… A. jinisipun sekar macapat. B. watakipun sekar macapat C. mupangatipun sekar macapat D. urut-urutanipun sekar macapat E. urut-urutanipun sekar macapat 35. Sasmita sekar macapat maskumambang inggih punika… A. kenthir B. nom C. sarkara D. sereng E. nelangsa

36. Megatruh nglangut rasa wonten ing paramasastra sinebut inggih punika… A. plutan B. éntar C. purwakanthi guru basa D. purwakanthi guru sastra E. baliswara 37. Watak sekar macapat megatruh inggih punika… A. nglangut B. tresna C. sereng D. nelangsa E. sembrana

38. Sasmita sekar macapat megatruh inggih punika… A. gandhèng B. miyos C. pedhot D. brangta E. kingkin WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta

85

Wacan 4 (kanggé mangsuli pitakènan nomer 39- 43) RAMAWIJAYA Ramawijaya punika putranipun Prabu Dasarata, nata Ayodya, saking garwa prameswari Dèwi Sukasalya. Ramawijaya gadhah sedulur tiga, Laksmana, Bharata, lan Satrughna. Garwanipun Rama asesilih Dewi Sinta, putri kedhaton Manthili ingkang kaloka kasulistyanipun. Sasampunipun krama kaliyan Dèwi Sinta, Rama badhé winisuda dados ratu ing Ayodya, nanging meksa boten kaleksanan awit saking pokalipun Dèwi Kekayi. Dewi Kekayi ngandharaken menawi ingkang kedah dados ratu wonten ing Ayodya inggih punika putranipun ingkang nama Bharata, lan Rama kedah nglampahi ukum buwang dhateng wana. Bab punika ingkang ndadosaken panggalihipun sang Nata nandhang sungkawa lan wusananipun dados jalaran sédanipun. Pungkasanipun, Rama lan Sinta kadhèrèkaken Laksmana lajeng nglampahi ukum buwang wonten ing Wana Dhandhaka. Ing papan punika Sinta kadhusta dening ratu buta ingkang nama Rahwana. Sinta cinidra lajeng dipunbekta dhateng Kraton Alengka. Rama lan Laksmana, kanthi pambiyantunipun para wanara kawulanipun Sugriwa ingkang dipunpandhégani déning sang satriya wanara séta peparab Anoman, pungkasanipun saged ngawonaken Alengka. Rama lan Sinta saged nyawiji malih lan peputra Kusa lan Lawa. Rama lan Laksmana, kanthi pambiyantunipun para wanara kawulanipun Sugriwa ingkang dipunpandhégani déning sang satriya wanara séta peparab Anoman, pungkasanipun saged ngawonaken Alengka.

39. Tembung wanara séta mengku teges inggih punika... A. kethèk awarni jené B. kethèk awarni abrit C. kethèk awarni pethak D. kethèk awarni cemeng E. kethèk sekti mandraguna

40. Saking waosan ing inggil, ingkang njalari sédanipun Prabu Dasarata inggih punika.... A. Bharata dados ratu ing Ayodya B. Dèwi Sinta cinidra déning Rahwana C. Dèwi Sinta saking Manthili dados garwanipun Rama D. Dèwi Kekayi dipun-ukum buwang dhateng Wana Dhandhaka E. Prabu Dasarata sungkawa amargi Rama nglampahi ukum buwang

41. Ing papan punika Sinta kadhusta dening ratu buta ingkang nama Rahwana. Tegesipun tembung kadhusta inggih punika.... A. dipunpejahi B. dipuncolong C. dipuntresnani D. dipundhèrèkaken E. dipunsubya-subya

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta

86

42. Pitutur ingkang boten trep kaliyan waosan ing nginggil, inggih punika.... A. tresnanana para sedhèrèk B. brasthanen angkara murka C. sabara nindakaken sedaya pacoban D. dadosa manungsa ingkang awatak culika E. remena ngumbara supados sekti mandraguna

43. Tegesipun tembung kaloka ingkang sinebut ing waosan nginggil inggih punika.... A. wasis B. ruruh C. prigel D. pinter E. misuwur Wacan 5 (kanggé mangsuli pitakènan nomer 44 – 49)

ASTHABRATA Asthabrata inggih punika 8 (wolung) cepengan ngèlmu kepemimpinan ingkang dipunwedharaken déning Rama dhateng Barata amrih saged mimpin Ayodya kanthi becik saha dhateng Wibisana saderengipun mimpin Alengka. Wondéné isi Asthabrata iki sumberé saka sipat lan lakuné 8 (wolung) déwa: Éndra, Yama, Surya, Candra, Bayu, Kuwéra, Baruna, lan Brama. Asthabrata ugi dipunwedharaken déning Begawan Kesawasidhi dhateng Arjuna ing lampahan wayang Makutha Rama. Sumber Asthabrata wau sanesipun saking sipat lan lampahipun déwa ugi saking sipat lan watekipun 8 (wolung) unsur alam, inggih punika: kisma (bumi), warih (tirta, banyu), samirana (angin), jaladri (samodra), candra (rembulan), baskara (surya), dahana (agni, geni), lan kartika (lintang). Minangka cepengan lampah utama kangge tiyang Jawa, Asthabrata saged dipunwujudaken kanthi simbol wanita, garwa, wisma, turangga, curiga, kukila, waranggana, lan pradangga.

44. Asthabrata mengku teges punapa.... A. wejangan ngèlmu urip sejati B. wejangan ngèlmu kasantikan C. wejangan ngèlmu kapemimpinan D. wejangan ngèlmu jaya kawijayan E. wejangan ngèlmu raos lan kasantikan

45. Déwa ingkang dados simbol Asthabrata inggih punika.... A. Éndra, Wisnu, Brama, Semar, Narada, Siwa, Bayu, lan Surya B. Éndra, Yama, Surya, Candra, Bayu, Kuwéra, Baruna, lan Brama C. Wisnu, Siwa, Brahma, Candra, Surya, Bayu, Kuwéra, lan Baruna D. Wisnu, Brahma, Siwa, Yamadipati, Déwa Rengka, Baruna, lan Bayu E. Bathara Guru, Surya, Wisnu, Bayu, Siwa, Yamadipati, Éndra, lan Baruna 46. Unsur alam ingkang boten kalebet Asthabrata inggih punika.... A. kisma, warih, samirana, candra B. warih, kisma, bagaskara, jaladri

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta

87

C. bagaskara, tirta, kukila, dahana D. kartika, warih, bagaskara, jaladri E. jaladri, kisma, candra, bagaskara

47. Tegesipun pemimpin kedah kagungan watak kadosdéné Dewa Surya inggih punika.... A. ngukum kawulanipun ingkang lepat B. adil dhateng kawulanipun tanpa pilih sih C. paring katrentreman dhateng kawulanipun D. paring pepadhang kanthi sabar lan trep dhateng kawulanipun E. paring sandhang pangan ingkang mirah dhateng kawulanipun 48. Salah satunggaling klangenan tiyang Jawa inggih punika wisma. Simbol wisma mengku teges inggih punika.... A. kaéndahan ingkang saé B. swanten ingkang lam-lami C. saged damel rasa mulya, tentrem D. wujud blegeripun sedheng amantesi E. manungsa kang darbé bebudèn luhur

49. Tegesipun watak kisma wonten ing Asthabrata inggih punika.... A. saged mapan wonten ing pundi kémawon B. saged nuwuhaké angen-angen kang éndah C. jujur, prasaja, ngendika menapa wontenipun D. jembar tanpa wates, saged ngemot sabarang kardi E. sinten ingkang sregep lan bisa ngolah bakal ngundhuh wohipun

50. Ngèlmu iku kalakoné kanthi laku. Menawi kaserat mawi aksara Jawa, inggih punika.... A. B. C. D. E. 51.

Menawi kaserat latin inggih punika.... A. nindakna laku becik, amrih dadi manungsa kang utama. B. nindakna laku utami, amrih dadi manungsa kang becik. C. nindakna laku utama, amrih dadi manungsa kang becik. D. nindakna laku becik, murih dadi manungsa kang utama. E. nindakna laku utama, amrih dadi manungsa kang utama.

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta

88

52.

Unèn-unèn ing inggil mengku teges inggih punika.... A. aja seneng tumindak culika B. yèn péngin mulya kudu gelem makarya C. aja seneng nengenaké kewigatiané dhéwé D. tumindak ala lan becik pungkasané bisa katitik E. yèn kepéngin dikurmati wong liya kudu bisa njaga tumindak

53. Ratu ing Ayodya inggih punika.... A. B. C. D. E.

54. Unèn-unèn “lepet anget cacah papat” menawi dipunserat mawi aksara Jawa inggih punika.... A. B.

C. D. E.

55. Tembang macapat inggih punika.... A. tembang Jawa gagrag anyar B. tembang Jawa ingkang ngandhut pitutur luhur C. tembang mawi paugeran guru gatra, wilangan, lan lagu D. tembang ingkang migunakaken padèswara, pada dirga E. tembang ingkang kaping papat lan maosipun papat-papat 56. Ingkang kalebet jinising tembang macapat inggih punika.... A. durma, balabak, juru demung, pocung B. mintajiwa, pangkur, balabak, wirangrong C. pangkur, gambuh, gambir sawit, megatruh D. megatruh, sinom, maskumambang, pangkur E. mijil, asmarandana, cucak rawa, nyidhamsari

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta

89

57. Ingkang kawastanan guru gatra inggih punika.... A. cacahing wanda saben sagatra B. cacahing pada saben tembang C. cacahing pada saben rong tembang D. cacahing wanda ing sapada tembang E. cacahing larik saben sapada tembang

58. Ingkang dipunwastani guru lagu inggih punika.... A. guru ingkang mulang lagu utawi tembang B. gunggungipun wanda ing saben sapada tembang C. dhawahing swanten vokal ing pungkasaning gatra D. gunggungiipun larik utawi gatra saben sapada tembang E. dhawahing swanten vokal ing pungkasaning pada tembang Wacan 6 (kanggé mangsuli pitakènan nomèr 59-60)

Sega énak wak duduh, sambel gorèng tur peténé wutuh, gudheg manggar iwak pitik santen kanil, iwak empal abon remus, berongkosé iwak congor.

59. Tembang ing inggil kalebet tembang inggih punika.... A. Pocung B. Gambuh C. Pangkur D. Megatruh E. Dhandhanggula

60. Guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu tembang ing inggil inggih punika.... A. 7u, 10u, 12i, 7u, 8o B. 7u, 10u, 11i, 7u, 8o C. 7u, 10u, 12 i, 8u, 8o D. 7u, 10 i, 12i, 7u, 8o E. 7u, 10i, 12i, 8u, 8o 61. Sekar macapat ingkang watakipun tresna asih inggih punika.... A. Mijil B. Durma C. Pocung D. Megatruh E. Asmaradana 62. Geguritan inggih punika.... A. puisi Jawa gagrag énggal B. suluk ing kasusastran Jawa C. parikan wonten ing sastra Jawa

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta

90

D. tembang wonten ing kabudayan Jawa E. puisi Jawa klasik awujud kidung lan tembang

63. Bab ingkang kedah dipungatosaken nalika damel geguritan inggih punika.... A. basanipun nganggé basa rinengga B. tembungipun mathis, basa krama inggil C. tembungipun mentes, cekak, basa prasaja D. ngagem guru lagu, guru wilangan, lan guru gatra E. tembungipun éndah, nggladrah, ngagem guru gatra 64. Nalika maos geguritan kedah nggatosakenpunapa.... A. wicara, wirama, wiraga, wirasa B. busana, wicara, wirasa, wirama C. wiraga, wirasa, wiwara, wibawa D. solah bawa, basa, busana, wiraga E. tata krama, wicara, wirasa, wibasa Wacan 7 (kanggé mangsuli pitakènan nomer 65 – 68).

TAK RANGGÈH WEWAYANGANMU TAK GAYUH LINTANG KAMULYANMU : kanggo kadangku nunggal rasa Déning: Mbah Dirga

.............. pancèn iki lakonmu… jroning wektu sliramu wus mangertèni jantraning laku mrambati mobah mosiking kahanan kasangsaran nlikung dhiri anané urip tansah katimplak-timplak ora mikir ngelak kepara mangan énak sapecak mbaka sapecak wus kasil disasak

angin midid nyempyok kalbumu padhanging hawa cetha ing pucuking nétramu muga-muga tan ana rubéda nyenyandhung karya kadangku: binarung gurit rinoncé iki tak ranggèh wewayanganmu tak gayuh lintang kamulyanmu

65. Tembung ingkang tegesipun boten sami kaliyan tembung kalbu inggih punika.... A. ati B. tyas C. galih D. awak E. manah WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta

91

66. Tembung binarung tegesipun inggih punika.... A. dipunserat B. sesarengan C. dipunpriksa D. dipundamel E. dipunsranani

67. Pérangan geguritan ing nginggil ingkang nélakaken pangajab inggih punika.... A. muga-muga tan ana rubéda nyenyandhung karya B. jantraning laku mrambati mobah mosiking kahanan C. binarung gurit rinoncé iki, tak ranggèh wewayanganmu D. kasangsaran nlikung dhiri, anané urip tansah katimplak-timplak E. tak ranggèh wewayanganmu, tak ranggèh lintang kamulyanmu 68. Téma geguritan inginggil ingkang trep inggih punika.... A. kaéndahan B. kamanungsan C. reh tata kaprajan D. pendhidhikan luhur E. lingkungan lan alam

69. Tiyang ingkang maosaken wosing pawartos dipunwastani punapa… A. Orator B. Narator C. Pambiwara D. Pranataning acara E. Pamedhar sabda

70. Tiyang ingkang maosaken pawartos kanthi jlèntrèh dipunwastani punapa… A. Orator B. Narator C. Pambiwara D. Pranataning acara E. Pamedhar sabda 71. Pawartos ingkang medalipun saben dinten dipunwastanipunapa.… A. Ariwarti B. Kalawarti C. Tabloid D. Majalah E. Koran

72. Pawartos ingkang medalipun kala-kala utawi boten tinamtu, dipunwastanipunapa.… A. Ariwarti B. Kalawarti C. Tabloid WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta

92

73.

D. Majalah E. Koran Seratan Jawa ing inggil menawi kaserat latin inggih punika…. A. Nakula lan Sadéwa putra Pandhu. B. Sadéwa lan Nakula putra pandhu. C. Nakula lan Sadéwa putra Kurawa D. Sadéwa lan Nakula putra Kurawa E. Nakula Sadéwa lan Pandhawa

74. Ki Hajar Dewantara sesanti; Ing Ngarsa Sung Tuladha. Seratan latin kasebat menawi kaserat kanthi aksara Jawa inggih punika....

A. B. C.

D. E. 75. Calon durung mesthi kalakon, ukara punika menawi kaserat mawi aksara Jawa inggih punika…. A. B.

C. D. E. Wacan 8 (kanggé mangsuli pitakènan nomer 76 – 80).

MOS SMA-ku pancèn abot.OSIS–e rada rèwèl.Yèn ana kang ora trep kalawan apa kang dikarepaké banjur diukum.Sawisé upacara siswa anyar banjur mlebu kelas.OSIS nuli ngetutakèlan wiwit ngabsèn mbaka siji kanggo mesthèkakéyèn ora ana siswa anyar kang klèru kelas.

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta

93

Saben kelas disandhing OSIS loro.Kelasku dicekel OSIS aran Dadi lan Dèdi (déning kancakancané diparabi Kinclong).Nalika ngabsèn siswa anyar kang aran Simping.T.Dèdi ngguyu,pikiréjeneng kok anèh.Mesthi waè Simping nesu.Dhasar bocahé kendel.”Ngapa kok nggeguyu jenengku?Emang lucu?”Dèdi kang isih ngguyu lagi sadhar yèn polahé mau ora dadi atiné Simping.Aku sakanca padha mlongo.Genéya Simping kok wani ngélikakèOSIS,”Ora wedi yén diukum pa?”pikirku sakanca.Sawisé rampung,aku sakanca dikonresik-resik kelas.OSIS padha ngomandani.Sawisérampung,aku sakanca banjur mlebu.Dèdi takon,”Sudah bersih adhik-adhik?”Sudah,Kak.Sudah kinclong!”Simping semaur karo ngadeg,niru iklan ing TV.Karuwan kabèh padha ngguyu cekakakan.Kanca-kancakang lungguh-lungguh ing dhingklik ngarep kelasku padha ngguyu cekakakan genti Dèdi sing kisinan,apa manèh kancakanca dikon lèrèn anggoné ngguyu ning tetep ngèyèl.Satu sama ya mas?. 76. Basa Kramanipun abotinggih punika…. A. awrat B. rahap C. ngangkat D. ngangsu E. ngancani 77. Basa Kramanipun anyar,inggih punika…. A. awèt B. lami C. lajeng D. énggal E. èdipèni

Arum Sutarsih – Majalah “Djaka Lodang”

78. Basa Kramanipun dicekelinggih punika…. A. dipundulang B. dipunbesmi C. dipunampili D. dipundukani E. dipuncepeng

79. Basa Kramanipun ngguyu, inggih punika…. A. cekikik B. gemi C. gerah D. gegulang E. gemujeng

80. Wonten pundi latar utawi papan(setting) wontenipun cariyos pengalaman ingkang kaserat ing inggil, inggih punika…. A. Yayasan B. Pawiyatan C. Pakempalan D. Pabaratan E. pacrabakan WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta

94

DAFTAR PUSTAKA Astuti, Santi Indra. (2008). Jurnalisme Radio: Teori dan Praktik. Bandung: Simbiosa Rekatama Media. Buku

Kawi-Djarwa Dirjasupraba.(1993).Diambil pada tanggal 2 Juni 2015dari,(www.sastra.org) BUKU Kawi – Djarwa Dirjasupraba, 1993, #1263

(blog.uny.ac.id/.../PERANGAN-VII.-SEKAR-SAHA-LAGU).Diambil pada tanggal 12 Juni 2015 dari,(blog.uny.ac.id/.../PERANGAN-VII.-SEKAR-SAHA-LAGU). Darsono, S., 2002. “Sajian Macapat Gaya Bapak Netra’Abdi Dalem Kraton Kasunanan Surakarta Hadiningrat,”Diambil pada tanggal 10 Mei 2015 dari, www.gamelan.org/worksinprogress/.../1-arsono_netra_introduction.doc. Djaka Lodang no.21 tanggal 19 Oktober 2013 Djaka Lodang no.05 tanggal 5 Juli 2014

Djaka Lodang no.16 tanggal 20 Septembér 2014

Djaka Lodang no.17 tanggal 27 Septembér 2014 Djaka Lodang no.17 tanggal 27 Septembér 2014 Djaka Lodang no.03 tanggal 21 Juni 2014

Djaka Lodang no.37 tanggal 14 Pebruari 2015

Doyin, Muk. (2008). Membaca di SMA.Semarang: FBS Unnes.

Effendy, Onong Uchjana.( 1990). Radio Giyaran: Teori & Praktek. Bandung: Mandar Maju. Endraswara, Suwardi, (2002). Metodologi Penelitian Sastra. Yogyakarta: CAPS. ------, (2002) .Metode Penelitian Psikologi Sastra, Yogyakarta: Medpress.

------, (2006) .Mistik Kejawen Sinkritisme, Simbolisme, dan Sufisme Dalam Budaya Spiritual Jawa.Yogyakarta: Narasi. Eko Prawiro Dihardjo.Macapat.Diambil pada tanggal 2 Juni 2015.dari http://prawirojava.blogspot.com/p/sejarah-macapat.html WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta

95

file:///I:/REVISI/Asmara%20Setya%20Widada%2010205241064.pdf.Diambil pada tanggal 17 Juni 2015 dari,file:///I:/REVISI/Asmara%20Setya%20Widada%2010205241064.pdf.

Hadiwidjana. (1967). Tata Sastra. Yogyakarta: U.P. Indonesia

http://mydiery45.blogspot.com/2012/09/pawartos.html.Diambil pada tanggal 11 Juni 2015 dari, http://mydiery45.blogspot.com/2012/09/pawartos.html

Idris, Suwardi.( 1987). Jurnalistik Televisi. Bandung: Remadja Karya

Kamus Sansekerta Indonesia (Dr. Purwadi, M.Hum dan Eko Priyo Purnomo, SIP Diambil pada tanggal 10 Mei 2015, http://piwulangluhur.blogspot.com/p/kamus-sansekerta-indonesia.html LKS Kawuryan.MGMP bahasa Jawa Kab.Sleman.

Masduki. (2006). Jurnalistik Radio: Menata Profesionalisme Yogyakarta: LKiS Yogyakarta.

Reporter

dari

dan Penyiar.

M orissan.(2008). Jurnalistik Televisi Mutakhir. Jakarta: Kencana Prenada Nursisto,( 1999). Penuntun Mengarang. Yogyakarta: Adicita. Nurudin.(2007).Dasar-dasar Penulisan. Malang: UMM Press

Pradopo, Rachmat Djoko.(2009). Pengkajian Puisi. Yogyakarta: Gadjah Mada Press Pradopo, Rachmat Djoko.(2009). Beberapa Teori Sastra, Metode Kritik, dan Penerapannya.Yogyakarta: Pustaka Pelajar.

Saragih, Sahat Sahala Tua. (2013). Diktat Mata Kuliah Wawancara. Jatinangor: Prodi Jurnalistik Fikom Unpad. Soehoet,A.H.M. (2003). Dasar-Dasar Jurnalistik.Jakarta : Penerbit Yayasan Kampus Tecinta-IISIP.

S.Padmosukotjo. (1961) . Ngengrengan Kasusastran Djawa I. Yogjakarta: Hien Hoo Sing Sri Hastjarja, Gunawan. (2005). Macapat. Sukaharja: Cendrawasih.

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta

96

Subalidinata, R.S. (1992). Eksistensi Geguritan Dalam Perempat Akhir AbadDua Puluh.Yogyakarta: Fakultas Sastra UGM

Subalidinata.R.S. (1994). Kawruh Kasusastran Jawa. Yogyakarta: Yayasan Pustaka Nusantara Suwardanijaya Sukirno. (2009).Sistem Membaca Pemahaman yang Efektif. Purworejo: UMP Press. Sejarah

Sumadiria, A.S. Haris. (2011). Jurnalistik Indonesia: Menulis Pawartos dan Feature, Panduan Praktis Jurnalis Profesional. Bandung: PT Remaja Rosdakarya Offset. Suwarno Pringgawidagda. ( 2001).SekarMacapat.Yogyakarta:UniversitasNegeriYogyakarta.

Tarigan, Henry Guntur. (1985). Pengajaran Gaya Bahasa. Bandung : Angkasa

Tarigan, Henry Guntur. (1985). Prinsip-Prinsip Dasar Sastra. Bandung: Angkasa Wahyudi, JB. 1985. Jurnalistik Televisi Tentang dan Sekitar Giyaran Pawartos TVRI.Bandung: ALUMNI W idyamartaya, Aloys.(2005). Menjadi Wartawan Muda. Yogyakarta: Pustaka Widyatama

www.infojawa.org,2005:2-3Diambil pada tanggal 22April 2015, dari www.infojawa.org, 2005:2-3

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta

97

Memayu Hayuning Basa, Sastra saha Budaya Jawa

PEMERINTAH DAERAH D. I. YOGYAKARTA DINAS PENDIDIKAN, PEMUDA, DAN OLAHRAGA Jalan Cendana 9 Yogyakarta 55166, Tlp, 541322/ Fax 513132

Related Documents

Wibawa Kelas X.pdf
January 2021 3
Pertukaran Kelas
February 2021 3
Pembagian Kelas
January 2021 11
Modul Kelas Acting
January 2021 1
Sap Kelas Ibu Balita
January 2021 1
Soal Sbk Kelas 8
February 2021 1

More Documents from "EkaPuspawati"