Uyon-uyon

  • Uploaded by: Ar
  • 0
  • 0
  • January 2021
  • PDF

This document was uploaded by user and they confirmed that they have the permission to share it. If you are author or own the copyright of this book, please report to us by using this DMCA report form. Report DMCA


Overview

Download & View Uyon-uyon as PDF for free.

More details

  • Words: 730
  • Pages: 10
Loading documents preview...
UYON-UYON Pangertosan saha jinisipun

Pangertosan Uyon-Uyon Uyon-uyon saking tembung “manguyuuyu” inggih menika pasugatan gendhing mirunggan ing acara Pahargyan Penganten utawi ing Pagelaran Ringgit purwa, inggih menika saderengipun Ki Dhalang miwiti makarya ndhalang, dipunwastani “patolan”.

JINISIPUN GENDHING A. Miturut Cara Panabuhipun: 1. Gendhing Soran: gendhing ingkang cara nabuhipun “sora” utawi “keras” ngginakaken ricikan (instrumen) awujud: Bonang Manggala, Demung, Ricik, Peking, Kethuk/kenong, Kempul/gong, saha Kendhang. 2. Gendhing Lirihan: gendhing ingkang ngginakaken ricikan/ instrumen ingkang cara nabuhipun “lirih” utawi alus” awujud: Gender, Rebab, Slenthem, Siter, Gambang, Suling, Kempul/gong, saha kendhang minangka pamurba irama. B. Miturut Pigunanipun (fungsi): 1. Gendhing minangka pangiring: gendhing ingkang kapurba dening wujud kesenian sanes kadosta: kangge ngiringi Upacara dhauping penganten, wayang kulit, kethoprak, wayang wong, ludruk, dhagelan, sendratari lsp. 2. Gendhing Madeg Piyambak: gendhing ingkang boten kapurba dening cabang kesenian sanesipun, upaminipun awujud: konser/festival/lomba krawitan, uyonuyon, gadhon, siteran, cokekan lsp.

C. Miturut Papan kangge Ngadani Uyon-Uyon:

1. Uyon-Uyon Adiluhung: katindakaken wonten ing Kagungan Dalem Bangsal Kasatriyan Karaton Ngayogyakarta, saben dinten malem Selasa Wage, marengi Tingalan Dalem Sri Sultan Hamengku Buwana X. 2. Uyon-Uyon Manasuka: katindakaken wonten ing Studio Kesenian RRI Cabang Madya Ngayogyakarta saben dinten Senin dalu seminggu sepisan. 3. Uyon-Uyon Nyampleng, Amung Raras, Arumdalu saha sanes-sanesipun ingkang katindakaken dening Radio Swasta kanthi muter kaset utawi VCD ingkang wekdalipun inggih boten saged katemtokaken.

MAKNANIPUN UYON-UYON Uyon-uyon menika pasugatan garaping gendhing ingkang dipunwahyaken saking mawarni-warni ricikan(instrumen) gamelan ingkang beda-beda wujudipun lan beda-beda cara nabuhipun, nanging ngginakaken titilaras saha pathet ingkang sami inggih menika ngungelaken salah setunggaling gendhing.

JINISIPUN RICIKAN GAMELAN (INSTRUMEN) MITURUT CARA NABUHIPUN 1. Instrumen pukul (keras): Inggih menika ricikan ingkang panabuhipun sora, pinanggih ing ricikan: Bonang Manggala, Bonang Panerus, Kethuk(kenong), Kempul(gong), Saron Demung, Saron Ricik, lan Saron Peking. 2. Instrumen pukul (lembut): Inggih menika ricikan ingkang cara nabuhipun lirih, alus(lembut) inggih menika: Slenthem, Gender, Gambang, Penerus, lsp. 3. Instrumen Gesek: Inggih menika ricikan rebab, menawi wonten ing musik Diatonis namanipun Biola.

4. Instrumen Petik:

Inggih menika ricikan Siter (crempung), menawi wonten musik diatonis kasebat Guitar. 5. Instrumen Tiup: Inggih menika ricikan ingkang panabuhipun dipunsebul utawi tiup, inggih menika suling, kadamel saking bambu wulung. 6. Instrumen Tepak(rampak): Inggih menika ricikan kendhang, wonten werni 3: kendhang ketipung, kendhang bem(bedhugan), lan kendhang batangan, jejeripun minangka pamangku wirama inggih menika ingkang kuwaos mranata wiramaning gendhing. Vokal: Suwantening paraga putri kasebat Waranggana (pasindhen), lan suwanten kakung kasebat Penggerong(wiraswara)

TULADHA CAKEPAN UYON-UYON GENDHING LADRANG “SRIWIDADA” Laras Pelog Pathet Barang: Umpak: Kolik priya priyagung Anjani suta, Tuhu eman wong cidra isih nom noman Mong ing tirta tirta wijiling sarira, Sapa baya banget ngudi kawruh basa Gerong: Padha gulangen ing kalbu Ing sasmita amrih lantip Aja pijer mangan nendra Kaprawiran den kaesthi Pesunen sariranira Cegah dhahar lawan guling

Umpak: Sekar pisang (tuntut), pisang sesajining karya (pulut) Patut lamun linulutan ing sasama Reca kayu (golekan), kayu pinindha wadana (topeng) Golekana pepengete wus kadriya. Gerong:Dadiya lakunireku Cegah dhahar lawan guling Lan aja asukan-sukan Anganggoa sawatawis Ala watake wong suka Sirna prayitnaning batin

Umpak: Sata wana (merak), umpak dedering curiga (mendhak) Merak mendhak ngestu pada mring Hyang Sukma. Tirta teja (kuwung), atmaja nata Ngalengka (Indrajit) Kekuwunge karya rujiting wardaya. Gerong:Yen wus tinitah wong agung Aja sira gunggung dhiri Aja caket lan wong ala Kang ala lakunireki Ora wurung ngajak-ajak Satemah anenulari.

KAWRUH BASA 1. 2. 3. 4. 5. 6. 7. 8. 9. 10. 11. 12.

Kolik priya : manuk kolik lanang (tuhu) Anjani suta : anake Dewi Anjani (R. Anoman) Mong ing tirta : sima (macan) ing banyu (baya) Tirta wijil ing sarira : kringet Sata wana : pitik jago ing alas (merak) Umpak dedering curiga : peranganing keris (mendhak) Tirta teja : tejaning banyu (kuwung) Atmaja nata Ngalengka : R. Megananda (Indrajit) Gulangen ing kalbu : nglatih rasa ing ati Amrih lantip : supaya landhep pikire (pinter) Prayitnaning batin : awas, ngati-ati ing sedaya tumindak Nggunggung dhiri : ngongasaken(ngalem) kaluwihaning dhiri pribadhi

GLADHEN Wangsulana pitakenan ing ngandhap menika ngangge basa Krama Alus! 1. Menapa ingkang dipunwastani gendhing soran?menapa kemawon ricikanipun kasebatna! 2. Kenging menapa dipunwastani gendhing lirihan? 3. Menawi ngungelaken gendhing lirihan, ngginakaken ricikan menapa? 4. Menapa ingkang dipunwastani “gendhing minangka pangiring?” 5. Menapa ingkang dipunwastani uyon-uyon? 6. Cakepan (syair) ing umpak-umpak ing gendhing Sri Widada wujud menapa? Saha Gerongipun wujud menapa? 7. Ingkang kasebat Anjani suta menika sinten? 8. Kenging menapa kok para mudha menawi tumindak cidra dipuneman? 9. Ginanipun menapa tiyang gesang kedah nggegulang ing kalbu? 10. Tiyang ingkang prayitna ing batin menika ingkang kados pundi?

More Documents from "Ar"