Gladhen Pat B.jawa Kelas Xii

  • Uploaded by: Nabilarahma Safitri
  • 0
  • 0
  • February 2021
  • PDF

This document was uploaded by user and they confirmed that they have the permission to share it. If you are author or own the copyright of this book, please report to us by using this DMCA report form. Report DMCA


Overview

Download & View Gladhen Pat B.jawa Kelas Xii as PDF for free.

More details

  • Words: 2,169
  • Pages: 11
Loading documents preview...
1. Wacanen teks anekdot ing ngisor iki Gawe Undang-Undang Parmin dolan menyang omahe sepupune sing jenenge Parlan. Dheweke manggon ing kutha. Ing sawijine esuk, Parmin ngajak tuku sarapan. Banjur kekarone numpak mobil lan Parlan sing nyetir. Ing prapatan bangjo lampune abang, nanging Parlan tetep bablas mlaku. Parmin banjur ngomong karo Parlan. Parmin : Lampu abang kok mlaku terus? Parlan : Halah, tenang wae. Ing nagri kene aku bisa gawe undang-undang og. Parmin : Kepiye carane? Sing gawe undang-undang rak ya DPR karo Pamarintah, ta? Parlan : (minggirake mobile) Parmin : Geneya kok minggir? Parlan : Arep mangsuli pitakonanmu kuwi. Parmin : Geneya kok kudu minggir? Parlan : (mobil mandheg, banjur ngrogoh sak clanane banjur ngetokake dompet sing dhuwite kandel banjur diselehke ing ngarepe Parmin) Iki wangsulane! Parmin : Oh…!!! (Parmin mangerteni maksude Parlan) Saka teks anekdot ing duwur, bagian krisis iso ditemoake ing ukara .... a. Parmin dolan menyang omahe sepupune sing jenenge Parlan. b. Ing prapatan bangjo lampune abang, nanging Parlan tetep bablas mlaku. c. Halah, tenang wae. Ing nagri kene aku bisa gawe undang-undang og. d. Kepiye carane? Sing gawe undang-undang rak ya DPR karo Pamarintah, ta? e. (mobil mandheg, banjur ngrogoh sak clanane banjur ngetokake dompet sing dhuwite kandel banjur diselehke ing ngarepe Parmin) Iki wangsulane! 2. Wacanen teks anekdot iki.

Saka teks anekdot “Gawe Undang-Undang” isine teks anekdot kasebut nggambarake .... d. Wong sing ora paham aturan. a. Wong sing ora ngajeni hukum. b. Wong sing ngregani hukum. e. Wong sing kendhel. c. Wong sing taat aturan. 3. Pangandikan basa Jawa kang nengsemake, ora mung awujud pocapan wae, nanging uga kabangun saka...

a. Unggah-ungguh b. Kapinteran c. Kawicaksanaan d. Kabagusan e. Polatan 4. Ing ngisor iki kang kalebu struktur teks anekdot kang komplit lan urut, yaiku... a. Orientasi – abstraks – krisis – reaksi – koda b. Orientasi – abstraks – krisis – koda – reaksi c. Abstrak – orientasi – krisis – reaksi – koda d. Abstrak – orientasi – reaksi – krisis – koda e. Abstrak – orientasi- koda – kriris – reaksi 5. Polisi : Ndi helmu? Yono : Ilang pak. Polisi : Nek ilang ya tuku to le, Beh!!! Yono : Lha piye arep tuku Pak, lha dhuwite wis digawa kancane sameyan nek prapatan mau. Polisi : waduh telat aku. Anekdot ing duwur kui nyindir . . . . a. Wong sing ora taat lalu lintas b. Polisi sing teges c. Polisi sing nylewengake tugas d. Wong sing arep damai e. Wong sing nyuap petugas 6. Asil cipta sastra, miturut wujude kaperang dadi telu, yaiku . . . . a. Gancaran, cerkak, lan sandhiwara b. Gancaran, guritan, lan sandhiwara c. Tembang, guritan, lan sandhiwara d. Tontonan, guritan, lan sandhiwara e. Babad, guritan, sandhiwara 7. Sandhiwara radio yaiku jinise sandhiwara sing mung bisa kasemak kanthi migunakake . . . . a. Antawacana b. Indra pangecap c. Indra pangrungu d. Audio visual e. Perkakas kang canggih 8. Pungkasane karampungan pasulayan utawa dredah, ing struktur teks lakon diarani . . . . a. Jejer b. Pasulayan c. Pangudhare prakara d. Pungkasaning crita e. Owahing crita 9. Teks sandhiwara radio ora mbutuhake pituduh laku, ananging mbutuhake . . . . a. Kramagung b. Pituduh akting c. Pituduh pocapan d. Pituduh bloking e. Pituduh gladhen 10. Tumrap adegan lan kahanan kang ora bisa utawa angel diswarakake (umpamane kobongan, banjir, rasa, rupa) bisa dicritakake dening . . . . a. Sutradara b. Pamaraga c. Penulis naskah d. Narator e. Edhitor 11. Ludruk mujudake keseian khas daerah . . . . a. Jawa Tengah b. Jawa Timur c. Jawa Barat d. Kalimantan e. Sumatra 12. Cikal bakal ludruk yaiku . . . . a. Kesenian lerok b. Kesenian kethoprak c. Kesenian dhagelan

d. Kesenian lorek e. Kesenian merok 13. Sajian tembang-tembang kang diaturake dening para travesty diarani . . . a. Beksan b. Gambyong c. Dhagelan d. Bedhayan e. Tari remo 14. Sajian katelu ing tontonan Ludruk yaiku . . . . a. Tari remo b. Bedhayan c. Dhagelan d. Beksan gambyong e. Pangayubagya 15. Crita Ludruk akeh-akeh nggambarake saka crita . . . . a. Sejarah b. Legendha c. Crita rakyat d. Babad e. Kawula cilik 16. Tari pambuka ing pagelaran ludruk yaiku . . . . a. Tari srimpi b. Tari merak c. Tari remo d. Tari gambyong e. Tari kreasi 17. Para dhagelan ludruk biasane miwiti lawakane kanthi . . . . a. Lagu dolanan b. Tembang macapat c. Tembang kenangan d. Tembang campursari e. Ngidung jula-juli 18. Ludruk ora bisa diuwalake saka perjuangan bangsa Indonesia, awit . . . . a. Ora bisa ditlesih wektu laire lan sapa kang nyipta b. Ludruk minangka sarana propagandha nglawan penjajah c. Para nayaga ludruk wong lanang kabeh kang seneng berjuang d. Para pejuang seneng nonton pagelaran ludruk e. Sumber ceritane saka sejarah perjuanga nglawan penjajah 19. Tokoh ludruk kang dipateni Jepang yaiku . . . . a. Cak Kartolo b. Cak Kirun c. Cak Durasim d. Cak Supali e. Cak Agus Kuprit 20. Titikane crita ludruk yaiku . . . . a. critane nggambarake kahanane masyarakat Jawa Timur b. critane nggambarake siagane para pahlawan nglawan penjajah c. critane nggambarake panandhanging kawula cilik d. critane kapethik saka babad tanah Jawa e. critane kapethik saka Ramayana lan Mahabharata 21. Umume crita ing kethoprak nduweni struktur utawa wangunan kang dumadi saka . . . . a. dhagelan, jejer, pasulayan, perang, lan wasana b. dhagelan, jejer, perang, pasulayan, lan wasana c. jejer, pasulayan, dhagelan, perang lan wasana d. jejer, dhagelan, pasulayan, perang, lan wasana e. jejer, perang, dhagelan, pasulayan, lan wasana 22. Minangka teater rakyat, sandhiwara ludruk mekar lan ngrembaka bebarengan karo kahanane masyarakat pendhukunge. Mula, basal an sastra sajrone sandhiwara ludruk salaras karo masyarakat Jawa Timur utamane . . . . a. Kediri b. Blitar c. Solo d. Surabaya

e. Jogjakarta 23. Titikane basal an sastra ludruk, uga padha karo titikane masyarakat Jawa Timur kang nduweni sipat tinarbuka lan apa anane (ceplas-ceplos), mula guneman ing ludruk . . . . a. Migunakake basa kang lungit b. Migunakake lelewaning basa c. Dadi spontan lan prasaja d. Dadi kaku kebak tatanan e. Tansah cengengesan 24. Miturut etimologi diarani tontonan kethoprak asale saka swarane kethuk lan. . . . a. Koprak b. Keprak c. Krapak d. Kropok e. Lerok 25. Pagelaran kethoprak kawiwiti kanthi gendhing lan lelagon . . . . a. Pangayubagya b. Jula-juli c. Bedhayan d. Kidungan e. Parikan 26. Kethoprak wiwit kagelar kanthi jangkep minangka totonan kang ditanggap (profesional) wiwit taun . . . . a. 1909 b. 1908 c. 1907 d. 1906 e. 1905 27. Ricis : Hooh apik, tapi sawangen kuwi regane. Melody : Alah iki durong sepiro, nek omahku ana seng luwih larang. Ricis : Piro regane ? Melody : 900 ewu. Ricis : Halah, rego sakmono kok dibanggakne. Pengen ngerti sing luwih larang ora ? Melody : Piro regane sing luwih larang ? Ricis : 1 milyar. Melody : Biyuh larange. Klambi opo kuwi ? Ricis : Klambi tahanan KPK. Melody : Kok iso ? Ricis : Iyolah, politisi kae kudu njupuk duwite rakyat minimal 1 milyar lagek oleh gawe klambi kuwi Melody : Owalah ngono to, larang yo.

Sumber: https://satriabajahitam.com/contoh-teks-anekdot-singkat/ Ing ngisor iki isi anekdot Klambi Larang yaiku nggambarake . . . . a. Nggambarake katresnane Ricis marang Melody b. Nggambarake nengsemake wong kang maca c. Nggambarake aja dadi koruptor d. Nggambarake makna crita trenyuh e. Nggawe susah wong kang ngrungokake 28. Salah siji paraga kondhang kang ngleluri Ludruk luwih saka 40 taun yaiku . . . . a. Cak Margono b. Cak Narto c. Cak Sartolo d. Cak Martoyo e. Cak Kartolo 29. Ing ngisor iki kang kalebu struktur teks anekdot kang komplit lan urut, yaiku . . . . a. Koda, orientasi, reaksi, abstrak, krisis b. Krisis, reaksi, abstrak, abstrak, orientasi c. Abstrak, krisis, koda, orientasi, re-orientasi d. Abstrak, orientasi, krisis, koda, reaksi e. Abstrak, orientasi, krisis, reaksi, koda

30. Sampah elektronik kudu diolah kanthi bener lan pamisahane komponen kudu diseleksi kanthi bener. Amarga ana zat-zat sing mbebayani ing sajroning komponen elektronik sing mbutuhaken penanganan khusus lan ora bisa kacampur karo sampah liyane. Ukara ing dhuwur cuplikan saka . . . . a. Dudutan b. Pambuka c. Isi d. Deskripsi e. Koda 31. Sarman iku minangka bau tengene Pak Sinto. Tembung bau tengen tegese …. a. Buruh b. Tenaga kasar c. Tangan tengen d. Tangan sing ambu e. Wong sing dipercaya 32. Ukara ing ngisor iki kang ora kelebu ukara wutuh yaiku .... a. Sing klambi abang kae senengane mangan bakso. b. Ing plataran sekolah sisih mburi wetan. c. Bagus banget bocah sing sregep sinau kui. d. Panas ati iki nyawang kanca diapusi. e. Wingi sore kucingku manak pitu. 33. Wis ana telung sasi, Paini lunga menyang Taiwan ninggalne anak bojone. Tembung lunga ing ukara kasebut kalebu .... a. Jejer b. Wasesa c. Lesan d. Katrangan e. Wutuh 34. Pangandikan basa Jawa kang nengsemake, ora mung awujud pocapan wae, nanging uga kabangun saka... a. Unggah-ungguh b. Kapinteran c. Kawicaksanaan

d. Kabagusan e. Polatan 35. A : Panjenengan rawuh kala manapa, Pak? B : .... Ukara sing trep kangggo mangsuli pitakon ing ndhuwur, yaiku .... a. Kala wingi sonten anggen kula dugi. b. Kala wingi sonten anggen kula rawuh. c. Kala wingi sonten anggen kula dhateng. d. Kala wingi sonten anggen kula teka. e. Kala wingi sonten kula rawuh. 36. Pamungkasane pasulayan utawa dredah jrone carita adate dijlentrehake ing babagan . . . . a. Pangudharan b. Pambuka c. Panutup d. Coda e. Pasulayan 37. Pungkasane karampungan pasulayan utawa dredah, ing struktur teks lakon diarani . . . . a. Resolusi b. Orientasi c. Komplikasi d. Coda e. Revolusi 38. Piwulang luhur kang dikandhut ing crita. Adate dijlentrehake ing babagan . . . . a. Tema b. Amanat c. Alur d. Paraga e. Latar 39. Ngubak-ngubak banyu bening, ukara kasebut kalebu . . . .

A.

Bebasan

D. Parikan

B.

Paribasan

E. Saloka

C.

Wangsalan

40. Bab pokok sing mbedakake antarane teks lakon karo teks prosa gancaran liyane yaiku anane . . . . ing teks lakon. a. Urutan crita b. Tema c. Wewarah d. Antawacana e. Irah-irahan 41. Sing kalebu basa rinengga, kajaba . . . . A. Tembung Saroja B. Saloka C. Enjambemen D. Wangsalan E. Tembung Entar 42. Apa kowe kepingen dadi bocah bodho? Ukara kasebut kalebu ing gaya bahasa .. A. retoris B. metafora C. litotes D. personifikasi E. paradox 43. Ringkesan kang wigati saka pengamatan kang ditindakake diarani . . . a. dudutan b. lelandhesan panaliten c. wosing isi d. pangarep-arep e. ancas panaliten

44. Pangandikan basa Jawa kang nengsemake, ora mung awujud pocapan wae, nanging uga kabangun saka... a.

Unggah-ungguh

b.

Kapinteran

c.

Kawicaksanaan

d.

Kabagusan

e.

Polatan

45. Bagian kang biasane nyritaake papan panggonan utawa wayah kedadeane perkara kang ana ing crita cekak diarani .... a. Tema b. Alur c. Latar d. Paraga e. Amanat 46. Ing wayah sore, ana bocah sing lagi nglamun ing taman. Wayah iku, dheweke ora sengaja ndelok anak lan bapakke mlaku-mlaku sore. Bocah mau rumangsa meri karo anak sing katon ngalem marang bapake. Nyawang kahanan kang kaya mengkono, bocah kuwi banjur nangis sesengukan kelingan bapake. Latar kahanan kang kagambar ing narasi drama dhuwur yaiku …. a. Taman kang kebak wong. b. Anak sing njalok gendong. c. Bapak sing ngerih-erih anake d. Bocah sing lagi kangen bapake. e. Wayah sing wis manjing sore. 47. Sapa sing ora kenal karo Pak Sartono sing lucu, sumeh,lan pinter. Sanajan rada endhek justru malah bisa njangkepi. Manawa Pak Sartana iku minangka guru sing diidholakake muride.Lucu lan penyayang. Bar maca tuladhane Pak Sartono kuwi kita bisa nggambarake watak paraga sing kapriye? a. Dramatik b. Antagosis c. Analitik

d. Campuran e. Utama 48. Bengi kuwi jenenge Markonah wis dadi kembang lambe ing Dukuh Cengkeh. Kembang lambe tegese …. a. Dadi pasulayan b. Dadi gawe c. Dadi pangggedhe d. Dadi omongan e. Dadi bayan 49. Langit wulan Desember tansah peteng kaya-kaya arep ambruk, dasar nganggo angin gedhe lan petir nyamber-nyamber. Bu Sri lan Sari mlayu-mlayu golek panggonan kanggu ngiyup supaya dagangane ora teles amarga udan. Ukara kang katulis ing pethilan kasebut kalebu... a.

Artikel

b.

Resensi

c.

Deskriptif

d.

Puisi

e.

Cerkak

50. Reroncening kedadeyan kang ana sajroning crita diarani... a.

Penokohan

b.

Alur

c.

Tema

d.

Amanat

e.

Setting

51. Ing ngisor iki kalebu tembung entar, kang artine susah atine yaiku... a.

Umub getihe

b.

Putih rambute

c.

Dawa tangane

d.

Pingget atine

e.

Udan tangis

52. Mas, menawi ........ mbakyu sampeyan betakaken menika nggih. Basa kang digunakake yaiku … a.

kondur

b.

mulih

c.

ngalih

d.

lunga

e.

teka

53. Ukara pitakon kang ora mbutuhake wangsulan kang lumrahe katemokake ing teks anekdot diarani ukara . . . . a. retoris b. analitik c. faktatis d. deskriptif e. konotatif 54. kang adate migunakake tembung-tembung cekak aos, prasaja, lan gampang dimangerteni liyan uga diarani . . . . a. Teks anekdot b. Teks cerkak c. Perangan lelucon d. Perangan pacaturan e. Perangan sesorah 55. solah bawa utawa tingkah polahe pamaca kudu jumbuh karo isine teks diarani . . . . a. ekspresi b. pocapan c. gestur d. lafal e. nadha

Related Documents


More Documents from "ArintaChairaniBanurea"

Biologi Umum.pdf
January 2021 1
Referat Abses Otak
January 2021 0
Lp Gdd
March 2021 0